Menyang kontèn

Karajan Medhang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Titik abang pusat karajan Medang

Krajan Medhang (Carakan: ꦏꦝꦠ꧀ꦮꦤ꧀ꦅꦩ꧀ꦝꦁ) iki terusané saka karajan Mataram Kuna sing pindah ing Jawa Wétan. Lumrahé para ahli sajarah isih nyebut kanthi "Mataram Kuna jaman Jawa Wétan" utawa "Mataram Kuna jaman Tawlang-Kahuripan" Karajan iki dipréntah déning wangsa Isyana sing dibangun déning Mpu Sindhok taun 929 M. Nalika jumeneng nata, Sindhok mindahake ibukutha Praja menyang Jawa Wétan amarga:

  1. Gunung Merapi kerep njeblug.
  2. Mataram kerep dilurugi dening Sriwijaya. Praja Mataram ing Jawa Wetan iki asring sinebut Praja Medhang/Krajan Medhang. Mpu Sindhok minangka panguwasa anyar ing Jawa Wetan lan ngadegake Wangsa Isana.

Sebutan Medhang

[besut | besut sumber]

Miturut Slamet Muljana, sebutan Medhang iku sebutan kang uga wis digunakaké ing jaman Mataram Kuna. Slamet nduwé panemu, krajan sing dipandhégani déning Sanjaya iku jenengé Krajan Medhang. Déné, sebutan "Mataram" iku jeneng kutharaja. Mataram iku jeneng panggonan sing didadèkaké kutharaja jaman Rakai Pikatan.

Wangsa Isyana

[besut | besut sumber]

Artikel baku:Karajan Kahuripan

Ing jaman awal krajan iki madeg, Mpu Sindhok dadi pimpinan sisa-sisa prajurit Mataram kuna kanggo nahan gempuran saka karajan Sriwijaya. Ing prayudan iki, Mpu Sindhok disengkuyung déning para kawula, mulané ing taun 937 M, Mpu Sindhok gawé prasasti Jaya Stamba (kadhang diarani prasasti Anjuk Ladang) kanggo ngucapke pambanggyo kanggo rakyaté uga yasa candhi Lor kanggo mèngeti ungguling prayudan.

Kanggo mlakokaké papréntahan, Mpu Sindhok diréwangi garwa-garwa, yaiku Rakryan Sri Parameswari Sri Wardhani Pu Kbi lan Rakryan Mangibil, iki kecathet ing prasasti Bakalan sing digawé taun 934 M. Kanggo ngatur wewenang pejabat-pejabat karajan uga diatur déning Mpu Sindhok lan iki katulis ing prasasti Turyyan ing taun 929 M.

Sawise Sindhok, Prabu Dharmawangsa (991-1016) arep nglurugi Sriwijaya, nanging durung kasil. Pamrentahane dipungkasi dening prastawa pralaya, yaiku diserang Prabu Wora Wari.

Kang nggenteni kalungguhane Prabu Dharmawangsa yaiku Airlangga, mantune, kang kasil lolos saka prastawa pralaya. Airlangga kasil mbangun maneh Praja Medang ing Jawa Wetan. Airlangga jumeneng nata ajejuluk Sri Maharaja Rake Halu Sri Lokeswara Dharmawangsa Airlangga Atlanta Wikramatunggadewa. Airlangga misuwur minangka narendra kang wicaksana, digambarake minangka Bathara Wisnu. Airlangga nduwe penganggep yen omah-omah minangka prastawa penting ing urip saengga kudu dilestarekake. Banjur lair karya sastra kang banget misuwur kanthi irah-irahan Arjunawiwaha (Dhaupe Arjuna).

Karya Sastra

[besut | besut sumber]

Karya sastra sing ditulis ing jaman iki antarané:

Panguwasa karajan Medhang

[besut | besut sumber]

Karajan Medhang ambruk

[besut | besut sumber]

Ing pungkasan pamrentahane, Praja Medang dipara/dibagi 2 dadi Kraton Jenggala (Singasari) lan Kraton Pangjalu (Kediri). Nanging, Kraton kang isih tetep ngadeg yaiku Kraton Kediri. Airlangga seda ing taun 1049. Kanthi sedane Airlangga minangka purwane Praja Mataram Kuna.

Karajan Mataram Kuna > Karajan Medhang >Karajan Kahuripan >Kraton Jenggala lan Kraton Pangjalu


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunagaran, Pakualaman