Basoeki Abdullah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Basoeki Abdullah (Sala, 27 Januari 19155 November 1993) iku pelukis legendaris Indonésia. Pelukis iki putu saka Wahidin Sudirohusodo, tokoh Perobahan Kebangkitan Nasional Indonésia. Jenengé ditulis nganggo rong éjaan, ya iku “Basoeki” nganggo ejaan Van Ophuysen lan “Abdullah” nganggo aturan jaman saiki. Alesané, Lukisané asring arupa gambar-gambar sing ngepénakaké mata, ya iku sesawangan lan wanodya ayu.

Biografi[besut | besut sumber]

Wiwit cilik, Basoeki wis seneng nglukis. Ora mokal seneng nggambar amarga ramané, Abdullah Surosubroto, iku uga pelukis. Basoeki sinai ing HIS Katulik lan Mulo Katulik ing Sala. Kanthi pambiyantu saka Pastun Koch SJ, Basoeki Abdullah nampa beasiswa kanggo nerusaké pasinaon ing Akademi Seni Rupa ing Den Haag, Walanda. Dhèwèké ngrampungaké sinauné sajeroning telung taun lan antuk nugraha Sertifikat Seni Royal Internasional (RIA).

Ing jaman Jepang, Basoeki Abdullah mèlu Gerakan Poetra utawa Pusat Tenaga Rakyat. Ing obahan iki dhèwèké antuk tugas ngajar seni lukis. Murid-muridé antarané Kusnadi lan Zaini. Saliyané iku, Basoeki uga aktif ing Keimin Bunka Sidhosjo (punjer kabudayan Jepang ing Indonésia) bareng karo Affandi, Soedjojono, Otto Djaja, lan Basoeki Resobowo. Ing jaman révolusi, Basoeki manggon ing New Kerk, Amsterdam. Nalika Ratu Yuliana jumeneng nata dadi ratu ing taun 1948, Basoeki menang sayembara lukis lan ngalahaké 87 pelukis Éropah. Wiwit iku, Basoeki Abdullah kondhang. Ing taun 1974, Basoeki Abdullah manggon ing Jakarta.

Basoeki kawin kaping papat. Garwa sepisanan ya iku Yosephin (wong Walanda), banjur karo Maya Michel, So Mwang Noi, lan pungkasané Nataya Narerat.

Priyayi iki tilar ndonya disédani déning maling ing omahé. Saréyané ana ing Mlathi, Kabupatèn Sléman, Jogjakarta.

Seni[besut | besut sumber]

Lukisané manut ilèn naturalis lan gawé sing sarwa éndah. Saliyané nglukis, Basoeki Abdullah uga prigel nari lan kadhang kala main wayang wong didhapuk dadi Rahwana utawa Anoman.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Pelukis Indonésia