Khat
Catha edulis | |
---|---|
Data | |
Sumber dari | qat |
| |
Status konsèrvasi | |
Masalah Lua: expandTemplate: template "Filtra_idioma" does not exist. | |
Spesies jroning kahanan aman | |
IUCN | 34617 |
Takson | |
''tanpa takson'' | eudicots · |
''tanpa takson'' | core eudicots · |
''tanpa takson'' | Superrosids · |
''tanpa takson'' | rosids · |
''tanpa takson'' | Eurosids · |
''tanpa takson'' | fabids · |
Ordo | Celastrales · |
Kulawarga | Celastraceae · |
Subfamili | Celastroideae · |
Genus | Catha · |
Spesies | Catha edulis Endl., 1841 |
| |
Tata nama | |
Basionim | Celastrus edulis |
Ex taxon author | Peter Forsskål |
Khat, gat, qat atawa tèh arab (Catha edulis) ya iku jinis tuwuhan perdu utawa wit cilik kang dhuwure 1,4 nganti 3,1 mèter, gumantung iklim lan akèhé udan.[1] Godhonge amba, dhawane 5–100 cm lan ambané 1–4 cm.[1] Kembang metu ana ing deretan kelek kang dhawane 4–9 cm.[1] Kembang Khat wujudé cilik, kelopake cacah 5 putih.[1] Wujud wohe kotak karo kapsul kang duwé telung katup, saben katup isiné 1-3 winih.[1]
Panganggon
[besut | besut sumber]Khat ya iku tuwuhan kang jeneng ilmiahe Catha edulis inise tuwuhan hias kang godhong kerep dipamah mawa tradisi Bangsa Arab awit éwon taun kapungkur.[2] Tandhuran iki asliné saka Afrika lan Ujung Arabia.[2]
Khat ngandhut alkaloid monomine kang diwastani katinona, zat stimulan kang arep padha karo amfetamin, kang diprecaya bisa nggawe seneng, ngilanake nafsu mangan, lan euforia.[2] Tahun 1980, WHO nggolongake katinona kelebu usada kang ndadèkaké ketergantungan ringan utawa sedang mawa posisi isih ing ngisore tembako lan alkohol.[2] Déné kaya ngono, WHO ngandharake Khat mawa zat adiktif.[2]
Khat dadi sasaran organisasi anti narkoba kaya DEA.[2] Peredarane dikendalekake ing pérangan nagara kaya Amérikah Sarékat, Kanada lan Jerman, déné panandhurane dilegalake ing nagara liya kaya Djibouti, Etiopia, Somalia lan Yaman.[2]
Tukul
[besut | besut sumber]Kudu ngenteni suweme 8 taun supayane bisa ngasilaké Khat tekan dhuwure kang cukup.[3] Saliyané butuh panase srengéngé lan banyu, tuwuhan Khat ora prelu diopeni.[3] Banyu saka lemah kerep dipumpa saka sumur ngaggo mesin diesel kanggo nyirami tuwuhan utawa digawa nganggo truk banyu.[3] Tandhuran kudu kerep digebyur banyu wiwit sesasi sadurungé bisa dipanen supaya godhong lan pang tukul lembut lan lembab.[3] Budi Daya Khat kang apik bisa dipanen ping papat setahun.[3]
Dhémografi
[besut | besut sumber]Dikira-kira ana 10 yuta wong ing kabèh nagara sadonya kang nggonakake Khat saben dina.[3] Utamane déning masarakat ing Tanduk Afrika lan jazirah Arab, ing kana mamah lan mangan khat duwé sajarah dawa lan wis dadi tradisi ing masarakat mau wiwit éwon taun kapungkur.[3]
Padatan amah Khat ing Yaman racaké mung dilakokake déning wong lanan, mamah khat déning wong wadon dianggep ora sopan lan jarang dilakoni.[3] Akèh panaliti ngira-ngira yèn sakiwa-tengené 70%-80% ing Yaman ya iku umur 16 lan 50 taun dadi panganggo khat, saora-orane ing wektu selane.[3] Wis dikira-kira yèn Yaman ana sakiwa-tengené 14,6 yuta wong saben sakjam saben dina kang mamah khat.[3] Para paneliti uga ngira-ngira yèn kulawarga ngentèkaké 17% saka dhuwit blanja kanggo tuku khat.[3]
Indonésia
[besut | besut sumber]Ing Indonésia, tuwuhan khat dikenalake déning turis saka Arab taun 2005 mligi saka Yaman kang akèh teka menyang Indonésia.[4] Nanging ing Fèbruari 2013 tuwuhan iki lan zat kang kakandhut ing jerone wiwit dikenal lan diindikasi mawa tuwuhan kang ngandhut narkotika lan dilarang wiwie kasus khat kang katutan akèh artis metu ing pawarta.[4]
Tandhuran iki akèh ditemoni ing wewengkon Indones]] mligi ing Pulo Jawa.[4] Wiwitane tuwuhan iki minangka nambah stamina lan semangat, lan uga digunakaké déning turis Arab lan warga lokal kanggo obat kuwat.[4]
Efek
[besut | besut sumber]Wektu cendhak, tuwuhan khat bisa njalari efek, kaya jantung deg-degan lan tekanan darah saya dhuwur, euforia, hiperaktif, ora bisa turu amarga wak éntuk stimulasi lan nafsu mangan mudhun.[5]
Wektu dawane, khat uga bisa njalari efek kaya depresi, halusinasi, lelet rikala ngewenehi respon, ngunggahake resiko infark miokardial, psikologisyen kasuse ekstrem, kanker mulu, untu rusak.[5]
efek liya ora mesti ing panganggonan khat ya iku kematian lan stroke sarta sindrom koroner akut.[5]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e Tanaman Khat (dipunundhuh tanggal 26 februari 2013)
- ↑ a b c d e f g Tanaman Khat dari teh arab menjadi narkoba (dipunundhuh tanggal 26 februari 2013)
- ↑ a b c d e f g h i j k Asal usul Khat (dipunundhuh tanggal 26 februari 2013)
- ↑ a b c d tanpa raffi khat hanyalah teh arab Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 26 februari 2013)
- ↑ a b c Tanaman Khat hukum, sejarah, dan efek resiko Archived 2013-03-07 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 26 februari 2013)