Cakalang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Iwak Cakalang)
Iwak Cakalang
Katsuwonus pelamis.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Actinopterygii
Ordho: Perciformes
Famili: Scombridae
Génus: Katsuwonus
Kishinouye, 1915
Spésies: K. pelamis
Jeneng binomial
Katsuwonus pelamis
(Linnaeus, 1758)

Ulam cakalang utawi Katsuwonus pelamis punika ulam kanthi ukuran sedeng saking familia Scombridae (tuna) [1]. Ulam cakalang punika satunggaling ulam spésies saking génus Katsuwonus. Cakalang ingkang paling ageng, dawanipun awak ngantos dumugi 1 mèter kanthi bobot langkung saking 18 kg. Nama sanès saking ulam cakalang inggih punika cakalan, cakang, kausa, kambojo, karamojo, turingan lan wonten ugi ingkang mastani ulam tongkol. Wonten ing Basa Inggris kawentar kanthi nama skipjack tuna.

Ulam cakalang kalebet jinising ulam perenang rikat lan kagungan sipat managan ingkang rakus. Ulam jinis punika asring damel gerombolan ingkang sesarengan nglampahi ruaya ing kiwa-tengené pulo utawi jarak ingkang tebih lan remen ngalawan arus toya. Ulam cakalang saged damel gerombolan ing perairan pelagis kanthi jeronipun dumugi 200 m. Ulam punika pados panganan adhedhasar paningal lan rakus dhateng mangsanipun [2].

Morfologi[besut | besut sumber]

Collete ngandharaken bilih ciri morfologi ulam cakalang punika awakipun awujud fusiform, ndawa, lan radi bunder, cacahing talis insang 53-63 ing helai kapisan[1].

Ulam cakalang kagungan kalih sirip punggung ingkang kapisah. Ing sirip punggung kapisan wonten 14-16 jari-jaris atos, jari-jari lemah ing sirip punggung kaping pindho kadherekan 7-9 finlet. Sirip dhadha cendhak, wonten kalih flops ing selaning sirip weteng. Sirip anal kadherekan 7-8 finlet. Awakipun boten kagungan sisik kejawi wonten ing barut awak utawi corselets lan lateral line wonten titik-titik alit. Pérangan punggung awarna biru radi ireng, ing sisih ngandhap lan weteng radi perak kanthi 4-6 garis-garis warni ireng dawa ing sisihing awak [1].

Panyebaran[besut | besut sumber]

Suhu ingkang ideal kanggé ulam cakalang inggih punika saking 26 - 32 derajat Celcius. Lajeng suhu ingkang cocog kanggé pemijahan punika 28 - 29 derajat Celcius kanthi salinitas 33 persèn [2].

Ulam cakalang padatanipun wonten ing segara tropis lan subtropis ing Samodra Hindia, Samodra Pasifik, lan Samodra Atlantik. Cakalang boten kapanggih wonten ing lor Laut Tengah. Gesang kanthi damel gerombolan kanthi gunggung ingkang ageng (dumugi 50 èwu ekor ulam). Panganan ulam cakalang punika arupi crustacea, cephalopoda, lan moluska. Cakalang kalebet mangsa kanggé ulam-ulam ageng sanèsipun ing zona pelagik punika, mliginipun iwak hiu [1].

Kaginaan[besut | besut sumber]

Ulam cakalang punika ulam kanthi aji komersial inggil. Saged dipunsadé kanthi wujud ingkang taksih seger, lan saged ugi dipun-prosès dados ulam kalèng, ulam garing, lan ulam beluk. Wonten ing Basa Jepang, cakalang dipunwastani katsuo. Ulam cakalang dipun-prosès kanggé damel katsuobushi punika kalebet bahan utama dashi (kaldu iwak) kanggé masakan Jepang. Katsuobushi punika panganan ingkang dipunawètaken kanthi bahan bakuning ulam cakalang. Katsuobushi dipunserut kados serutan kayu lajeng dipunpendhet kaldunipun. Ulam cakalang ing Manado dipundamel awet kanthi cara pengasapan, ingkang dipunwastani cakalang fufu (cakalang beluk)[1].

Ulam cakalang punika ulam ingkang sampun dipun-konsumsi tiyang Jepang awit jaman kuno. Ing situs penggalian kados ing Hachinohe (Prefektur Aomori) kapanggih tilas cakalang dipundhahar déning tiyang jaman Jomon[1].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f [1], (id) http://www.iftfishing.com (dipun-akses tanggal 27 November 2012).
  2. ^ a b [2], (id) Ikan cakalang (dipun-akses tanggal 03 Dhésèmber 2012).