Menyang kontèn

Rida K. Liamsi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Rida K. Liamsi (lair ing Dabo, Singkep, Lingga, Kapuloan Riau, 17 Juli 1943; umur 81 taun) inggih punika salah satunggalipun sastrawan lan budayawan Melayu saking Indonésia. Namanipun sampun misuwur lumantar pakaryanipun awujud novèl lan geguritan ingkang dipunmot ing sawenèh ariwarta. Rida K. Liamsi punika kalebet sastrawan ingkang mandhégani wontenipun adicara pamaringan bebungah ing Festival Hari Puisi Indonésia ingkang kawiwitan taun 2014, ing Teater Kecil Taman Ismail Marzuki. Kajawi minangka sastrawan, piyambakipun ugi nelatèni minangka guru lan juru warta ingkang sapunika mangarsani Riau Pos.[1][2][3][4][5] Awit saking kaprigelan lan katokohanipun ing jagat sastra, Rida K. Liamsi sampun nampi kathah bebungah lan asring dipunulemi ing sawenèh adicara, saé ing Indonésia ugi manca nagari, minangka pawicara babagan kabudayan, mligi Melayu, ékonomi, lan sosial, sarta maosaken pakaryanipun, antawisipun ing Johor Bahru, Kuala Lumpur, Seoul, lan Hanoi.

Latar wingking

[besut | besut sumber]

Rida K. Liamsi lair ing Dabo, Singkep, Lingga, Kapuloan Riau surya 17 Juli 1943. Piyambakipun miwiti pedamelanipun minangka sekolah dhasar ing Kapuloan Riau, taun 1967 dumugi 1975. Piyambakipun panggiyat panyeratan karya sastra lan pawartos, ingkang nyawiji kaliyan sujarah lan karegengan jagat seni ing Kutha Tanjungpinang, dasawarsa 1960-an dumugi wiwitan dasawarsa 1980-an.

Minangka juru warta, piyambakipun naté nyambut damel ing Berita Buana taun 1972 dumugi 1973, kalawarta Tempo gangsal taun, lan ariwarta Suara Karya gangsal taun; sedayanipun kababar saking Jakarta. Salajengipun Rida K. Liamsi dipunpracaya mangarsani ariwarta minggon Genta Pekanbaru ing taun 1983. Ing kalangan bebrayan ageng para juru warta, piyambakipun naté nglenggahi minangka Katuwa Persatuan Wartawan Indonésia (PWI) Riau.

Ing taun, 1991, Rida K. Liamsi mangarsani Riau Pos. Dumugi taun 2015, sandandhapipun wewengkon Grup Riau Pos, Rida K Liamsi mangarsani 23 ariwarta, 5 portal, 5 télévisi, satunggal, radhio, lan panyawis jaringan maya; ingkang kasebar ing Sumatera pérangan lèr, ingkang kantor panceripun ing Provinsi Riau lan Kapuloan Riau.

Ing wewengkonipun Riau Pos ugi, Rida K Liamsi ngadegakén Yeyasan Sagang, awit taun 1997. Saben taun, yeyasan punika maringi bebungah kanggé para budayawan/seniman, karya, lembaga budaya, mligi kabudayan Melayu. Para panampi bebungah punika para seniman/budayawan lan lembaga ingkang kapirsan sampun ngayahi lelabetan ing kiprahipun kanggé kabudayan Melayu, kalebet saking nagari-nagari sarumpun, kados ta Malaysia, Singapura, Brunéi Darussalam, lan Thailand. Taun 2011, Majalah Sagang sampun nèken kasarujukan sayuk karya kaliyan kalawarta sastra saking Koréa Kidul, Sipyung.

Yeyasan Sagang uga ngadegakén Kalawarta Sagang, namung satunggalipun kalawarta kabudayan ing Indonésia. Awit taun 2010, yeyasan ingkang dipunpangarsani punika ugi ngemunah Akademi Kesenian Melayu Riau (AKMR), awit saking panyuwun pangemunah sadèrèngipun, inggih punika Yeyasan Pusaka Riau. Pawiyatan luhur punika, sapunika saweg ngupados saget mindhak dados Sekolah Tinggi Seni Riau.

Pakaryan

[besut | besut sumber]
  • Perjalanan Kelekatu (kempalan geguritan, 2007)
  • Rose (kempalan geguritan dwibahasa, Indonésia-Inggris, 2013)
  • Kurator Kempalan Geguritan Hari Puisi Indonésia, Matahari Cinta Samudera Kata (2016)
  • Prasasti Bukit Siguntang dan Badai Pulitik di Kemaharajaan Melayu, 1160-1946 (semi sajarah , 2016)
  • Megat (novèl, 2016)
  • Mahmud, Sang Pembangkang (semi sajarah, 2017)
  • Tempuling (kempalan geguritan, Yayasan Sagang, 2002)
  • Bulang Cahaya (novèl, JP Book Surabaya dan Yayasan Sagang, 2007)
  • Mandhégani Gerakan Ékonomi Kerakyatan Gerakan Sejuta Melayu
  • Mandhégani Festival Hari Puisi Indonésia
  • Mandhégani Festival Sungai Carang, Festival Budaya berlatar Sajarah
  • Mandhégani pambabaran ariwarta kanthi kca ingkang kathah piyambak, ariwarta Riau Pos, edhisi 28 Oktober 2014, 280 kaca

Pangaji

[besut | besut sumber]
  • Gelar Kehormatan Adat, Datuk Seri Lela Budaya saking Lembaga Adat Melayu Riau, 2015
  • Anggota Kehormatan Masarakat Sejarawan Indonésia, 2016
  • Rekor MURI. Pengusaha Media, lan juru warta utama
  • Gelar Seniman Perdana (SP) saking Dewan Kesenian Riau (DKR), 2010
  • Gelar Tokoh Sosio Budaya saking Dunia Melayu Dunia Islam (DMDI, 2008)
  • Entrepreneur of the Year 2015 saking KADIN Riau
  • Anggota Kehormatan Masarakat Sejarawan Indonésia, 2016
  • Pangaji-aji saking Bank Permata minangka Tokoh Budaya Nasional ndayani (2008)
  • Panggagas lan pangarsa Populis Ékonomi lan Budaya Melayu saking Pusat Studi lan Pengembangan Budaya Melayu, ingkang panceripun ing Yogyakarta, Indonésia (2009)

Ugu pirsani

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Jendela Sastra: Rida K. Liamsi, kapundhut 20 Mèi 2017
  2. Kemdikbud RI: Rida K Liamsi Luncurkan Novel Sejarah “Megat” Archived 2017-07-17 at the Wayback Machine., kapundhut 20 Mèi 2017
  3. Melalu Online: Rida K. Liamsi Archived 2017-02-23 at the Wayback Machine., kapundhut 20 Mèi 2017
  4. Lam Riau: Datuk Seri Lela Budaya H. Rida K Liamsi, kapundhut 20 Mèi 2017
  5. Batam Pos: Rida K Liamsi Nyalakan Api Wirausaha Anak Muda Tanjungpinang, kapundhut 20 Mèi 2017