Menyang kontèn

Cleopatra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Cleopatra VII Philopator (Yunani: Κλεοπάτρα Φιλοπάτωρ; Januari 69 SM12 Agustus 30 SM) punika ratu Mesir Kuna, anggota kantun piyambak saking wangsa Ptolemeus. Éwadéné kathah ratu Mesir sanès ingkang ngginakaken namanipun, panjenenganipun ingkang dipuntepangi kanthi asma Cleopatra, lan sadaya ingkang ngrumiyini kanthi asma sami mèh dipunsupèni tiyang.

Sanajan piyambakipun nyandhang gelar Mesir Kina Pirngon, basa utamanipun inggih basa Yunani; awit sampun sawatara abad sadèrèngipun jumeneng nata, para ratu-ratu Mesir sampun dados katurunan Yunani (= Helenistis) lan sanès kaum pribumi Mesir. Pangadegan kaum ningrat abasa Yunani ing Mesir sangkanipun saking rawuhipun Alexander Agung kirang langkung 300 taun sadèrèngipun. Cleopatra jaréné anggota kulawarganipun ingkang kapisan ingkang sinau basa Mesir. Wangsa Ptolemeus punika nglestantunaken warisan Yunani lan nglantaraken agama Mesir, kamangka kang ndunungi Mesir nganggé aksara Demotik kanggé nyerat, sistèm panyeratan kina mawa hieroglif ingkang utamanipun dipuntrapaken déning para pandhita, sapunika boten dipuntrapaken malih. Cleopatra meluk agama Mesir lan muja Déwa-Dèwi Mesir. Dèwi utamanipun punika Isis lan nalika jumenengipun, tiyang-tiyang sapraja pitadhos manawi Cleopatra punika titisanipun Dèwi Kawicaksanan.

Panjenenganipun punika panguwaos Mesir sesarengan kaliyan ramanipun Ptolemeus XII, sedhèrèk kakung ugi garwanipun: Ptolemeus XIII lan Ptolemeus XIV, lan pungkasanipun ingkang putra Caesarion. Cleopatra saged ngatasi kudhéta ingkang dipunrancang déning pendhèrèk sedhèrèk kakungipun kanthi sekuton kaliyan Julius Caesar lan dipunlajengaken déning Mark Antony. Cleopatra gadhah 1 putra saking Julius Caesar lan 3 putra saking Mark Antony (kalih ing antawisipun punika kembar).

Cleopatra nglalu (suduk salira) ing wekdal Augustus (Octavianus) dados ratu lan nyerang Mesir, kanthi cara nglebetaken tanganipun piyambak ing kranjang kebak sawer ingkang gadhah wisa (asp / satunggaling jinis Cobra asal Afrika Lér). Cariyos gesangipun asring dipundramatisasi wonten ing warni-warni wangun karya (seni), kalebet "Antony and Cleopatra" saking William Shakespeare lan sapérengan filem modérn.

Mangsa alit

[besut | besut sumber]
Sarasilah kulawargi Cleopatra

Namung sakedhik ingkang dipunmangertos prakawis mangsa alitipun Cleopatra, Cleopatra punika turunan Yunani, sanès katurunan Mesir. Panjenenganipun dipunwiyosaken ing wiwitan taun 69 SM, putri nomer 3 saking 6 putra lan miyos ing kalangan Dinasti Ptolemaik Yunani. Panjenenganipun gadhah kalih mbakyu lan satunggal rayi putri sarta kalih rayi kakung. Panjenenganipun dipunwiyosaken lan ageng wonten ing Alexandria, kitha paling ageng lan paling méwah ing wekdal punika.

Karajan saking ramanipun Cleopatra boten aman amargi tekanan lan konflik saking njawi lan saweg rebutan panguwaos, sarta konflik salebeting karajan kados papréntahan séntralisasi lan korupsi pulitik. Prakawis punika njalari pambalélan lan icalipun Siprus lan Cyrenaica ingkang njalari mangsa panguwaosipun Ptolemeus dados salah satunggal ingkang paling fatal ing wangsa mau. Samangsa alit, Cleopatra sampun mirsani pasatron kulawarganipun piyambak. Kacariyos bilih ramanipun kalis saking 2 upaya panyédanan nalika satunggaling réncang manggihi sawer ingkang wisanipun mandi sanget ing pasaréyanipun lan réncang ingkang nyicipi unjukan anggur bendaranipun pejah. Mbakyunipun ingkang nomer satunggal, Tryphaena ugi nyobi ngracun Cleopatra saéngga panjenenganipun wiwit ngginakaken juru cicip. Nalika panjenenganipun yuswa welasan taun, panjenenganipun nyeksèkaken dhawahipun ramanipun piyambak lan ramanipun dados bonéka Kakaisaran Romawi amargi awratipun utang ingkang inggil sanget, nanging taksih ngajeng-ajeng supados Romawi boten naklukaken Mesir. Kedadosan punika njalari Ptolemeus XII kausir rakyat saking Alexandria lan mlajeng dhumateng Romawi. Ing taun 58 SM, ibunipun, Cleopatra V mendhet alih papréntahan sesarengan kaliyan putranipun, Berenice IV kanthi pitulung gubernur Suriah ingkang dipunkuwaosi Romawi, Aulus Gabinius salaminipun setaun ngantos ibunipun mangkat, lajeng Berenice IV mréntah piyambak. Ptolemeus XII nggulingakén putri ingkang paling sepuh taun 55 SM lan ngukum pejah putrinipun, Berenice IV. Mbakyu Cleopatra sanèsipun, Tryphaena mendhet singgasana lan boten dangu salajengipun panjenenganipun mangkat ingkang nyisakaken Cleopatra kaliyan garwa lan rayinipun, Ptolemeus XIII dados panerus singgasana.

Saking ramanipun, Ptolemeus XII, Cleopatra mangertosi kekiyatan leluhuripun. Leluhuripun sampun ngayahi panaklukan ingkang ngédap-édapi, améh tigang abad kapengker.

Minggah singgasana

[besut | besut sumber]

Ptolemeus XII surud dalem ing wulan Maret taun 51 SM, njalari Cleopatra ingkang wekdal samanten yuswanipun kirang langkung 18 taun lan Ptolemeus XIII 12 taun dados pamimpin gabungan. Tigang taun sepindhah panguwaosanipun awrat amargi masalah ékonomi, kaluwèn, banjir bengawan Nil lan konflik pulitik. Éwadéné Cleopatra bebrayan kaliyan rayinipun piyambak, Cleopatra nedahaken bilih panjenenganipun boten gadhah karsa kanggé ngedum kakuwaosan kaliyan garwanipun punika.

Kalèngsèraken saking singgasana

[besut | besut sumber]

Ing wulan Agustus taun 51 SM, sesambetan antawis Cleopatra lan garwanipun risak. Cleopatra ngandhapaken asma Ptolemeus saking dhokumèn resmi lan sliranipun muncul piyambak ing arta koin ingkang wonten ing njawi tradhisi Ptolemaik ingkang nelaaken bilih pamimpin wanita ing andhaping pamimpin kakung. Prakawis punika ngasilaken golongan wadi tiyang ingkang boten kalebet ing pura, kapimpin déning tiyang kedhi Pothinus, ngandhapaken Cleopatra saking kakuwaosan lan ndadosaken Ptolemeus pamimpin ing taun 48 SM (utawi langkung awal, lan wonten satunggaling dekrit ing taun 51 SM kanthi asma Ptolemeus piyambak). Panjenenganipun nyobi mbaléla ing sacelakipun Pelusium, nanging kepeksa mlajeng saking Mesir kaliyan adhik sanèsipun, Arsinoë.[1]

Minggah singgasana malih

[besut | besut sumber]
Cleopatra kepanggih kaliyan Caesar

Nalika Cleopatra tindak saking Mesir, Pompey tumut ing perang sadhèrèk Romawi. Ing mangsa palastra taun 48 SM, Pompey mlajeng saking wadya-bala Julius Caesar tumuju Alexandria lan pados pangayoman. Ptolemeus ing wekdal samanten yuswa 15 taun lan nengga rawuhipun. Ing tanggal 28 September 48 SM, Pompey dipunpejahi déning salah satunggaling tilas opsiripun piyambak ingkang wekdal punika nyambut damel kanggé Ptolemaik. Panjenenganipun dipunpenggal ing ngajengipun garwa lan putranipun, wonten ing kapal dèrèng dangu Panjenenganipun medhak. Ptolemeus menggalih bilih kanthi mréntahaken mejahi Pompey punika ndamel bingahipun Julius Caesar. Prakawis punika dados klèntunipun Ptolemeus ingkang ageng. Nalika Caesar dumugi ing Mesir kalih dinten sasampunipun, Ptolemeus maringaken dhateng Pompey. Caesar ingkang mirsani prakawis punika sakelangkung duka amargi senaos kanyatan bilih Panjenenganipun mengsah pulitik Caesar, Pompey punika konsul Roma lan dhudha saking putri Julius Caesar, Julia. Caesar nguwaosi kutha krajan Mesir lan ndadosaken wasit saking klaim antawisipun Ptolemeus lan Cleopatra.

Cleopatra mendhet kasempatan punika lan wangsul dhumateng pura, kapanggih kaliyan Caesar. Dipunpitados bilih Caesar kesengsem déning langkahipun, lan Cleopatra dados pacanganipun. Sangang wulan sasampunipun pepanggihan punika Cleopatra babaran. Ing wekdal samanten, Caesar nilar gagasanipun kanggé nggabungaken Mesir, lan nyengkuyung klaim Cleopatra dhumateng singgasana. Sasampunipun perang sadhèrèk sakedhap, Ptolemeus XIII kesilep wonten ing bengawan Nil lan Caesar mangsulaken Cleopatra ing tahtanipun, kanthi rayi sanèsipun Ptolemeus XIV dados wakil pamimpin énggal.

Sesambetan Cleopatra kaliyan Julius Caesar

[besut | besut sumber]

Éwadéné bèntenipun yuswa Cleopatra lan Julius Caesar 30 taun, Cleopatra lan Caesar dados pacangan salaminipun Caesar wonten ing Mesir taun 48 SM dumugi 47 SM. Pepanggihanipun nalika Cleopatra yuswa 21 taun lan Caesar yuswa 50 taun. Ing tanggal 23 Juni 47 SM, Cleopatra miyosaken Ptolemeus Caesar (kasebat "Caesarion" ingkang tegesipun "Caesar alit"). Cleopatra klaim Caesar punika ramanipun lan ngajeng-ajeng putra punika dados ahli waris, nanging Caesar nampik lan langkung milih wayah jaleripun, Octavian. Caesarion dipunmaksudaken kanggé marisi Mesir lan Romawi, nyetunggalaken wétan lan kilèn.

Cleopatra lan Caesarion nuwèni Roma ing taun 47 SM dumugi taun 41 SM lan rawuh nalika Caesar dipunpejahi tanggal 15 Maret 44 SM. Sadèrèngipun utawi sasampunipun kadadosan rajapati punika panjenenganipun kondur dhumateng Mesir. Nalika Ptolemeus XIV mangkat amargi gerah, Cleopatra ndadosaken Caesarion panerusipun. Kanggé njagi panjenenganipun lan Caesarion, rayinipun Arsinoe lajeng kaprejaya.

Sesambetan Cleopatra kaliyan Mark Antony

[besut | besut sumber]
Anthony lan Cleopatra, dipundamel déning Lawrence Alma-Tadema.

Ing taun 42 SM, Mark Antony, salah satunggiling panguwaos ing Roma sasampunipun Caesar mangkat, ndhawuhi Cleopatra pepanggihan ing Tarsus kanggé njawab pitakènan kasetyanipun. Cleopatra rawuh lan ndamel Antony kasengsem, ingkang njalari Anthony lajeng nelasaken mangsa asrep taun 41 SM40 SM kaliyan Cleopatra ing Alexandria. Ing tanggal 25 Dhésèmber 40 SM, Cleopatra miyosaken 2 putra/putri, Alexander Helios lan Cleopatra Selene II.

Sekawan taun salajengipun, taun 37 SM, Antony nuwéni Alexandria sepindhah malih kanggé perang kaliyan Parthian. Panjenenganipun ngénggalaken sesambetanipun kaliyan Cleopatra, lan wiwit wekdal punika Alexandria dados dalemipun. Panjenenganipun ijab kaliyan Cleopatra miturut ritus Mesir (serat kakutip ing Suetonius ngusulaken punika), éwadéné panjenenganipun sampun gadhah garwa Octavia Minor ing Roma. Panjenenganipun lan Cleopatra patutan ingkang namanipun Ptolemeus Philadelphus.

Kanthi dhonasi Alexandria ing taun 34 SM, lan ugi serangan Anthony dhumateng Armenia, Cleopatra lan Caesarion dipunmakuthani dados wakil pamimpin Mesir lan Siprus. Alexander Helios dados pamimpin Armenia, Media, lan Parthia; Cleopatra Selene II dados pamimpin Cyrenaica lan Libya. Ptolemeus Philadelphus dados panguwaos Phoenicia, Suriah, lan Sisilia. Cleopatra ugi angsal gelar "Ratu atas Raja".

Tumindakipun Anthony kaanggep awon déning Romawi lan Octavian mbujuk sénat supados perang kaliyan Mesir. Ing taun 31 SM, wadya-bala Anthony ngadhepi serangan armada Romawi ing pasisir Actium. Kanthi kadadosan peperangan Actium, Octavian nyerang Mesir. Tanpa pengungsi sanès ingkang mlajeng, Anthony nglalu kanthi suduk slira nganggé pedhangipun piyambak, tanggal 12 Agustus 30 SM.

Kapejahan

[besut | besut sumber]
Gambaran pejahing Cleopatra déning Reginald Arthur.

Mark Antony nglalu ingkang njalari Cleopatra ugi nglalu. Boten dipunmangertos kadospundi piyambakipun séda, nanging miturut légendha, panjenenganipun mendhet kaputusan kanggé nglalu sasampunipun panjenenganipun ngrumaosi bilih panjenenganipun boten saged nyembadani tujuanipun. Panjenenganipun pejah jalaran kanthi sengaja nglebetaken tangan ing wakul isi woh ara ingkang sampun dipuntlesepi sawer kanthi wisa salangkung mandi saéngga panjenenganipun kacokot sawer wau. Ing detik pungkasan pejahipun, panjenenganipun nelakaken takdiripun dados dèwi.[2]

Putranipun Cleopatra, Caesarion klaim dados pirangon Mesir, nanging Octavian mimpang langkung rumiyin. Caesarion dipuncekel lan dipuneksekusi, takdhiripun kalaporaken kakunci déning pangandikan misuwur Octavian: "Kalih Caesar punika kekathahen." Prakawis punika ngakhiri garis pharaoh Mesir. 3 putra/putri saking Cleopatra lan Antony dipunapunten lan dipunbeta kondur dhumateng Roma lan dipunrawat déning garwanipun Anthony, Octavia Minor.

Pelayan Cleopatra, Iras lan Charmion ugi nglalu. Putrinipun Anthony, Octavia dipunapunten lan ugi putranipun, Iullus Antonius. Putranipun ingkang nomer satunggal, Marcus Antonius Antyllus, dipunpejahi nalika nyuwun kanggé ngagesang ing Caesarium.

Cleopatra ing kabudayan populér

[besut | besut sumber]
Elizabeth Taylor dados Cleopatra ing filem Cleopatra taun 1963

Carios Cleopatra sampun ndamel éram juru nulis lan artis. Cleopatra punika figur pulitik ingkang kiyat, ugi muncul dados tiyang ingkang saged sekuthon kaliyan 2 tiyang paling kiyat (Julius Caesar lan Mark Antony) ing mangsanipun. Cleopatra muncul ing buku, filem, novèl, drama, permainan video, lukisan lan serial télévisi. Contonipun ing drama Antony lan Cleopatra taun 1609 karyanipun William Shakespeare. Film sepindhahan ingkang wonten sesambetanipun kaliyan Cleopatra inggih punika Antony and Cleopatra kanthi Florence Lawrence dados Cleopatra. Film sepindhahan kanthi subyék Cleopatra, Ratu Mesir, dipunbintangi déning Helen Gardner. Kathah artis ingkang ugi ndadosaken Cleopatra obyék lukisanipun, contonipun Guido Cagnacci ingkang nglukis prekawis pejahing Cleopatra ing taun 1658

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Peter Green (1990). Alexander to Actium: The Historical Evolution of the Hellenistic Age. Berkeley: University of California Press. kc. 661–664. ISBN 0-520-05611-6.
  2. Smith, William (1867). Dictionary of Greek and Roman Biography and Mythology. Boston: Little, Brown & Company. kc. 802.

Réferénsi

[besut | besut sumber]
  • Ullman, Berthold L. (1957). "Cleopatra's Pearls". The Classical Journal. 52 (5): 193–201.

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]


Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA