Menyang kontèn

Rebo pungkasan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Laré alit nyanthèlaken Kupat Slamet ing nginggil konten minangka jimat tolak balak ing dinten Rebo Pungkasan.

Rebo Pungkasan utawi Rebo Wekasan inggih punika istilah kanggé dinten Rebo terakhir ing sasi Sapar ing pananggalan Hijriyah.[1]

Kagiyatan-kagiyatan ingkang dipun tindakaken ing dinten punika, antawisipun tahlilan (zikir sesarengan), sedhekah dhaharan arupi gunungan utawi slametan, kaliyan salat lidaf'il bala (tolak balak) sesarengan. Minangka perkembanganipun ing sawetawis kalangan Nahdlatul Ulama, salat lidaf’il bala punika éwah supados boten dipun niyataken kanggé mengeti Rebo Pungkasan, nanging dados salat sunat kados salat sanèsipun.[2][3]

Ing Daérah Istiméwa Yogyakarta, Rebo Pungkasan dipun wontenaken ing Alun-Alun Jejeran, Wanakrama, Bantul. Upacara kasebat dipun tindakaken ing Rebo Pungkasan sasi Sapar amargi ing tanggal kasebat, Mbah Kyai Usman Faqih (tokoh agami ing Plèrèt) ngawontenaken pepanggihan kaliyan Sri Sultan Hamengkubuwana I.[4]

Sajarah[besut | besut sumber]

Tradhisi Rebo Pungkasan wonten Indonesia umumipun dipun estuni wiwit ing abad kaping 17 ing masa Walisanga ingkang ngrujuk ing satunggaling kadis ingkang nanggepi kapercayan wontenipun kesialan ing sasi Sapar.[5] Déné sajarah Rebo Pungkasan ing Ngayogyakarta wonten sawetara vèrsi. Vèrsi kaping setunggal inggih punika gegandhèngan kaliyan pepanggihan Mbah Kyai Usman Faqih kaliyan Sri Sultan Hamengkubuwana I natkala njampèni tiyang-tiyang ingkang sakit kanthi cara ingkang dipun sebat "suwuk", inggih punika maosaken ayat-ayat saking Kuran wonten setunggal gelas toya, lajeng toya punika dipun unjuk. Vèrsi bentenipun minangka upacara ingkang dipun tindakaken wonten tempuran (panggènan pepanggihipun kalih lèpèn) lèpèn Gajah Wong kaliyan lèpèn Opak kanggé tolak balak salah satunggaling pageblug ingkang nglanda Kraton Mataram kanthi cara nglebetaken toya ajimat ingkang dipun angsal saking semedinipun Sultan Agung.[6]

Wonten ugi vèrsi ingkang nyariyosaken bilih upacara tradhisional wonten tempuran lèpèn Gajah Wong kaliyan lèpèn Opak kasebat sesambetan kaliyan mitos Sultan Agung natkala ngawontenaken pepanggihan kaliyan panguwaos pasisir kidul, inggih punika Nyi Rara Kidul.[7] Nanging amargi lajeng dipun raosaken ndadosaken pengaruh ingkang negatif, mila upacara punika dipun pindhahaken dados wujud arak-arakan gunungan lemper ingkang dipun iringi kirab.[8][9]

Kaistimewan Rebo Pungkasan[besut | besut sumber]

Acara Pethik Laut ingkang dipun wontenaken ing Banyuwangi.

Dinten Rebo Pungkasan limrahipun dados wiwiting rerangkéan upacara adat Saparan ingkang bibar wonten dinten Jumuwah Kliwon ing sasi Mulud, kados upacara Sedhekah Kupat kaliyan Babarit ing laladan Sunda, kadosta Kecamatan Dayeuhluhur, Kabupatén Cilacap. Kaistimewan Rebo Pungkasan inggih punika amargi dinten punika satunggaling dinten ingkang boten gumantung kaliyan dinten pasaran utawi neptu kanggé nindakaken salah satunggaling upacara adat, ingkang pundhi wonten adat Kajawen dinten pasaran kaliyan neptu punika wigatos sanget kanggé kaslametan kaliyan kasaénan satunggal acara. Konon, Rebo Pungkasan punika dinten duginipun 320.000 sumber penyakit kaliyan 20.000 marabebaya. Mila kathahipun upacara ingkang dipun tindakaken ing dinten punika nggadhahi sipat tolak balak.[10]

Rebo Pungkasan ing tanah Jawi[besut | besut sumber]

Rebo Pungkasan ugi dipun pengeti wonten pinten-pinten daérah ing Tanah Jawi, kadosta

  1. Sedhekah kupat ing tlatah Dayeuhluhur, Cilacap, Jawa Tengah. Ing acara punika, dipun damel gunungan kupat ingkang salajengipun dikirab. Sasampunipun konjuk donga sesarengan, kupat kasebat dipun dhahar sareng-sareng kaliyan panyarta, kalebet wargi ingkang ningali utawi miyos wonten acara punika.[11]
  2. Sedhekah bumi ing Desa Suci, Gresik, Jawa Wétan. Acaranipun inggih punika tumpengan, kaliyan salat sunat sesarengan. Wonten ugi ingkang nindakaken kegiyatan siram wonten sendhang ing wanci dalu.[12]
  3. Pethik laut Ing Kecamatan Kalipura, Banyuwangi, Jawa Wétan. Dinten Rebo Pungkasan dipun anggep minangka perayaan kalimpahan ulam. Perayaan punika ugi dipun anggep dados upaya kanggé nyegah balak dhateng para warigaluh natkala ing sagara.[13]
  4. Ngirab siram, ing daerah Cirebonan, Jawa Kilèn. Acara ngirab siram dipun wiwiti saking kalimrahan Sunan Kalijaga nyirami wargi ingkang sakit wonten lèpèn Drajat. Ngirab siram dados salah satunggaling kagiyatan saking rangkéan acara kadosta donga tolak balak, tawurji (sedhekah), kaliyan ndhahar apem.[14]
  5. Saparan ing sawetawis daérah, upaminipun ingkang dipun wontenaken ing Pulésari, Turi, Sléman, ingkang rupinipun kirab gunungan kanthi nglibataken bregada prajurit kaliyan masarakat.[15]
  6. Kaliyan wonten saking umat Islam ingkang nindakaken salat tartamtu.[16]

Dhaharan ingkang dipun damel wonten upacara Rebo Pungkasan limrahipun inggih punika kupat, apem, kaliyan tumpeng. Wonten ugi ingkang ndamel lonthong bumbu ladan[17] kaliyan bubur Sapar.[18]

Bubur Sapar ingkang limrah dipun sajikaken ing Jawi utawi Madura.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Hastuti, Wulan (2020). "Eksistensi Rebo Wekasan". Studi Agama-Agama UIN Sunan Gunung Djati Bandung. Diarsip saka sing asli ing 2022-12-25. Dibukak ing 2023-02-06.
  2. "Ibadah Khusus Rebo Wekasan, Bagaimana Hukumnya?". NU Online Jatim (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-06.
  3. Tradisi Rebo Pungkasan, Rabu Terakhir Bulan Safar. Archived 2019-08-26 at the Wayback Machine. dari situs emka
  4. "Rabu Pungkasan Ceremony | Cempaka Homestay". web.archive.org. 2011-11-21. Diarsip saka sing asli ing 2011-11-21. Dibukak ing 2023-02-06.
  5. Media, Kompas Cyber (2022-09-20). "Apa Itu Rebo Wekasan? Mengenal Berbagai Tradisi Tiap Rabu Terakhir di Bulan Safar Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-06.
  6. "Upacara Adat Rebo Pungkasan". budaya.jogjaprov.go.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-06.
  7. Meidinata, Nugroho (2022-09-20). "Asal Usul Rabu Wekasan, Tradisi Turun Temurun Masyarakat Jawa". Solopos.com.
  8. Media, Harian Jogja Digital. "Rebo Pungkasan Jadi Aset Wisata Penting di DIY". Harianjogja.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2023-02-06.
  9. Tradisi Rebo Pungkasan yang Masih Lestari. Archived 2019-03-06 at the Wayback Machine. dari situs Tembi
  10. Indonesia, C. N. N. "Tradisi Rebo Wekasan, Mitos Hari Paling Sial Sepanjang Tahun". gaya hidup (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-06.
  11. "Mengenal Sedekah Ketupat, Tradisi Turun-temurun di Cilacap Barat". Republika Online (ing basa Indonesia). 2022-09-22. Dibukak ing 2023-02-06.
  12. JawaPos.com (2022-09-20). "Pandemi Melandai, Tradisi Rebo Wekasan Gresik Digelar Terbuka Lagi". JawaPos.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-06.
  13. Rebo Pungkasan, Tradisi Syukuran Melimpahnya Ikan di Banyuwangi. dari situs Detik
  14. Administrator. "Ngirab Mandi Dalam Rangkaian Tradisi Rebo Wekasan Terancam Punah - Pikiran-Rakyat.com". www.pikiran-rakyat.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-06.
  15. Attamami, Masduki; Pranyoto, Victorinaus (2014-01-02). "Masyarakat Pulesari Gelar Adat Saparan Rebo Wekasan". Antara News. Dibukak ing 2023-02-06.
  16. "Mengenal Rebo Wekasan, Lengkap Beserta Tradisi dan Mitosnya". merdeka.com (ing basa Inggris). 2022-09-20. Dibukak ing 2023-02-06.
  17. Purwodianto, Jemmi. "Lontong Bumbu Ladan, Menu Wajib Rebo Wekasan di Gresik". detikjatim (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-06.
  18. Hakiki, Hasan Al. "Inilah Makanan Khas Rebo Wekasan, Dipercaya Dapat Terhindar dari Ini - Sumenep News". sumenep.pikiran-rakyat.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-06.