Cirebonan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Cirebon parake ana ing watese Jawa Kulon lan Jawa Tengah. Tlatah iki panggonane ana ing jalur niyaga lan lintasan sepur saka Jakarta nganti Surabaya. Saliyané iku dadi jalur wigati kanggo panyebaraning agama Islam ing tlatah Pasundan. Cirebon piturut salah siji sumber asalé saka ukara Cai Rebon utawa ana sing ngarani Caruban. Cirebon dadi pusat kasultanan sing tansah ana ing Jawa Kulon lan dibagi dadi 4 kraton, ya iku :

  • Kraton Kasepuhan
  • Kraton Kanoman
  • Kraton Kaprabonan
  • Kraton Kacirebonan

Basa Cirebonan[besut | besut sumber]

Cirebon nduwé tetenger khas sing ora ana ing tanah Pasundan. Cacah Cirebon dideleng saka budaya lan basane luwih cedhak ing budaya Jawa, basa sing dianggo uga salah siji cara Jawa sing diarani Basa Jawa Cirebon utawa Basa Cerbon. Basa lan budaya Cerbonan kasebar mila saka sagara lor Karawang nganti wates Jawa Tengah. Basa Cerbonan tansah nyimpen ukara lan pelafalan Jawi Kuna sing wis ora dianggo ing Jawa anyaran saiki, lan saka sisih undhak-usuk basa, basa utawa cara Cerbonan iki dibagi dadi loro, ya iku :

  • Bebasan (padha karo Krama)
  • Kasar (padha karo Ngoko)

Basa iki uga diajarke ing sekolah-sekolah tlatah Cirebon lan Indramayu, saliyaning Basa Sunda. Ukara-ukara basa Cerbon akèh sing nyilih saka Basa Sunda lan sawalike. Dadi wong Cerbon akèh sing ngerti Basa Sunda, nanging ora bisa omonge langsung.

Seni Cirebonan[besut | besut sumber]

Kesenian Cirebon iku asil campuraning budaya Jawa lan Sunda uga budaya liyané sing wis lumebu ing kana.