Jamasan Pusaka Kanjeng Kyai Upas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Jamasan Pusaka Kanjeng Kyai Upas inggih punika upacara adat ngumbah pusaka awujud tumbak ingkang katindakaken ing Kabupatèn Tulungagung tanggal 10 wulan Sura manut pananggalan Jawi. Tumbak punika gadhah ukuran gangsal mèter ingkang sinimpen ing Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Tulungagung.[1] Ancas kawontenaken Jamasan Pusaka Kanjeng Kyai Upas inggih punika supados bebrayan ing Tulungagung pikantuk kawilujengan kaliyan tinebih saking sambikala, saha utaminipun kagem wujud sukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos.[2][3]

Mula bukaning tumbak[besut | besut sumber]

Saking cariyos rakyat, tumbak aran Kyai Upas kadamel nalika jaman papréntahan Majapait. Ki Wanabaya–punggawa karajan–mbabad wana ing cerak Rawa Pening, Mataram sabibaripun medal saking Majapait. Nalika merti dhusun, wonten tiyang èstri ingkang kesupèn mbekta ladingipun. Piyambakipun tangled mring Ki Wanabaya bokbilih saged ngampil pirantosipun. Ki Wanabaya ngampili pusakanipun mawi satunggal sarat amrih aja dipun pangku pusakanipun. Nanging, tiyang èstri punika kesupèn tur nglanggar pasaratanipun. Pusaka awujud lading punika ngilang mlebet dhumateng padharan tiyang èstri ingkang marakaken panggalihing Ki Wanabaya kuciwa, lajeng lunga tapa ing Redi Merapi.[4][3]

Sasampunipun pinten-pinten wulan, tiyang èstri punika nglairaken yoga aran Baru Klinthing ingkang awujud ula naga. Piyambakipun tangled biyungipun ngenani sinten ramanipun. Baru Klinthing lajeng tindak dhumateng Merapi saperlu madosi Ki Wanabaya kagem nyuwun pangakenan minangka yoganipun. Nanging Ki Wanabaya maringi sarat, Baru Klinthing kedah ngubengi Merapi ngantos mustakanipun ndemok buntutipun piyambak. Baru Klinthing boten saguh, nanging gadhah akal kanthi mèlètaken ilatipun supados saged ndemok buntutipun. Konangan ngakali pasaratanipun, Ki Wanabaya mothol ilat Baru Klinthing ingkang ing tembé dados pusaka tumbak. Tumuli Baru Klinthing lumayu tuwin njlegur dhumateng seganten, nanging ngilang sirna dados pok kajeng. Ki Wanabaya ndamel pok kajeng punika dados cekelan pusaka tumbak saking ilat wau mawi aran Tumbak Kyai Upas. Sasampunipun Ki Wanabaya tilar donya, pusakanipun dipun warisaken dhumateng yoga sanèsipun aran Ki Ageng Mangir.[5][3]

Kyai Upas punika salah satunggaling pusaka ingkang dipun ajrihi Mataram. Ratu saking Mataram malah ngintun putrinipun aran Putri Pembayun dhumateng Ki Ageng Mangir ingkang mbaléla dhumateng Mataram. Sasampunipun tetepangan kaliyan Pembayun, rabi, kaliyan nglampahi pagesangan, Pembayun ngandharaken manawi piyambakipun trahing kusuma saking Mataram. Pembayun kapéngin Ki Ageng Mangir sowan kaliyan sungkem dhumateng ramanipun ingkang sayektosipun mungsuh Ki Ageng Mangir. Sakawit, piyambakipun boten karsa, nanging bola-bali dipun suwun Pembayun, ingkang pungkasanipun piyambakipun purun sowan. Nalika mlebet kraton, Ki Ageng Mangir ndèlèhaken pusakanipun ing ngajeng kori kraton. Lajeng piyambakipun sowan tur sungkem dhumateng ramanipun Pembayun, ratu Mataram. Nalika sungkem, Ratu Mataram nyekel mustaka Ki Ageng Mangir ingkang salajengipun dipun gadhukaken dhumateng dhampar (palinggihan) ingkang kadamel saking marmer. Boten dangu, Ki Ageng Mangir tilar donya ing Kraton Mataram.[6] Pusaka tinggalanipun Ki Ageng Mangir jebulipun malah dados sambikala ing Mataram. Pusaka punika pungkasanipun kapasrahaken dhumateng satunggal yoga ingkang jumeneng nata minangka adipati ing Ngrawa (Tulungagung).[3][7]

Kyai Upas dipun pitadosi dados juru slamet Bupati Tulungagung nalika wadyabala Walandi kapéngin nguwasani sakathahing Jawi, nanging boten saged mlebet dhumateng Tulungagung. Dumugi sapunika, Kyai Upas dados pusakaning Bupati Tulungagung.[3][8]

Tata cara[besut | besut sumber]

Upacara adat Jamasan Pusaka Kanjeng Kyai Upas katindakaken nalika tanggal 10 wulan Sura manut pananggalan Jawa.[9] Sadèrèngipun jamasan, para warga nindakaken sawenèh kagiyatan ingkang dumados saking arak-arakan kaliyan beksan, jamasan, sarta slametan.[10]

Arak-arakan[besut | besut sumber]

Sepindhah, wonten kagiyatan arak-arakan ingkang dumados saking réyog kendhang, prajurit, dhayang, kaliyan ingkang mbekta toya sanga. Arak-arakan punika dipun wiwiti saking kilèn kantor arsip tumuju plataran kantor arsip. Sawetawis punika, para tamu ingkang dumugi dipun suguhaken kaliyan iring-iringan gendhing ingaran Gamelan Monggang tuwin beksan Gambyong. Sasampunipun beksan, kacariyosaken sajarahing Kyai Upas dhumateng para lenggah ngagem basa krama. Lajeng, sambutan-sambutan saking Pangajeng Kundha Kabudayan kaliyan Pariwisata Kabupatèn Tulungagung saha Bupati Kabupatèn Tulungagung.[10][8]

Jamasan[besut | besut sumber]

Juru kunci kaliyan pegawé Papréntahan Tulungagung medalaken Kyai Upas saking ruwang panyimpenan, nuli dipun bekta dumugi papan jamasan mawi iring-iringan antawis budaya Jawi kaliyan Islam, inggih punika Yasin kaliyan tahlil sinarta Gamelan Monggang.[11][12] Salajengipun, juru kunci njamasi Kyai Upas nganggé sikat mawi urut-urutan saking cuwèran jeruk, tebu, sisikan kajeng, maron, kendhil, campuran toya sanga, kaliyan minyak wangi.[10][8][13]

Nalika jamasan Kyai Upas katindakaken, ingkang njamasi namung tiyang jaler kémawon, tiyang èstri boten angsal nyelaki papan jamasanipun. Bab punika dipun pitadosi jalaran tumbak Kyai Upas minangka wewujudaning tiyang jaler, Baru Klinthing. Sinaosa mekaten, tiyang èstri saged mbiyantu panjamasanipun kanthi cara ndamel sajèn kaliyan ambengan. Nalika ndamel, pasaratanipun kedah boten nembé alangan (pas) kaliyan boten angsal niliki sajèn saha ambenganipun. Sasampunipun jamasan, tumbak Kyai Upas tinutup mawi kain mori, nuli kain werni abrit, nuli ing pungkasanipun mawi kain cindhé. Ugi kawewahan roncèn mlathi cacah pitu ingkang kedah dipun gantos saben minggu. Minggu pendhakipun–malem Jumuwah Legi–roncènipun dipun gantos kaliyan roncèn ingkang énggal.[14]

Nalika wanci wengi sabibaripun jamasan, kawontenaken tembang macapatan ingkang dipun lajengaken kaliyan pagelaran ringgit kulit sawengi wutuh.[14][11]

Slametan[besut | besut sumber]

Nalika wanci sonten bakda Ngasar, kawontenaken acara slametan ingkang dipun tumuti déning pegawé Kantor Arsip kaliyan abdi dalem Kenjengan. Ambenganipun dumados saking sekul gurih, ingkung, apem, kaliyan gedhang raja.[14]

Ancas[besut | besut sumber]

Mochamad Zahrul Rismana ing jurnalipun ingkang asesirah Sejarah Tombak Kyai Upas di Kabupaten Tulungagung mratélaken manawi upacara adat kados Jamasan Pusaka Kanjeng Kyai Upas nggadhahi ancas kagem ngresiki panggalih, nuwuhaken katalitèn, gugur gunung, kaliyan bab agama. Tiyang ingkang mriksani upacaranipun dipun pitadosi pikantuk aura positip tumrap panggalih, pikiran, punapa déné jiwanipun. Upacara punika ugi nuwuhaken katalitèn kados pundi nindakaken jamasan ingkang trep. Bab gugur gunungipun wonten ing babagan tulung-tinulung ing antawis warga anggènipun ndamel ubarampé kaliyan sajènipun. Ing bab agama, para lenggah sami donga sesarengan nyuwun tulung dhumateng Gusti Allah supados tansah pinaringan kawilujengan, pangayoman, kaliyan karaharjan anggènipun nglampahi pagesangan ing donya.[15]

Toya tilas jamasan dipun pitadosi gadhah kasiat, pramila para warga sami kruyukan nalika mendhet toyanipun. Kasiatipun dipun pitadosi saged njagi tetep enèm, tetep ayu, kaliyan saged nambani tiyang sakit. Kajawi punika, tujuan kawontenaken upacara Jamasan Pusaka Kanjeng Kyai Upas inggih punika minangka sarana panyuwun karaharjan dhumateng Gusti Allah, nyegah banjir ing Tulungagung, raos sukur dhumateng Gusti Allah, sosialisasi kaliyan bebrayan ing Tulungagung, njagi katentreman bebrayan ing Tulungagung, kaliyan sarana nguri-uri saha mulang budaya Jawi ing Kabupatèn Tulungagung.[15][8]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Sari 2019, kc. 356.
  2. Rismana 2022, kc. 85.
  3. a b c d e "Upacara Adat Jamasan Kyai Upas Tulungangung". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-14. Dibukak ing 14 Fèbruari 2023.
  4. Rismana 2022, kc. 81.
  5. Rismana 2022, kc. 81–82.
  6. Rismana 2022, kc. 82.
  7. "Tanpa Kehadiran Bupati, Jamasan Pusaka Tombak Kanjeng Kyai Upas Terasa Hambar". TribunJatim. Dibukak ing 14 Fèbruari 2023.
  8. a b c d Sujarwoko, Destyan H. (12 Agustus 2022). Didik Kusbiantoro (èd.). "Ritual jamasan tombak pusaka Kiai Upas kembali digelar di Tulungagung". ANTARA News Jawa Timur. Dibukak ing 14 Fèbruari 2023.
  9. Rismana 2022, kc. 76.
  10. a b c Rismana 2022, kc. 83.
  11. a b Sari 2019, kc. 357.
  12. "Melihat Tradisi Jamasan Tombak Pusaka, Kental Adat Hindu tapi Diselipi Baca Alquran". Okezone Travel. 21 Agustus 2021. Dibukak ing 14 Fèbruari 2023.
  13. Muttaqin, Adhar (12 Agustus 2022). "Melihat Jamasan Pusaka Kiai Upas yang Dipercaya Halau Penjajah di Tulungagung". detikJatim. Dibukak ing 14 Fèbruari 2023.
  14. a b c Rismana 2022, kc. 84.
  15. a b Rismana 2022, kc. 84-85.

Kapustakan[besut | besut sumber]