Infra abang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gambar saka salah sawijiné kéwan kirek cilik dijupuk sajeroning cahya inframerah - tengah (werna salah)

Infrabang ya iku radiasi èlèktromagnètik kang diasilake saka panjang gelombang kang luwih dawa ska cahya nyata, kajaba iku luwih cendak saka radiasi gelombang radhio. Namané bisa diartekake "ngisor abang" (saka basa Latin infra, "ngisor"),abang kang arupa jinis werna kang diasilake saka cahya gelompang kang paling dawa. Radiasi inframerah kang duwé jarak laku telu "order" lan duwé dawa gelombang antara 700  nm lan 1 mm. Inframerah tinemu kanthi ora sengaja déning panjenengané Sir William Herschell, astronom karajan Inggris minangka panjenengané ngadakake panelitiana ngupaya bahan panyaringan optik kang kanggo ngurangi kabeningan gambar mengurangi kecerahan gambar srengéngé sajeroning tata surya teleskop

Karakteristik[besut | besut sumber]

  • Ora bisa dideleng déning manungsa.
  • Ora bisa nembus materi kang ora bisa tembus pandang
  • Bisa digawé déning komponen kang ngasilaké panas
  • Dawa gelombang jrnoning inframerah duwé sesambungan déning pamusuhan utawa pambanding kuwalik sajeroning suhu. Minangka suhu ana ngalami panas kang dhuwur, semana uga dawa gelombang ngalami pamuduan.

Jinis-jinis inframerah adidasar dawa gelombang[besut | besut sumber]

  • Inframerah jarak cerak déning dawa gelombang 0.75 – 1.5 µm
  • Inframerah jarak tetengahan déning dawa gelombang 1.50 – 10 µm
  • Inframerah jarak adoh déning dawa gelombang 10 – 100 µm

Kaunggulan infraabang sajeroning pangiriman data[besut | besut sumber]

  • Pangiriman data déning infra abang bisa dilakukake sajeroning nalika-wetu, karane pangirimane migunakaké inframerah uga ora mbutuhake sinyal
  • Pangiriman data migunakaké infra abang bisa digolongake gampang karana kagolong piranti kang saderhana
  • Pangiriman data saka ponsel ora mbayar utawa (gratis)

Babagan Industri[besut | besut sumber]

  • Lampu inframerah. Kang arupa lampu sorot kang duwé sumbu kawat soroé kanthi suhu sandhuwuré ±2500°K. babagan kaya mengkene iki disebabake karana sinar infra abang kang sumebar lan disorotaké saya akèh tinimbang lampu sorot biyasa. Lampu infra abang duwé mupangat gedhé kang tumuju kanggo nunjang prosès pamanasan ing babagan indhustri.
  • Pamanasan infrabang ya iku kahanan ing ngendhi suwasana ing ènergi inframerah nyerang sawijininh wangun objek déning salah sijiné kakuatan ènergi èlèktromagnètik kang sumebar dipancarake ing ndhuwur -273 °C (0°K sajeroning suhu mutlak). Pamanasan inframerah duwé mupangat kaya ta dimumpangatake déning sapérangan piranti utawa piranti, pemanggang lan bal lampu (bola lampu) (90% panas – 10% cahya).

Réferènsi[besut | besut sumber]

  • Tim Penyusun. (1982). Ensiklopedia Indonésia 3. Chapter31.Page13. Jakarta: Ichtiar Baru - Van Hoeve
  • Turkle, Sherry (1995). Life on The Screen: Identity in the Age of the Internet. New York: Touchstone.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

Spektrum elektromagnetik

Gelombang radhio | Gelombang mikro | Infraabang | Spektrum optik | Ultraungu | Sinar-X | Sinar gamma


Kasat mata (katon): Abang | Jingga | Kuning | Ijo | Biru | Nila | Ungu