Isopoda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Isopoda
Kalamangsa: 300–0 Ma
Eurydice pulchra.jpg
Eurydice pulchra, isopoda karnivora ingkang kapanggihaken wonten pantai pasir
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Subfilum: Crustacea
Klas: Malacostraca
Subklas: Eumalacostraca
Superordho: Peracarida
Ordho: Isopoda
Latreille, 1817 [1]
Subordo

Isopoda inggih menika ordo (kelompok) saking krustasea ingkang kalebet kutu kayu, Ligia lan krabatipun. Isopoda menika urip wonten ing segara, wonten ing toya ingkang tawar, utawi wonten ing dharat lan sapérangan ageng menika kéwan werni radi klawu (abu-abu) utawi radi putih alit kanthi eksoskeleton (kerangka èksternal) kaku lan wonten sègmentasi. Isopoda menika gadhah kalih pasang anténa, pitung pasang suku wonten sendhinipun ing toraks, lan gangsal pasang èmbèl-èmbèl mawi cabangipun wonten ing bagéyan abdomen ingkang dipun-ginakaken wonteh ing respirasi. Ingkang babon njagi anakipun wonten ing kanthong sangandhaping toraks. Ngopèni anak Isopoda menika gadhah manéka cara kanggé maringi dhaharan: sapérangan dhahar tuwuhan lan kéwan ingkang mati lan dados bathang, sanèsipun menika dhahar suket utawi pikantuk partikel dhaharan saking toya ingkang sakiwa tengenipun Isopoda, sapérangan ugi menika dados predator lan wonten ugi ingkang dados parasit saé internal utawi èksternal, sapérangan ageng wonten ing iwak. Spésies toya sapérangan ageng urip wonten ing dhasaring segara utawi ing sangandhapipun toya tawar, ananging sapérangan taksa ingkang langkung mlebet derivasi (klompok lajengan) saged nglangi kanthi jarak ingkang cerak. Wujudipun terestrial menika saged owah kanthi mbrangkang lan langkung kapanggihaken wonten ing papan ingkang adhem lan radi teles. Sapérangan spésies saged nggulung piyambakipun dados bal kanggé ngirit toya utawi minangka mekanisme njagi awak.

Wonten langkung saking 10.000 spésies isopoda wonten ing donya kanthi kirang langkung spésies ingkang kapanggihaken wonten ing lingkungan segara, sapérangan ageng wonten ing dhasaring segara, 500 spésies wonten ing toya tawar lan 5.000 spésies wonten ing dharat. Ordo menika dipunperang dados sewelas subordo. Cathetan fosil isopoda menika asalipun saking periode Karbon (ing zaman Pennsylvanian), kirang langkung 300 uuta tahun kepengker, nalika isopoda mapan wonten ing segara ingkang cethek. Nama Isopoda menika asalipun saking akar basa Yunani ἴσος (iso-, ingkang ateges "sami") lan πούς (pod-, pous, ingkang ateges "suku").[2][3]

Dhèskripsi[besut | besut sumber]

[[Berkas:Porcellio scaber - male side 2 (aka).jpg|jmpl|kiri|Kutu kayu Oniscus asellus
nedahaken sirah mawi paningal lan antena, karapaks lan suthang ingkang sami dawanipun.]]

Isopoda menika dipunlebetaken klasifikasi wonten ing artropoda, isopoda menika gadhah eksoskeleton kitin lan suthang kaliyan sendi.[4] Isopoda padatanipun rata dorsoventral (langkung wiyar tinimbang kaliyan njero),[5] sinaosa kathah spésies ingkang nyimpang saking paugeran menika, mliginipun wujud parasit, lan ingkang manggèn wonten ing segara njero utawi wonten ing habitat toya siti. Werninipun menika kathah, saking klawu dumugi putih.[6] utawi wonten ing sapérangan kasus wonten abang, ijo, utawi coklat.[7] Isopoda gadhah maneka variasi bab ukuranipun, wiwit saking sapérangan spésies Microcerberidae ingkang namung 0,3 mm dumugi Bathynomus spp. segara njero dumugi 50 cm.[3]

Isopoda menika boten gadhah karapaks ingkang jelas, ingkang nglampahi eduksi dados "perisai sefalik" ingkang namung kalebet sirahipun. Menika ateges bilih stuktur kados insan ingkang wonten ing kelompok sanèsipun ingkang dipunjagi déning karapaks, malah wonten dipunpanggihaken ing suthang khusus wonten ing bagéyan weteng (padharan).[3][8] Permukaan dorsal (inggil) kéwan menika katutup déning lempeng ingkang tumpang tindih, mawi sendi ingkang paring perlindungan sawetawis ugi ndadosaken fleksibilitas. Awakipun isopoda menika kaperang saking sirah (sefalon), satunggal toraks (pereon) mawi wolung segmen (pereonit), lan abdomen (pleon) mawi enem segmen (pleonit), sapérangan wonten ingkang dados setunggal.[5] Sirah menika dados setunggal kaliyan segmen sepisan saking torak, ndhapuk sefalon. Wonten kalih pasang antena boten wonten cabangipun, pasangan ingkang sepisan vestigial wonten ing spésies dharat. Paningal majemuk lan boten gadhah tangkai lan tutuk ingkang kalebet sepasang maksiliped lan sepasang mandibula (rahang) mawi palpus (embel-embel ingkang nglampahi segmentasi kaliyan fungsi sensorik) an lasinia mobilis (embel-embel ingkang ewah kados déné balung).[9]

Pitung segmen bebas toraks menika gadhah tanggungan setunggal pasang pereopoda (suthang) mawi cabang. Kathahipun spésies pereopoda menika dipunginakaken kanggé obah lan gadhah ukuran, morfologi lan orientasi ingkang sami, paring nama ordo "Isopoda", saking basa Yunani suku ingkang sami. Wonten ing sapérangan spésies, pasangan bagian ngajeng menika dipundamel modifikasi dados gnatopoda mawi cakar, ingkang nyepeng segmen terminal. Pereopoda menika boten dipunginakaken wonten ing respirasi, boten kados pratelan awak ingkang sami wonten ing amphipoda, ananging koksae (segmen ingkang sepisan) dados setunggal kaliyan tergit (lempeng dorsal) kanggé damel epimera (lempeng sisih). Wonten ing babon ingkang ageng, sapérangan utawi sedaya anggota awak menika gadhah jangkepan ingkang dipunmangertosi minangka oostegit ingkang nekuk wonten ing sangandhaping toraks lan damel kanthong kanggé angrem kanggé ngendog. Wonten ing isopoda ingkang jantan, gonopori (bukaan genital) mapan wonten ing permukaan ventral segmen kaping wolu lan wonten ing isopoda ingkang betina, menika wonten ing papan ingkang sami kaliyan segmen ingkang kaping enem.[9]

Salah satunggal utawi langkung saking segmen padharan, dipunwiwiti kanthi segmen ingkang kaping enem, dados setunggal kaliyan telson (bagian terminal) kanggé ndhapuk pleotelson kaku.[9][10][11] Gangsal segmen ingkang sepisan abdomen piyambak-piyambak menika gadhah tanggungan setunggal pasang pleopoda (struktur lamelar ingkang paring layanan bab fungsi ijolan gas, lan wonten ing spésies toya ingkang gadhah fungsi minangka angsang lan propulsi) gadhah cabang kalih,[3][12] lan segmen kapungkasan ingkang nanggung setunggal pasang uropoda (suthang posterior) kanthi cabang kalih. Tumrap ingkang jantan, pasang kekalih pleopoda lan kadang kala ingkang angka sepisan ugi dipunmodifikasi supados dipun-ginakaken kanggé mindhah sperma. Endopoda (cabang bagian sajroning pleopoda) dipunmodifikasi kanthi struktur kaliyan kutikula (panutup njawi ingkang fleksibel) tipis, permeabel ingkang minangka angsang kanggé ijolan gas.[9] wonten ing sapérangan isopoda terestrial, pérangan menika kados déné paru-paru.[3]

Warna-warna Jinis lan klasifikasi[besut | besut sumber]

ka|jmpl|Jumlah Isopoda segara (kejaba Asellota lan simbion krustasea) wonten ing wewengkon biogeografi

Isopoda menika kalebet wonten ing Peracarida, ingkang dipundadosaken setunggal awit wontenipun ruang khusus ing sangandhaping toraks kanggé ngangremipun endig. Isopoda menika gadhah distribusi kosmopolitan lan langkung saking 10.000 spésies isopoda, dipundamel klasifikasi dados 11 subordo, sampun dipunandharaken wonten ing sedaya donya.[3][13] Kirang langkung wonten 4.500 spésies kapanggihaken wonten ing lingkungan segara, sapérangan ageng wonten ing dhasaring segara. Kirang langkung wonten 500 spésies kapanggihaken wonten ing toya tawar lan 5.000 spésies sanèsipun menika kutu kayu terestrial ingkang ndhapuk subordo Oniscidea.[14] Wonten ing sajroning segara, anggota subordo Asellota menika ingkang langkung gadhah dominasi, kanthi nyisihaken sedaya isopoda sanèsipun, sampun nglampahiradiasi adaptif ageng wonten ing lingkungan kasebat.[14] Isopoda paling ageng inggih menika wonten ing genus Bathynomus lan saperang spésies ageng dipunpancing kanthi komersial kanggé dhaharanipun manungsa wonten ing Meksiko, Jepang, lan Hawaii.[15] sapérangan kelompok isopoda sampun nglampahi evolusi gaya uriping parasit, mliginipun dados parasit eksternal ulam.[9] Isopoda menika saged ngrisak utawi mateni inang lan saged damel tuna (rugi) ing bab ekonomi ingkang signifikan tumrap perikanan komersial.[16] Wonten ingakuarium karang, isopoda parasit saged dados hama, ingkang dados bebaya marang ulam lan saged ugi nyilakani tiyang ingkang njagi akuarium. sapérangan anggota famili Cirolanidae nyedot getihipun ulam lan sanèsipun, wonten ing famili Aegidae, dhahar getih, sirip, buntut lan daging lan saged mateni ulam mawi proses.[17]

kiri|350px|jmpl|Wujud isopoda segara perwakilan

Database The World Marine, Freshwater and Terrestrial Isopod Crustaceans menika merang ordo menika dhateng sewelas subordo:[1]

  • Asellota - Subordo ingkang kalebet kathahipun spésies isopoda toya tawar, kapanggihaken saged wonten ing toya ingkang inggil lan sangandhaping lemah, sareng kaliyan sapérangan spésies segara ing njero.[9]
  • Calabozoida - Satunggaling subordo alit ingkang kaperang saking kalih spésies segara wonten ing famili Calabozoidae lan satunggal spésies toya tawar wonten ing famili Brasileirinidae ingkang kapanggihaken wonten ing papan sangandhaping lemah.[18]
  • Cymothoida - mliginipun isopoda segara[9] kanthi langkung saking 2.700 spésies. Anggotanipun sapérangan ageng menika karnivora utawi parasit. Kalebet famili Gnathiidae, juvenil saking parasit wontn ing ulam.[19] Subordo ingkang dipunakoni saderengipun Epicaridea dipunlebetaken minangka kalih superfamili wonten ing subordo menika lan Cymothoida samenika kalebet perangan saking subordo ingkang saderengipun dipunakoni Flabellifera.[20]
  • Limnoriidea - Mliginipun isopoda tropis, sapérangan ing antawisipun menika herbivora.[20]
  • Microcerberidea - Isopoda alit, kadosdéné cacing ingkang urip ing antawisipun partikel ing dhasaring habitat toya tawar lan segara ingkang cethek.[9]
  • Oniscidea - Isopoda semi-terestrial lan terestrial ingkang nglampahi adaptasi kanggé urip wonten ing dharat.[9] Wonten langkung saking 4.000 spésies kutu kayu ingkang manggen wonten ing wana, pagunungan, padhang pasir lan zona litoral.[21]
  • Phoratopidea - satunggaling spésies segara tunggal, Phoratopus remex, ingkang paring jaminan subordo piyambak amargi karakteristik ingkang unik.[20]
  • Phreatoicidea - Subordo alit isopoda toya tawar ingkang kadosdéné amphipoda, winates ing Afrika Kidul, India, Australia, lan Selandia Baru.[9]
  • Sphaeromatidea - Isopoda bentik sapérangan ageng saking wilahan bumi kidul kaliyan pleopoda pernapasan sajroning ruang brankial. Subordo menika samenika kalebet bagian saking subordo Flabellifera saderengipun dipunakoni.[20][22]
  • Tainisopidea - Isopoda toya tawar wonten ing "lingkungan reliktual".[20]
  • Valvifera - Setunggal kelompok ageng isopoda bentik, segara kanthi pleopoda pernapasan sajroning ruang brankial ing sangandhaping padharan.[9]

Sajarah evolusioner[besut | besut sumber]

Isopoda menika sepisan medal wonten ing cathetan fosil sedangunipun periode Karbon saking Paleozoikum kirang langkung 300 yuta tahun kapungkur.[23] Piyambakipun menika primitif, anggota mawi buntut ingkang cekak saking subordo Phreatoicidea. Kala menika, Phreatoicidea inggih menika organisme segara kanthi distribusi kosmopolitan. Samenika, anggota subordo menika ingkang saderengipun kasebar wiyar ndhapuk populasi relik wonten ing lingkungan toya tawar ing Afrika Kidul, India lan Oseania, Gunggung paling ageng spésies menika wonten ingTasmania. Subordo primitif mawi buntut cekak sanèsipun menika Asellota, Microcerberidea, Calabozoidea, lan Oniscidea terestrial.[14]

Isopoda mawi buntut ingkang cekak menika gadhah pleotelson cekak lan uropoda terminal, kados stilus lan gadhah gaya urip ingkang maton wonten ing sangandhaping sedimen ing dhasaring segara. Isopoda mawi buntut ingkang dawa suwalikipun menika gadhah pleotelson dawa lan uropoda lateral ingkang wiyar ingkang saged dipunginakaken kanggé nglangi. Ingkang menika langkung aktif lan saged damel luncuran saking dhasaring segara lan nglangi kanthi jarak ingkang cekak. Isopoda mawi buntut ingkang dawa menika langkung maju sapérangan ageng endemik wonten ing wilahan bumi ing sisih kidul lan saged sampun nglampahi radiasi wonten ing superbenua kuno Gondwana énggal saksampunipun misah saking Laurasia kirang langkung 200 yuta kepengker. Wujud buntut ingkang cekak menika saged dipundorong saking segara ingkang cethek ingkang ing gesangipun nglampahi tekanan predasi saking ulam segara minangka predator utama. Pangembangan wujud buntut ingkang dawa ugi saged dados tentandhingan ingkang mbiyantu meksa wujud buntut cekak dhateng refugia. Ingkang pungkasan samenika winates wonten ing lingkungan kados déné segara ingkang jero, toya tawar, toya lemah lan papan ingkang garing. Isopoda wonten ing subordo Asellota menika kelompok isopoda segara ingkang paling sugih spésies.[14]

Lokomosi[besut | besut sumber]

Beda kaliyan amphipoda, isopoda segara lan toya tawar wonten dados bentik. Perangan menika ndadosaken paring kalodhang supados nyebar ing wewengkon-wewengkon ingkang énggal lan saged ngandharaken kenging menapa kathah spésies endemik wonten ing wewengkon ingkang winates. Mbrangkang menika cara utama lokomosi, lan sapérangan spésies ngebor dhateng dhasaraning segara, lemah utawi struktur kayu. sapérangan anggota Flabellifera saged nglangi kanthi winates lan gadhah tigang pasang pleopoda ngajeng ingkang dipunmodifikasi kanggé ancas menika, kanthi struktur pernafasan ingkang winates ing pleopoda wingking. Kathahipun spésies dharat menika obah kanthi alon lan ndeliaken awakipun wonten ing sangandhaping kulit wit.Ligia semi-terestrial saged mlampah kanthi rikat wonten ing dharat lan kathah spésies terestrial saged nggulungaken awakipun dados bal nalika pikantuk ancaman, satunggaling fitur ingkang sampun ngrembaka kanthi mandhiri wonten ing kelompok-kelompok ingkang beda lan ugi wonten ing Sphaeromatidea segara.[9]

Dhaharan lan nutrisi[besut | besut sumber]

[[Berkas:Spicara flexuosa + Anilocra.jpg|ka|400px|jmpl|Anilocra (Cymothoidae) dados parasit wonten ing ulam Spicara maena, Italia]]

Isopoda menika gadhah usus usus prasaja ingkang boten gadhah bagéyan usus tengah, minangka gantosipun wonten seka ingkang kahubung dhumateng bagian wingking lambung minangka papan panyerapan kalampahan. Dhaharan menika dipunsedot dhateng kerongkongan, proses ingkang dipunmindhakaken wonten ing spésies parasit ingkang nyedot getih, lan dipunlewataken mawi peristaltik tumuju ing padharan, minangka papan kanggé mroses dhaharan lan dipunsaring. Stuktur lambung menika maneka werna, ananging kathah spésies wonten alur dorsa papan bahan ingkang boten dipuncerna dipunsaluraken lan bagian ventral ingkang kahubung dhateng seka papan pencernaan intraseluler lan panyerapan kalampahan. Bahan ingkang boten dipuncerna lumantar usus wingking lan dipunmedalaken mawi anus ingkang mapan wonten ing pleotelson.[9]

Isopoda menika detritivor lan herbivora, karnivora (kalebet predator lan pemakan bangkai), parasit, lan kéwan penyaring lan saged mapani salah satunggal utawi langkung saking relung dhahar. Namung spésies toya lan segara dipunmangertos parasit utawi kéwan penyaring.[24][25] sapérangan nindakaken koprofagia lan ugi dhahar pelet regedanipun piyambak.[25] spésies terestrial padatanipun menika herbivora, mawi kutu kayu ingkang dhahar lumut, kulit kayu, ganggang, fungi lan bahan ingkang sampun bosok. Ing isopoda segara ingkang dhahar kayu, selulosa dipuncerna déning enzim ingkang nglampahi sekresi ing seka. Limnoria lignorum, tuladhanipun damel bor ing kayu lan mianngka tambahanipun dhahar miselia jamur ingkang nyerang kayu, satemah nambah nitrogen ing diet. Penggerek kayu sapérangan ageng dados omah bakteri simbiotik ing usus wingking ingkang mbiyantu anggenipun nyerna selulosa. Wonten kathah adaptasi kanggé usus prasaja menika, ananging sapérangan ageng gadhah korelasi kaliyan dhaharan tinimbang kaliyan kelompok taksonomi.[9]

spésies parasit inggih menika sapérangan ageng menika parasit eksternal saking ulam utawi krustasea lan dhahar getih. Larva saking famili Gnathiidae lan dhiwasa Cymothoidae gadhah tutuk kanggé nusul lan nyedot lan suthang mawi cakar ingkang adaptasi kanggé nempel wonten ing inang. Kanthi umum, isopoda parasit menika gadhah gaya urip ingkang maneka werni lan kalebet Cancricepon elegans, kapanggihaken wonten ing ruang angsang yuyu; Athelges tenuicaudis, nempel wonten abdomen kelomang; Crinoniscus equitans urip wonten teritip Balanus perforatus; Cyproniscidae, mapan ing sajroning ostracoda lan isopoda ingkang urip kanthi bebas; Bopyridae, mapan wonten ing ruang angsang utawi wonten ing karapaks urang lan yuyu ingkang damel benjolan karakteristik ingkang dipunmangertosi ing sapérangan krustasea fosil; lan Entoniscidae mapan wonten ing sapérangan spésies yuyu lan urang.[9][26] Cymothoa exigua inggih menika parasit saking Lutjanus guttatus wonten ing Teluk California; ingkang damel ilat ulam atrogi lan kalampahan wonten menika ingkang dipunpitadosi dados ingkang sepisan kapanggihaken saking parasit ingkang kanthi fungsional nggantos struktur inang wonten ing kéwan.[27]

Reproduksi lan pakembangan[besut | besut sumber]

Kathahipun spésies, jenis kelamin kapisah lan wonten dimorfisme seksual alit, ananging sapérangan spésies hermafrodit lan sapérangan wujud parasit menika nedahaken beda ingkang ageng ing bab jinis kelamin.[9] sapérangan Cymothoida inggih menika hermafrodit protandri, wiwit urip minangka ingkang jantan lajeng ngewahi jenis kelaminipun lan sapérangan Anthuroidea menika sawalikipun, dados hermafrodit protogini ingkang lair betina. sapérangan Gnathiida sesil lan urip dados setunggal kelompok kaliyan betina.[24] Jantan menika gadhah sepasang penis, ingkang dados setunggal wonten ing sapérangan spésies. Sperma dipunpindhah dhateng betina mawi pleopoda kaping kalih dipunmodifikasi ingkang nampi saking penis lan lajeng dipunlebetaken wonten ing gonopori betina. Sperma menika dipunsimpen wonten ing reseptakel khusus, pambengkakan wonten ing oviduk caket gonopori. Fertilisasi menika namung kalampahan nalika tigan ingkang dipuncul énggal gantos kulit, nalika sambungan dipundamel ing antawsipun reseptakel semen lan oviduk.[9]

Tigan ingkang gunggungipun dumugi atusan menika dipunangremi déning ingkang betina wonten ing kanthong marsupium, ruang dipundamel déning pelat datar ingkang dipunmangertosi minangkaoostegit wonten ing sangandhaping toraks. Marsupium dipunisi kaliyan toya ugi wonten ing spésies dharat.[9] Tigan menika netes minangka mancae, tahap pasca-larva ingkang kados dhiwasa, kejawi boten wontenipun pasangan pungkasan saking pereopoda. Bonten wontenipun fase nglangi wonten ing daur urip menika kalebet faktos ingkang matesi wonten ing panyebaranipun isopoda lan saged tanggel jawab kanggé tingkat inggil endemisme wonten ing ordo.[14] Minangka dhiwasa, isopoda menika beda kaliyan krustasea sanèsipun bilih ekdisis kalampahan kanthi kalih tahap ingkang dipunmangertosi minangka "ekdisis bifase".[3] Sepisan ngeculaken eksoskeleton saking bagian posterior saking awak lajeng ngeculaken bagian anterior. Isopoda raksasa Antartika Glyptonotus antarcticus menika ingkang dados kejawi kanggé perangan menika lan nindakaken ekdisis wonten ing setunggal proses tunggal.[28]

Isopoda terestrial[besut | besut sumber]

... lan nggulung dados wujud bal

Kathahipun krustasea akuatik lan isopoda menika salah satunggal saking kelompok ingkang sapérangan anggotanipun samenika urip wonten ing dharat.[29][30] Satunggaling krustasea sanes ingkang nyakup jumlah alit spésies dharat inggih menika amphipoda (kados Talitridae) lan dekapoda (yuyu, urang, lsp.).[29] Isopoda terestrial menika gadhah peran ingkang wigati wonten ing kathah ekosistem tropis lan subtropis kanthi mbiyantu anggenipun dekomposisi bahan tuwuhan lumantar cara mekanis lan kimiawi, lan kanthi nambah aktivitas mikroba.[31] Makro-detritivor, kalebet isopoda terestrial, boten wonten ing wewengko kutub lan sub-Arktik, ananging gadhah potensi kanggé miyaraken jangkauan kanthi nambah suhu wonten ing lintang inggil.[32]

Kutu kayu, subordo Oniscidea, inggih menika kelompok ingkang paling sukses saking krustasea terestrial[9] lan nedahaken maneka adaptasi kanggé urip wonten ing dharat. Menika ugi nglampahi penguapan, mliginipun wonten ing wewengkon ventral lan amargi boten gadhah kutikula mawi lilin, kedah ngirit roya, asring mapan wonten ing lingkungan lembab lan sangandhaping watu, ing sampah ron. Padatanipun spésies gurun aktif nalika wanci dalu, nelasaken dinten ing sangandhaping lemah lan medal nalika dalu. Kelembaban pikantuk saking sumber dhaharan utawi kanthi ngunjuk, lan sapérangan spésies saged ndamel pasangan embel-embel uropodal dados tabung lan nyaluraken toya saking bun dhateng pleopoda. Wonten ing kathah taksa, struktur pernapasan ing endopoda internal, mawi spirakel lan pseudotrakea, ingkang memper paru-paru. Ing spésies sanèsipun, endopoda dipuntekuk wonten eksopoda sisihipun (cabang njawi pleopoda). Kalih pengaturan menika mbiyantu kanggé njagi penguapan saking permukaan pernapasan.[9]

Kathah spésies ingkang saged nggulung awakipun dados bal, tumindak ingkang dipunginakaken minangka pertahanan ugi kanggé ngirit toya. Anggota famili Ligiidae lan Tylidae menika ingkang paling boten kaspesialisasi saking kutu kayu ingkang urip ing dharat. Menika mapan ing zona percikan segara ingkang kathah watunipun, dermaga lan tumpukan, saged ugi ndelik wonten ing sangandhaping barang ingkang wonten ing pantai lan saged nglangi nalika kenging toya.[9]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Cithakan:Cite WoRMS
  2. "Isopod". Merriam-Webster. Encyclopaedia Britannica. Dijupuk 2014-06-27. 
  3. a b c d e f g Schotte, M.; Boyko, C. B.; Bruce, N. L.; Markham, J.; Poore, G. C. B.; Taiti, S.; Wilson, G. D. F. "World List of Marine, Freshwater and Terrestrial Isopod Crustaceans". World Register of Marine Species. Dijupuk 2018-02-19. 
  4. Valentine, J. W. (2004). On the Origin of Phyla. University of Chicago Press. k. 33. ISBN 0-226-84548-6. 
  5. a b Naylor, E. (1978). British marine isopods : keys and notes for the identification of the species (ed. 2). Academic Press. k. 2. ISBN 0-12-515150-0. 
  6. "Isopod, Pillbug, Sow Bug Information". University of Arizona. 1997. Dijupuk 2014-08-21. 
  7. Lee, Welton L. (1966). "Color change and the ecology of the marine isopod Idothea (Pentidotea) montereyensis Maloney, 1933". Ecology 47 (6): 930–941. JSTOR 1935640. doi:10.2307/1935640. 
  8. Keable, S. J.; Poore, G. C. B.; Wilson, G. D. F. (2002-10-02). "Australian Isopoda: Families". Australian Museum. Dijupuk 2018-02-19. 
  9. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u Ruppert, Edward E.; Fox, Richard, S.; Barnes, Robert D. (2004). Invertebrate Zoology (ed. 7). Cengage Learning. kk. 661–667. ISBN 978-81-315-0104-7. 
  10. Wilson, G. D. F. (1989). "A systematic revision of the deep-sea subfamily Lipomerinae of the isopod crustacean family Munnopsidae". Bulletin of the Scripps Institution of Oceanography 27: 1–138. 
  11. Wilson, G. D. F. (2009). "The road to the Janiroidea: Comparative morphology and evolution of the asellote isopod crustaceans". Journal of Zoological Systematics and Evolutionary Research 25 (4): 257–280. doi:10.1111/j.1439-0469.1987.tb00608.x. 
  12. Wilson, George, D. F. (1991). "Functional morphology and evolution of isopod genitalia". In Bauer, Raymond T.; Martin, Joel W. Crustacean Sexual Biology. Columbia University Press. kk. 228–245. ISBN 0-231-06880-8. 
  13. Martin, Joel W.; Davis, George E. (2001). An Updated Classification of the Recent Crustacea (PDF). Natural History Museum of Los Angeles County. kk. 132 pp. 
  14. a b c d e Richard Brusca (1997-08-06). "Isopoda". Tree of Life Web Project. Dijupuk 2018-02-19. 
  15. Williams, Ernest H. Jr. (2000). "Isopods as parasites or associates of fishes". Keynote Address: Southeastern Society of Parasitologists 9–10. 
  16. Ravichandran, S.; Rameshkumar, G.; Balasubramanian, T. (2010). "Infestation of isopod parasites in commercial marine fishes". Journal of Parasitic Diseases 34 (2): 97–98. doi:10.1007/s12639-010-0014-3. 
  17. Shimek, Ronald L. (2002). "Pills, parasites, and predators; isopods in the reef aquarium". Reefkeeping 1 (4). 
  18. Cithakan:Cite WoRMS
  19. Srour, Marc (2012-07-13). "Tongue Biters and Deep Sea Giants: The Cymothoida (Crustacea: Isopoda)". Teaching Biology. Dijupuk 2014-05-08. 
  20. a b c d e Brandt, Angelika; Poore, Gary C. B. (2003). "Higher classification of the flabelliferan and related Isopoda based on a reappraisal of relationships". Invertebrate Systematics 17 (6): 893–923. doi:10.1071/IS02032. 
  21. Brusca, Richard; Coelho Vania R.; Taiti, Stefano (2001). "Suborder Oniscidea (Terrestrial Isopods)". Tree of Life Web Project. Dijupuk 2018-02-19. 
  22. Cithakan:Cite WoRMS
  23. Schram, Frederick R. (1970). "Isopod from the Pennsylvanian of Illinois". Science 169 (3948): 854–855. PMID 5432581. doi:10.1126/science.169.3948.854. 
  24. a b Poore, G. C.; Bruce, N. L. (2012). "Global diversity of marine isopods (except Asellota and crustacean symbionts)". PloS One 7 (8): e43529. doi:10.1371/journal.pone.0043529. 
  25. a b Warburg, M. R. (1987). "Isopods and their terrestrial environment". Advances in Ecological Research 17: 187–242. doi:10.1016/S0065-2504(08)60246-9. 
  26. Shields, Jeffrey. "Epicaridea: The parasitic isopods of Crustacea". Virginia Institute of Marine Science. Dijupuk 2018-02-19. 
  27. Brusca, R. C.; Gilligan, M. R. (1983). "Tongue replacement in a marine fish (Lutjanus guttatus) by a parasitic isopod (Crustacea: Isopoda)". Copeia 3 (3): 813–816. JSTOR 1444352. doi:10.2307/1444352. 
  28. George, Robert Y. (1972). "Biphasic moulting in Isopod Crustacea and the finding of an unusual mode of moulting in the antarctic genus Glyptonotus". Journal of Natural History 6 (6): 651–656. doi:10.1080/00222937200770591. 
  29. a b Broly, Pierre; Deville, Pascal; Maillet, Sébastien (2012). "The origin of terrestrial isopods (Crustacea: Isopoda: Oniscidea)". Evolutionary Ecology 27 (3): 461–476. doi:10.1007/s10682-012-9625-8. 
  30. "Benthic animals". Icelandic Ministry of Fisheries and Agriculture. Dijupuk 2018-02-19. 
  31. Zimmer, M. (2002). "Nutrition in terrestrial isopods (Isopoda: Oniscidea): an evolutionary-ecological approach". Biological Reviews of the Cambridge Philosophical Society 77 (4): 455–493. PMID 12475050. doi:10.1017/S1464793102005912. 
  32. Geffen, Koert G.; Berg, Matty P.; Aerts, Rien (2011). "Potential macro-detritivore range expansion into the subarctic stimulates litter decomposition: a new positive feedback mechanism to climate change?". Oecologia 167 (4): 1163–1175. doi:10.1007/s00442-011-2051-8. 

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cithakan:Malacostraca