Menyang kontèn

Praja Kalingga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kerajaan Kalingga)
Pusat karajan Kalingga.

Karajan Kalingga iku salah siji karajan tuwa ing Nusantara tegesé ing tlatah Jawa kang saiki dadi Kacamatan Keling, Kabupatèn Jepara. Karajan iki madeg ing taun 640 Masehi, Ratune kang misuwur yaiku Ratu Sima. Karajan iki nganut agama Hindhu. Karajan Kalingga dibangun déning keturunan karajan Kalingga kang ana ing praja Orrisa (India) kang kalah perang lawan karajan kang dibawahi Maharaja Maurga (Asoka) Buda, antawis taun 200 SM. Putri Maharani Ratu Sima, Parwati, daup karo putra makutha Karajan Galuh kang asmané Mandiminyak, kang sabanjuré dadi raja angka 2 Karajan Galuh.

Maharani Ratu Sima duwé putra wayah asesilih Sanaha kang krama karo raja angka 3 saka Karajan Galuh, yaiku Bratasenawa. Sanaha lan Bratasenawa gadhah putra nama Sanjaya kang tembé mburi dadi raja Karajan Sundha lan Karajan Galuh (723-732M).

Sawisé Maharani Ratu Sima séda ing taun 732M, Sanjaya nggantèkaké buyuté dadi raja Karajan Kalingga Lor.

Kira-kira taun 732 M Wangsa Sanjaya ngowahi jeneng Kalingga dadi Mataram (Hindhu). Sanjaya dadi raja pisanan Mataram (Hindhu) kang kutha krajané dumunung ing Medang Kamulan. Kakuwasan ing Jawa Kulon dipasrahaké marang putrané saka Tejakencana, yaiku Tamperan Barmawijaya alias Rakeyan Panaraban.

Sabanjuré Raja Sanjaya palakrama karo Sudiwara puteri Dewasinga, Raja Kalingga Kidul utawa Bumi Sambara, lan apeputra Rakai Panangkaran.

Salahsiji sumber sajarah karajan Kalingga yaiku saking sumber-sumber Cinten.

Silsilah

[besut | besut sumber]

Ora ana cathetan sajarah pendiri karajan Kalingga.

Miturut Naskah Wangsakerta Parwati kawin karo salah siji putra makutha karajan Galuh yaiku Sempakwaja.

Karajan Kalingga > Karajan Mataram Kuna


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunagaran, Pakualaman