Mars

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Planit Mars

Cithakan:Infobox Planit Mars utawa Anggara ya iku planit kaping papat saka srengéngé. Jenengé dijupuk saka jeneng déwa prang Romawi, Mars. Planit iki asring diarani "planit abang" amarga yèn dideleng saka kadohan katon semu abang. Iki amarga anané wesi (III) oksida ing lumah planit Anggara.[1] Anggara iku planit kang isiné watu kanthi atmosfér kang tipis. Ing lumah Anggara ana kawah, gunung geni, lembah, ara-ara, lan tudung ès. Pèriodhe rotasi lan siklus musim Anggara mirib karo Bumi. Ing Planit Anggara ana Gunung Olimpus, gunung kang paling dhuwur ing Tata Surya, lan Valles Marineris, lembah paling amba ing Tata Surya. Saliyané iku, ing sisih lor ana cekungan Borealis ambané nganti tekan 40% lumah Anggara.

Lingkungan Anggara luwih bisa kanggo manggon urip tinimbang kahanane Planét Kejora. Sanajan mangkono, kahanan kaya iku ora cukup idhéal kanggo uripé manungsa. Suhu udara kang rada adhem lan tekanan udara kang sithik, ditambah manèh karo komposisi udara ing Anggara isiné karbondioksida, ndadékaké manungsa kudu nganggo piranti ambegan yèn kepéngin manggon ing kana. Misi-misi menyang planit abang iki, nganti tekan pungkasané abad kaping 20, durung bisa kasil nemu tipak panguripan ing kana, sanajan kang paling prasaja.

Planit duwé 2 satelit, ya iku Phobos lan Deimos. Planit iki mbutuhaké 686 dina kanggo ngubengi srengéngé. Planit iki uga nindakaké rotasi. Suwe rotasiné ya iku 25,62 jam.

Di planit Mars, ana fitur unik ing laladan Cydonia Mensae. Fitur iki wujudé kaya bukit yèn dideleng saka dhuwur katon kaya rai manungsa. Akèh kang nganggep yèn bukit iku bukti saka peradaban kang wis suwé musnah ing Mars, sanajan saiki wis kabukti yèn fitur iku mung kenampakan alam biyasa.

Ing mitologi Yunani, planit iki idhéntik karo déwa perang, ya iku Aries, putra Zeus lan Hera.

Ciri Fisik[besut | besut sumber]

Perbandhingan ukuran Bumi lan Mars.

Mars duwé jari-jari kira-kira setengahé jari-jari Bumi. Planit iki kurang madhet yèn dibandhingaké karo Bumi. Volume Planit Mars mung watara 15% lan massané mung 11% saka massa Bumi. Ambané luwih ciyut saka ambané laladan panggonan garing ing Bumi.[2] Mars luwih gedhé tinimbang Merkurius, nanging Merkurius luwih padhet. Mula rong planit iki nduwé tarikan gravitasi kang meh mirib ing permukaané. Gravitasi Mars luwih kuwat kira-kira kurang saka 1%. Ukuran, massa, lan gravitasi lumah Mars ana ing watarané Bumi lan Bulan (diaméter Bulan mung separoné diaméter Mars, yèn Bumi kaping pindhané; Bumi kaping sangané Mars, lan Bulan siji para sangané). Kenampakan lumah Mars wernané abang semu kuning téla amarga ana wesi(III) oksida, kang luwih misuwur kanthi aran hematite.[3]

Géologi[besut | besut sumber]

Miturut pengamatan orbit lan priksanan kumpulan meteorit Mars, lumah Mars kaisi basalt. Sapérangan bukti nuduhaké yèn sapérangan lumah Mars ngandhut silika kang luwih akèh tinimbang basalt biyasa, mirib watu andesit ing Bumi. lumah Mars akèh kang ditutupi awu besi(III) oksida kang marakake katon abang.[4][5]

Saiki Mars ora duwé medan magnet global,[6] nanging asil pengamatan nuduhaké yèn sapérangan kerak planit termagnetisasi, medan magnet global tau ana ing jaman biyèn. Salah siji téyori sing dibiwara taun 1999 lan diperiksa ulang ing Oktober 2005 (kanthi direwangi Mars Global Surveyor) nuduhaké yèn 4 miliyar taun kepungkir, dinamo Mars mandheg fungsine lan ndadèkaké medan magnete ilang.[7] Uga ana téyori yèn ana asteroid sing gedhé banget tau nabrak Mars lan matèni medan magnete.[8]

Inti Anggara, yang jari-jarinya diperkirakan sebesar 1.480 km, terdiri dari besi dan 14-17% sulfur. Inti besi sulfida ini cair. Lapisan di atas inti Anggara ya iku mantel silikat yang membentuk banyak objek tektonik dan vulkanik di Anggara, tetapi saat ini mantel tersebut wis tidak aktif. Di atas lapisan mantel ya iku kerak, yang ketebalan rata-ratanya sakiwa-tengené 50 km, dan ketebalan maksimumnya 125 km.[9]

Aktivitas géologi isih kadadéan Mars. Athabasca Valles iku panggonan miline lava wiwit 200 yuta taun kapungkur. Aliran banyu ing graben Cerberus Fossae ana watara 20 yuta taun kapungkur, kang dadi pratandha anané intrusi vulkanik.[10] Nalika 19 Fèbruari 2008, gambar kang diabadhikake déning Mars Reconnaissance Orbiter nuduhukae bukti anané longsor ing tebing kang dhuwuré 700 m.[11]

Lemah[besut | besut sumber]

Adhedhasar dhata saka wahana Phoenix, lemah Mars kapérang saka unsur magnesium, sodium, potasium, lan klorida. Nutrien iku bisa tinemu ing kebun Bumi lan wigati kanggo thukulé tanduran.[12] Percobaan kang dilakoni wahana Phoenix yèn lemah ing Mars ngandhut pH 8,3, lan uyah perklorat.[13][14]

Cerat bisa tinemu ing Anggara. Cerat anyar asring ana ing pèrèng curam kawah, palung, lan lembah. Cerat wiwitane wernané peteng saya suwé warna cerat dadi tansaya padhang. Kadhang-kadhang cerat methungul kanthi ukuran kang cilik banjur tambah amba nganti tekan atusan mèter. Cerat uga nututi pinggiran watu. Miturut téyori kang ana, cerat iku lapisan lemah awarna peteng ing ngisor kang ana amarga longsor utawa anané badhé awu.[15] Ana penjelasan liyané kang ana gegayutane karo banyu lan thukulé organisme.[16][17]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ "The Lure of Hematite". Science@NASA. NASA. March 28, 2001. 
  2. ^ Williams, David R. (September 1, 2004). "Mars Fact Sheet". National Space Science Data Center. NASA. 
  3. ^ Peplow, Mark. "How Mars got its rust". BioEd Online. MacMillan Publishers Ltd. 
  4. ^ Christensen, Philip R.; et al. (June 27, 2003). "Morphology and Composition of the Surface of Mars: Mars Odyssey THEMIS Results". Science 300 (5628): 2056–2061. Bibcode:2003Sci...300.2056C. PMID 12791998. doi:10.1126/science.1080885.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  5. ^ Golombek, Matthew P. (June 27, 2003). "The Surface of Mars: Not Just Dust and Rocks". Science 300 (5628): 2043–2044. PMID 12829771. doi:10.1126/science.1082927. 
  6. ^ Valentine, Theresa; Amde, Lishan (2006-11-09). "Magnetic Fields and Mars". Mars Global Surveyor @ NASA. 
  7. ^ "New Map Provides More Evidence Mars Once Like Earth". NASA/Goddard Space Flight Center. 
  8. ^ Cithakan:Cite
  9. ^ Jacqué, Dave (September 26, 2003). "APS X-rays reveal secrets of Mars' core". Argonne National Laboratory. Dijupuk 2006-07-01. 
  10. ^ Mitchell, Karl L.; Wilson, Lionel (2003). "Mars: recent géological activity: Mars: a géologically active planit". Astronomy & Geophysics 44 (4): 4.16–4.20. Bibcode:2003A&G....44d..16M. doi:10.1046/j.1468-4004.2003.44416.x. 
  11. ^ "Mars avalanche caught on camera". Discovery Channel. Discovery Communications. 2008-03-04. Dijupuk 2009-03-04. 
  12. ^ "Martian soil 'could support life'". BBC News. June 27, 2008. 
  13. ^ Chang, Alicia. "Scientists: Salt in Mars soil not bad for life". USA Today. Associated Press. 
  14. ^ "NASA Spacecraft Analyzing Martian Soil Data". JPL. 
  15. ^ "Dust Devil Etch-A-Sketch (ESP_013751_1115)". NASA/JPL/University of Arizona. 2009-07-02. 
  16. ^ Schorghofer, Norbert; Aharonson, Oded; Khatiwala, Samar (2002). "Slope streaks on Mars: Correlations with surface properties and the potential role of water". Geophysical Research Letters 29 (23): 41–1. Bibcode:2002GeoRL..29w..41S. doi:10.1029/2002GL015889.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  17. ^ Gánti, Tibor; et al. (2003). "Dark Dune Spots: Possible Biomarkers on Mars?". Origins of Life and Evolution of the Biosphere 33 (4): 515–557. Bibcode:2003OLEB...33..515G.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung); Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)

Pranala njaba[besut | besut sumber]