Adolf Hitler

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Hitler)
Adolf Hitler
Hitler padha taun 1937
Führer Jerman
Linggih
2 Agustus 1934 – 30 April 1945
Kang sadurungéPaul von Hindenburg
(sebagai Présidhèn)
Kang sawiséKarl Dönitz
(sebagai Présidhèn)
Kanselir Jerman
Linggih
30 Januari 1933 – 30 April 1945
PrésidhènPaul von Hindenburg
Wakil
Kang sadurungéKurt von Schleicher
Kang sawiséJoseph Goebbels
Reichsstatthalter Prusia
Linggih
30 Januari 1933 – 30 Januari 1935
Mahamantri
Kang sadurungéJabatan diwangun
Kang sawiséJabatan dihapus
Rerincèn dhiri
Lair(1889-04-20)20 April 1889
Braunau am Inn, Ostenrik-Honggari
Pati30 April 1945(1945-04-30) (umur 56)
Berlin, Jerman
Bangsa
  • Warga nagara Ostenrik sampai 7 April 1925[1]
  • Warga nagara Jerman sampai 25 Fèbruari 1932
Parté pulitikPartai Pekerja Jerman Sosialis Nasional (1921–1945)
Gayutan pulitik liyaPartai Pekerja Jerman (1920–1921)
SisihanEva Braun
(29–30 April 1945)
PanggaotaPolitikus, wadya, seniman, juru nulis
AgamaLihat: Pandangan agama Adolf Hitler
Pangaji
Tandha tangan
Jasa militèr
KasetyanCithakan:Country data Kamaharajan Jerman
CawangCithakan:Country data Kamaharajan Jerman Reichsheer
Taun leladi1914–1918
PangkatGefreiter
IjiRèsimèn Cadangan Bavaria kaping 16
PerangPerang Dunia I

Adolf Hitler (20 April 1889-30 April 1945) iku dhiktator ing donya kang paling kejem. Dhèwèké tau mimpin nagara Jerman saka taun 1933 nganti 1945. Hitler kang ngadegaké parté NSDAP utawa Nazi. Banjur ing pilihan umum ing taun 1933 Hitler bisa menang dadi Kanselir Jerman. Dhèwèké dadi misuwur amarga nduwé karep nguwasani sa-Éropa lan ngembangaké bangsa Jerman supaya sumebar. Hitler nganggep yèn wong Yahudi iku mungsuhé wong Jerman. Hitler iku kang miwiti Perang Donya II ing Éropa. Nalika mimpin, akèh wong-wong kang dianggep asor ing Éropa kaya ta wong Yahudi, Slavia, Gipsi lan sabanjuré ditumpes. Sing tiwas ing Perang Donya II iki, nganti puluhan yuta jiwa, kalebu enem yuta wong Yahudi. Nalika ing pungkasaning Perang Donya II, rikala Berlin dikupengi Wadya Bala Abang, Uni Sovyèt, Hitler kawin resmi karo pacaré; Eva Braun. Ora nganti 24 jam manèh, loro-loroné padha sudhuk slira ing tanggal 30 April 1945 ing jero Führerbunker ("bunker Sang Pemimpin").

Latar wuri[besut | besut sumber]

Adolf nalika isih bayi

Mèh kabèh biografi Hitler nudhuhaké prabédan gedhé antara paruh kapisan lan kapindho uripé. Nganti umur kira-kira 30 taun, Hitler iku dudu apa-apa, tanpa perspèktif mangsa ngarep, tilas prajurit Perang Donya I kang gagal lan kuciwa tanpa sipat-sipat astamiwa. Nanging Hitler bisa dadi Kanselir Jerman lan dhiktator kang nguwasani sa-Éropa ing wanci sawatara taun waé lan malahan dayané bisa ngungkuli para pamimpin sadurungé lan sawisé.

Mangsa cilik[besut | besut sumber]

Adolf Hitler lair ing Braunau am Inn, Ostenrik, minangka anak kaping papat saka anak enem. Bapakné Alois Hitler, (1837–1903), iku punggawa pabéyan. Ibuné Klara Pölzl, (1860–1907), iku bojo Alois kang katelu. Nanging Klara iku isih sanak-seduluré, dadi supaya bisa kawin, dhèwèké kudu olèh dispènsasi saka Paus dhisik. Saka putra Alois lan Klara kang enem cacahé, namung Adolf lan Paula kang urip nganti diwasa. Bapané Hitler, uga nduwé anak lanang, Alois Jr lan anak wadon, Angela saka bojoné kang kapindho.

Alois Hitler iku lair minangka bocah karam. Salawasé 39 taun, Alois nganggo jeneng ibuné Schicklgruber. Ing taun 1876, dhèwèké njupuk jeneng bapak kuwaloné, Johann Georg Hiedler. Jeneng iki ditulis Hiedler, Huetler, lan Huettler. Éjaan Hitler iku mbokmanawa salah tulisé siji juru tulis. Asal jeneng iki ya iku tembung Jermanik Hittler utawa kang mèmper lan tegesé kurang luwih "kang manggon ing gubug", "juru angon" utawa saka basa Slavik Hidlar lan Hidlarcek.

Propaganda sekuthu eksploitasi jeneng marga (jeneng kulawarga) asliné Hilter nalika ing Perang Donya II. Akèh pamflèt kang disebar saka montor mabur ing kutha-kutha Jerman isiné ukara Heil Schicklgruber. Nanging sajatiné kepriyé waé Hitler resmi lair minangka Hitler lan dhèwèké uga ana gandhèngané karo Hiedler liwat mbah putriné saka ibuné, Johanna Hiedler.

Jeneng Adolf iku asalé saka basa Jerman Dhuwur Kuna kanggo "sregala priyayi" (Adel=priyayi + wolf=sregala). Dadi, salah sijiné peparabané Hitler iku Wolf utawa Herr Wolf, kang wis dienggo ing dasawarsa 1920-an lan mligi namung dienggo déning kanca-kanca cedhaké (kaya ta Oom Wolf déning kulawarga Wagner) nganti ambruké Reich angka III. Jenengé sawatara markas gedhé Hitler saindhenging Éropa uga nyandhang jeneng "sregala" (Wolfsschanze "Susuh sregala" ing Prusia Wétan, Wolfsschlucht "Jurang sregala" ing Prancis, Werwolf "Sregala siluman" ing Ukraina lan sabanjuré). Déning kanca cedhaké lan para waris, Hitler diarani "Adi".

Minangka bocah cilik, Hitler tau ngomong yèn dhèwèké kerep dipecuti bapakné. Taunan sawisé dhèwèké tau celathu marang sekretarisé: "Banjur aku tékad nduwé kekarepan ora arep nangis manèh yèn bapaku mecuti aku. Pirang dina sawisé iku, aku duwé kasempatan kanggo mbuktèkaké kekarepku. Ibuku, kang wedi, lumayu ing ngarepe lawang. Aku dhéwé, meneng sinambi ngétung pecutan kang kena ing bokongku."

Simbah kakungé Hitler saka bapakné kamungkinan gedhé iku saka Johann Georg Hiedler utawa Johann Nepomuk Hiedler. Ana gosip yèn Hitler iku mbokmanawa seprapat Yahudi lan mbahé wadon, Maria Schicklgruber, tau meteng nalika nyambut gawé dadi réwang ing salah sijining kulawarga Yahudi. Gosip-gosip iki minangka pulitik temtuné bisa ngakibataké dampak kang gedhé kanggo Hitler kang ndarbéni paham anti-sémitik lan rasis. Mulané para lawan pulitik Hitler akèh kang nyoba mbuktèkaké yèn dhèwèké iku nduwé keturunan Yahudi utawa Ceko. Sanajan gosip-gosip iki ora tau bisa dibuktèkaké, kanggo Hitler kabèh iki mènèhi alesan cukup kanggo nutupi asal-usulé. Miturut Robert G. L. Waite ing The Psychopathic God: Adolf Hitler, Hitler banjur nglarang wong wadon Jerman nyambut gawé ing kulawarga Yahudi lan sawisé Anschluss utawa pancaplokan Ostenrik, Hitler nggawé kutha klairan bapakné dadi papan latihan artileri. Waite celathu yèn olèhé Hitler kurang percaya dhiri iku luwih wigati tinimbang apa asal-usul Yahudiné bisa dibuktèkaké lawan-lawané apa ora.

Kulawarga Hitler kerep pindhah-pindhah, saka Braunau am Inn menyang Passau, Lambach, Leonding, lan Linz. Hitler nalika enom iku murid kang pinter ing SD. Nanging nalika ing taun kapisan SMP (Realschule) ing Linz, dhèwèké gagal lan kudu ngulang manèh. Guru-guruné celathu yèn dhèwèké "ora nduwé karep nyambut gawé". Salah siji kanca sekolahé Hitler ing Realschule iku Ludwig Wittgenstein, salah sijining filsuf paling wigati ing abad kaping 20. Sawijining buku déning Kimberley Cornish mènèhi kesan yèn konflik antara Hitler lan sawatara murid Yahudi, kaya ta Wittgenstein, iku mèlu mènèhi kagethingané Hitler marang wong Yahudi kang pungkasané nggawé Hitler dadi anti-sémitik.

Hitler dhéwé kandha yèn kegagalané ing sekolah iku amarga dhèwèké mbaléla marang bapakné, kang kepéngin supaya dhèwèké dadi punggawa pabéyan. Nanging Hitler sajatiné kepéngin dadi pelukis. Hitler mbésuk kandha yèn dhèwèké sajatiné iku seniman kang ora dingertèni. Kepriyé waé, nalika Alois tilar donya ing 3 Januari 1903, préstasi Hitler ing sekolah ora dadi luwih apik. Mawa umur 16 taun, Hitler jebol saka sekolah tanpa ijazah.

Ing Mein Kampf, Hitler kandha yèn tuwuhing rasa nasionalisme Jermané iku amarga nalika rumaja tau maca buku bapakné prakara Perang Prancis-Prusia kang nggawé dhèwèké dadi mikir lan takon kena apa bapaké lan wong-wong Jerman Ostenrik liyané ora mèlu perang mbéla Jerman wektu iku.

Masa diwasa awal ing Wina lan München[besut | besut sumber]

Saka taun 1905 lan sabanjuré, Hitler urip kaya déné seniman ing Wina ing siji wisma yatim-piatu lan olèh tunjangan saka ibuné. Dhèwèké ditulak nganti ping loro nalika péngin lumebu Akademi Seni Murni Wina (1907-1908) mawa alesan "kurang cocog kanggo nglukis". Dhèwèké uga dikandhani yèn mbokmanawa luwih cocog studi arsitèktur.[2] Ing bukuné Hitler kandha mengkéné:

Tujuan perjalananku iku kanggo studi \bgladri\b lukisan ing Museum Karajan, nanging aku sajatiné namung ndelengi gedhongé waé. Saka ésok nganti bengi, aku lumayu saka obyèk siji menyang obyèk liyané, nanging kang tak-senengi mesthi namung gedhongé waé."[3]

Nuruti saran sekolahé, Hitler dhéwé yakin yèn iki pancèn dalan uripé, nanging dhèwèké ora nduwé ijazah kanggo kuliyah ing sekolah arsitèktur:

Ing sawetara dina aku ngerti yèn siji dina aku arep dadi arsitèk. Pesthiné, angèl banget arep kuliyah iki amarga aku nglirwakaké sekolahku ing Realschule kang saiki diperlokaké banget. Aku ora bisa kuliyah ing akademi arsitèktur tanpa nduwé ijazah. Aku ora bisa mencapai cita-citaku.[4]

Ing 21 Dhésèmber 1907, ibuné Hitler tilar donya déning lelara kanker payudara mawa umur 47 taun. Banjur Hitler dikon déning Pengadilan ing Linz supaya mènèhaké pérangan tinggalan yatimé marang seduluré wadon, Paula. Nalika umur 21 taun, Hitler olèh warisan saka tantené. Dhèwèké rekasa dadi siji pelukis ing Wina, niru gambar-gambar saka kartu-kartu pos lan ngedol lukisané marang para dagang lan wisatawan.

Sawisé ditolak manèh kapindho ing Akademi Seni, dhuwité Hitler entèk. Ing taun 1909 Hitler urip ing omah panampungan kaum glandhangan. Banjur ing taun 1910, Hitler mondhok ing wésma wong-wong kéré Hitler celathu yèn dhèwèké nalika kapisan dadi wong anti-sémitik iku awalé ana ing Wina, (Mein Kampf, jilid 1, bab 2: "Taun studi lan kasengsaran ing Wina")</ref> kang nduwé komunitas Yahudi gedhé, kalebu wong-wong Yahudi Ortodoks kang August Kubizek, Hitler iku wis dadi "anti-sémit kang tegas" sadurungé ninggal Linz, Ostenrik.[5]

Wina nalika iku sarang prasangka tradhisional religius lan rasisme abad kaping 19. Hitler bisa waé kena prabawa anti-sémitisme déning polémik lan tokoh Ostenrik lan Wina kala iku. Hitler dhéwé kandha ing Mein Kampf yèn transisiné saka wong kang ora sarujuk marang anti-sémitisme kang dhedhasar alesan agama dadi wong kang nyekuyung anti-sémitisme dhedhasar alesan rasial iku sawisé ndeleng siji wong Yahudi Ortodoks:

Ing Linz namung ana sithik wong Yahudi. Ing salawasé abad, wong-wong Yahudi kang urip ing kana wis dadi kaya wong Éropa lan mèmper banget karo umat manungsa liyané nganti aku dhéwé nganggep kabèh iku wong Jerman. Alesané kena apa kala iku aku ora wruh absurditas ilusi kaya mangkono iku amarga siji-sijiné tandha jaba kang tak-wruhi mbédakaké wong Yahudi karo awaké dhéwé iku praktèk agamané kang anèh. Nalika aku nggagas wong Yahudi iku dikuya-kuya amarga kapercayané, aku dadi krasa gething kang tumuwuh mèh dadi rasa gila yèn krungu kritik pedhes kang ditujokaké marang wong Yahudi. Aku ora bisa weruh yèn ana barang kaya ta anti-sémitisme sistèmatik.

Ing siji dina, nalika lumaku ngliwati punjer kutha, ujug-ujug aku weruh fénoména iki ing jubah dawa lan nganggo kuncir ireng loro ing pipi. Pikiranku kang pisan iku: Apa iki wong Yahudi? Sing cetha ing Linz wong Yahudi ora kaya mengkéné rupané. Ati-ati lan meneng-meneng wong iku tak-delengi, nanging saya suwé tak-delengi patemon anèh iki lan sawisé tak-titèni ciri-ciri khasé, saya suwé pitakonan iki dadi muncul ing batinku: Apa iki wong Jerman?[6]

Manawa carita iki bener, Hitler dadi jebulé ora tumindhak dhedhasar kapercayané kang anyar. Dhèwèké kerep mertamu mèlu mangan ing omahé kulawarga priyayi Yahudi lan sesrawungan karo para dagang Yahudi kang nyoba ngedolaké lukisané.[7]

Hitler mbokmanawa uga diprabawai déning karya Martin Luther Von den Juden und ihren Lügen ("Bab wong Yahudi lan dustané"). Prastawa Kristallnacht ("Wengi kristal") kadadéan ing tanggal 10 November – dina ulang tauné Luther. Ing Mein Kampf, Hitler ngrujuk Martin minangka siji satriya agung, nagarawan sajati, lan tokoh réformis agung, sesandhingan karo Wagner lan Friedrich Agung.[8] Wilhelm Röpke, siji sejarawan kang nulis bukuné sawisé Perang Donya II, narik kasimpulan yèn "wis jelas, Lutheranisme awèh prabawa pulitik, spiritual lan sajarah sosial Jerman ing cara tartamtu nganti sawisé kabèh iku direnungaké, namung bisa diarani pancèn wis garisé."[9]

Hitler dhéwé kandha yèn wong-wong Yahudi iku mungsuhé wong Arya. Dhèwèké nganggep yèn wong Yahudi iku kang ndhalangi krisis ing Ostenrik. Hitler uga nganggep sawatara wangun sosialisme lan bolshevisme kang nduwé akèh pemimpin Yahudi minangka obahan Yahudi lan ngaworaké paham anti-sémitisme Hitler, karo kagethingané marang Marxisme.

Hitler uga narik kesimpulan saka kagègèran ing parlemèn nagara Ostenrik kang multi-kultural yèn sistèm dhémokrasi parlementèr iku ora apik. Sanajan mangkono, miturut August Kubizek, kang tau dadi kancané, Hitler luwih ketarik marang opera Wagner tinimbang pulitik.

Hitler olèh warisan pungkasan saka bapakné ing sasi Mèi 1913 lan banjur pindhah menyang München. Dhèwèké nulis ing Mein Kampf yèn dhèwèké wis nityasa péngin urip ing siji kutha Jerman "sajati". Ing München, dhèwèké dadi luwih ketarik marang arsitèktur lan karya Houston Stewart Chamberlain. Saliyané iku olèhé pindhah menyang München uga ngréwangi kekarepe lumayu saka wajib militèr Ostenrik. Wusanané wadya-bala Ostenrik bisa nangkep Hitler. Sawisé ditliti kanthi fisik dhèwèké dianggep ora cocog makarya ing wadya-bala lan olèh bali menyang München manèh. Nanging nalika Perang Donya I pecah, Hitler nyuwun idin marang Raja Ludwig III saka Bayern supaya pareng bekti ing siji résimèn Bayern. panyuwuné dilulusaké lan Adolf Hitler lumebu wadya-bala Bayern.[10]

Perang Donya I[besut | besut sumber]

Pecahing Perang Donya I iku ing Jerman disambut anget, uga déning Hitler. Hitler kang péngin mèlu perang, dianggep anèh. Dhèwèké olèh fungsi caraka. Ing fungsi iki Hitler kudu nggawa préntah-préntah perang ing front kulon kang ngarep dhéwé lumebu ing jero parit. Kontak senjata kapisané kadadéan nalika ana ing Pertempuran Ieper I cedhak Kruiseke/Wervik. Hitler pancèn kendel lan kabuktèn amarga dhèwèké ing Dhésèmber 1914 olèh pahargyan Eisernes Kreuz 2. Klasse

Ing Mèi 1918, dhèwèké olèh panghargyan ijazah amarga kendel marang musuh lan ing Dhésèmber 1918 dhèwèké olèh Eisernes Kreuz 1. Klasse kang arang diwènèhaké marang prajurit. Ing 1918 dhèwèké tatu déning serangan gas minangka nduwé pangkat korperal (basa Jerman Gefreiter). Wektu iku dhèwèké dadi wuta lan kudu diopname telung sasi ing rumah sakit.

Wektu iku amarga dhèwèké lara, dadi ora ngalami gencatan senjata. Mula dhèwèké percaya karo gosip yèn Jerman dicidrani déning para pulitikus lan mligi kaum kuminis. Para pancidra iki diarani para "Durjana November" (Novemberverbrecher).

Hitler mèlu pulitik[besut | besut sumber]

Sawisé Perang Donya I, Hitler tetep dadi prajurit ing wadya-bala Jerman lan bali menyang München. Ing kono – séjé karo katrangané mbésuk – dhèwèké mèlu nglayat lelayoné Nayakotama Bayern kang dipatèni, Kurt Eisner. Sawisé 'Républik Sovyèt Bayern' ditumpes, Hitler mèlu kursus "pamikiran nasional" kang dianakaké déning Bagiyan Wiyata lan Propaganda golongan Reichswehr (angkatan senjata) Bayern lan dikepalani déning Kaptèn Karl Mayr. Sing dadi kambing ireng kala iku "komunitas Yahudi internasional", kaum kuminis lan para pulitikus ing kabèh parté pulitik, mligi parté-parté pulitik ing koalisi papréntahan Weimar.

Ing Juli 1919, Hitler ditunjuk dadi Verbindungsmann ("mata-mata pulisi") siji Aufklärungskommando ("Komando inteligènsi) déning Reichswehr. Karepé iku Hitler dikon memprabawai lan infiltrasi siji parté pulitik cilik "Parté Buruh Jerman" utawa Deutsche Arbeiterspartei (DAP). Nalika nylidiki parté iki, Hitler malahan dadi kasengsem karo paham pelopor parté iki: Anton Drexler. Anton Drexler nduwé paham anti-sémitisme, nasionalisme, anti-kapitalisme lan anti-Marxisme. Drexler nyekuyung siji pamaréntah kang kuwat, siji vèrsi paham "sosialime non-Yahudi" lan solidaritas antara kabèh anggota masarakat.

Hitler ing kéné uga tepungan karo Dietrich Eckart, siji pangrintis parté lan anggota komunitas Thule kang asifat klenik. Eckart dadi mèntoré Hitler, lan kerep dhiskusi karo dhèwèké, ngajari tatacara lan tatakrama pacelathon saha klambèn. Saliyané iku Hitler ditepungaké marang wong akèh. Hitler wusanané matur nuwun marang Eckart lan jenengé ingaran ing jilid kapindho Mein Kampf.

Hitler diwetokaké saka wadya-bala ing sasi Maret 1920 lan tilas atasané tetep nyekuyung supaya dhèwèké tetep aktif ing kauripan parté. Ing awal taun 1921, Hitler wis pinter pidhato ing ngarepé wong akèh. Ing sasi Fèbruari, Hitler pidhato marang mèh wong 6.000 ing München. Kanggo sosialisi yèn ana 'tabligh akbar', Hitler ngirim rong truk kebak suporter parté supaya muter-muter lan nggawa simbul-simbul swastika, nggawé gègèran lan nyebar brosur. Ini panrapan kapisan taktiké. Hitler dhéwé dadi misuwur kanthi umum déning pidhatoné kang kasar, polèmis lan nentang Prajanjian Versailles, lawan pulitik (kalebu kaum monarkis, nasionalis lan sosialis non-internasional liyané) lan mligi marang kaum Marxis lan Yahudi.

DAP punjeré ana ing München, sarang nasionalisme Jerman kang panas, kalebu para upsir militèr kang nduwé kekarep numpes kaum Marxis lan nggulingaké Républik Weimar. Alon-alon kabèh padha weruh Hitler lan nganggo Hitler minangka siji wahana kanggo kawigatènané dhéwé-dhéwé. Hitler lunga menyang Berlin lan marani klompoj nasionalis ing mangsa panas taun 1921, lan nalika Hitler ora ana, ana pambalélan marang para kepala DAP ing München.

Parténé saiki diparéntah déning sawijning komité èksèkutif lan anggota-anggota asliné nganggep yèn Hitler iku gawé masalah. Banjur kabèh nggawé pasekuton karo siji golongan sosialis saka Augsburg. Hitler langsung bali menyang München lan ngancam arep metu saka parté ing tanggal 11 Juli 1921. Nalika kabèh padha sadhar yèn Hitler metu saka parté, parténé bakal sirna, Hitler njupuk momèntum iki lan kandha gelem bali mawa sarat dhèwèké diwèhi kakuwasan diktatorial. Anggota komité kang nesu nulak dhisik. Banjur sawatara iku ana pamflèt anonim kang disebar lan isiné kritik kang ditujokaké marang Hitler lan wong-wong cedhaké kang ganas. Hitler banjur mbales mawa nulis layang ing siji koran München lan nganggep pitenah lan wusanané bisa menang.

Komité èksèkutif DAP wusanané dadi luwih longgar lan panjaluké Hitler diserahaké para anggota lan dianakaké siji pamungutan swara. Hitler olèh 534 swara pro lan namung siji kang kontra. Banjur ing tanggal 29 Juli 1921, Adolf Hitler diangkat dadi Führer utawa pamimpin parté iki. Jeneng parté iki déning Hitler banjur diganti dadi Nationalsozialistische Deutsche Arbeiterpartei (dicekak NSDAP) utawa Parté Buruh Jerman Nasional-Sosialis.

Sawisé iku parté iki olèh saya akèh anggota déning pidhato-pidhatoné Hitler kang èkstrem nyerang wong Yahudi, kaum sosial-dhémokrat, liberal, monarkis, kapitalis lan kuminis. Wong-wong kang wiwit katarik kalebu Rudolf Hess, Hermann Göring kang manten juru anggegana angkatan udara, lan kaptèn Ernst Röhm, saka angkatan dharat. Röhm dadi kepala organisasi paramilitèr Nazi kang diarani SA (Sturmabteilung utawa "Pérangan Panyerangan"). SA kang ngreksa rapat-rapat NSDAP lan intimidasi lawan-lawan pulitiké. Saliyané iku Hitler uga nyerep golongan-golongan mardika liyané, kaya ta Deutsche Werkgemeinschaft kang papané ana ing Nürnberg lan sadurungé dipanggedhèni déning Julius Streicher lan diangkat dadi Gauleiter (sajenis Gubernur) ing Franconia. Hitler uga digatèkaké déning pebisnis lokal lan wiwit iku Hitler ditampa antarané kalangan élit masarakat München lan tepungan karo Jéndral Erich Ludendorff kang mèlu dines ing Perang Donya I.

Bierkeller Putsch[besut | besut sumber]

Sawijining prasasti kang wiwit didokok ing taun 1994 lan ngélingaké para pulisi kang tiwas: Friedrich Fink, Nikolaus Hollweg, Max Schobert, lan Rudolf Schraut.
Artikel utama: Bierkeller Putsch

Ing pungkasan taun 1923, Adolf Hitler rumangsa yèn wektuné wis cocog kanggo ngrebut kakuwasan ing Jerman. Hitler olèh ilham déning Benito Mussolini kang nganakaké Mars menyang Roma lan bisa ngrebut kakuwasan. Banjur karo sekuyungan kancané, Jéndral Erich Ludendorff, Hitler ing tanggal 8 November 1923 lunga karo pendukungé menyang siji balé minuman bir ing kutha München lan ing basa Jerman diarani Bierkeller. Ing kono pas ana Gustav Ritter von Kahr, pemimpin Bayern. Hitler banjur nodhongaké pistulé lan nuntut kakuwasan, dhèwèké nyoba nggulingaké kakuwasan utawa nganakaké kudéta (basa Jerman Putsch). Rencanané yèn kakuwasan wis olèh ing München, Hitler lan kanca-kancané arep mars menyang Berlin.

Nanging penggayuhé Hitler ora kasil lan wusanané ana témbak-témbakan antara pulisi lan para sekuyungé Hitler. Ana 4 pulisi kang tiwas lan 16 kaum Nazi kang mati. Wong-wong Nazi kang mati iki mbésuk didadèkaké martir déning Hitler lan dianggep mati syuhada:

  • Felix Alfarth
  • Andreas Bauriedl
  • Theodor Casella
  • William Ehrlich
  • Martin Faust
  • Anton Hechenberger
  • Oskar Körner
  • Karl Kuhn
  • Karl Laforce
  • Kurt Neubauer
  • Klaus von Pape
  • Theodor von der Pfordten
  • Johann Rickmers
  • Max Erwin von Scheubner-Richter
  • Lorenz Ritter von Stransky
  • Wilhelm Wolf

Hitler dhéwé ésoké ing tanggal 9 November 1923 lumayu nanging bisa dicekel pulisi. Dhèwèké diadili lan olèh ukuman 5 taun kunjara. Dhèwèké dikunjara ing Landsberg. Nanging sawisé prastawa iki jenengé Hitler dadi misuwur sa-Jerman.

Mein Kampf[besut | besut sumber]

Artikel utama: Mein Kampf

Nalika dikunjara ing Landsberg, Hitler ndikté bukuné Mein Kampf ("Perjuwanganku") marang wakilé Rudolf Hess. Buku iki isiné otobiografiné lan gagasan-gagasané. Buku iki didol ing rong jilid ing taun 1925 lan 1926. Wusanané antara taun 1925 lan 1934 bisa payu 240.000 èksemplar. Bubar Perang Donya II, ana 10 yuta èksemplar kang wis didol lan didum (mantèn anyar lan prajurit olèh gratis).

Manuju kakuwasan[besut | besut sumber]

Kasil pemilu Parté Nazi
Tanggal Swara Persentase Kursi ing Reichstag Latar wuri
Mèi 1924 1.918.300 6,5 32 Hitler ing kunjara
Dhésèmber 1924 907.300 3,0 14 Hitler diwetokaké saka kunjara
Mèi 1928 810.100 2,6 12  
September 1930 6.409.600 18,3 107 Sawisé krisis ékonomi
Juli 1932 13.745.800 37,4 230 Hitler dadi kandidat présidhèn
November 1932 11.737.000 33,1 196  
Maret 1933 17.277.000 43,9 288 Nalika mangsa kalungguhan Kanselir kanggo Hitler

Holocaust[besut | besut sumber]

Wiwit 1 April 1933 ana boikot bisnis Yahudi kang dipréntah déning kaum Nazi. Ing blabag iki tulisané Deutsche, wehrt euch! Kauft nicht bei Juden ("Wong-wong Jerman, nglawana! Aja tetuku karo wong Yahudi"). Plang iki gumantung ing ngarepé toko Tietz ing Berlin. Ing cendhéla ana gambaré Lintang Yahudi. Plang iki dijaga déning siji laskar Nazi.
Artikel utama: Holocaust

Langsung sawisé Hitler dilantik, ing bilik-bilik umum muncul plang-plang kang tulisan 'Dilarang kanggo wong Yahudi'. Wong-wong Yahudi diwatesi pagawéyané lan undhang-undhang pakawinan uga diowahi. Wiwit taun 1935 (nalika 'undhang-undhang Nürnberg'), wong Yahudi dilarang kawin karo wong non-Yahudi. Sangsaya akèh wong Yahudi Jerman kang padha ijrah. Sawetara dirazzia lan dikirim menyang 'kamp-kamp makarya' kang jebulé iku 'kamp-kamp konsèntrasi' utawa malahan 'kamp-kamp pasirnan manungsa'. Dikira-kira ana watara 15,000 kamps diyasa ing tlatah kang dikuwasani Jerman, ora kalebu kamp cilik-cilik kang diyasa saanané kanggo kang ndunungi lokal. [11] Salah siji kamp kosèntrasi kang misuwur ya iku Kamp konsèntrasi Auschwitz.

Ing kutha krajan Polen Warsawa, wong-wong Yahudi kang manggon ing kono digiring ing ghetto lan sawisé diangkud menyang kamp-kamp konsèntrasi. Saliyané wong-wong Yahudi, gunggungé uga ana sayuta wong Polen liyané kang dikirim menyang kamp-kamp konsèntrasi lan saka tlatah-tlatah pendudukan gunggungé ana 6 yuta pemudha antara 18 lan 45 taun kang dipeksa makarya kanggo indhustri perang Jerman. Perkara iki diarani Arbeitseinsatz ("panrapan makarya"). Nanging bésok déning para hakim Sakuthu ing Nürnberg diarani 'pangulunan' (batur tukon). Ing konferènsi Wannsee (Januari 1942), nalika para pamimpin Nazi rapat, kabèh padha mikiraké 'solusi pungkasan' (Endlösung) 'Masalah Yahudi'. Nalika iku diputusaké supaya ngrampungi 10 yuta wong-wong Yahudi ing Éropa.

Organisasi 'solusi pungkasan' iki diwènèhaké marang Reinhard Heydrich lan Heinrich Himmler, administrasiné marang Adolf Eichmann lan èksekusiné marang akèh opsir, militèr lan kang ndunungi sipil biyasa kang wis taunan olèh propaganda. Saliyané wong Yahudi, wong-wong liyané kang dianggep mungsuh lan kurang mulyané kaya ta wong Gipsi, homosèksual, saksi Yehova lan liya-liyané uga dirampungi.

Holocaust dhéwé ing lingkungané Hitler dianggep tabu diomongaké. Nganti sapréné durung tinemu bukti katulis préntah Hitler ngenani holocaust iki. Hitler dhéwé durung tau ing kamp-kamp konsèntrasi Auschwitz, Majdanek, Sobibór, Treblinka utawa liyané. Nanging kepriyé waé Hitler dhéwé ora tau nutupi kagethingané marang wong Yahudi lan wis kerep ngomongaké 'pasirnané' lan 'pambusakané' wong Yahudi.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. NS-Archiv, 7 April 1925.
  2. Bullock, A. Hitler: A Study in Tyranny, 30-31.
  3. Mein Kampf, Bab II, paragraf 3)
  4. Mein Kampf, Bab II, paragraf 5 & 6.
  5. (Mein Kampf, jilid 1, bab 2: "Taun studi lan kasengsaran ing Wina ")
  6. (Mein Kampf, vol. 1, chap. 2: " Taun studi lan kasengsaran ing Wina ")
  7. Hitler's Vienna. A dictator's apprenticeship by Brigitte Hamann and Thomas Thornton, Oxford University Press, USA (1 Juli 1999)
  8. Hitler, Adolf, Mein Kampf, Jilid 1, Bab VII
  9. The Solution to the German Problem, déning Wilhelm Röpke (1946: 117), G.P. Putnam's Sons
  10. Shirer, William L., The Rise And Fall of Adolf Hitler c 1961, Random House
  11. Concentration Camp Listing Sumber saka Van Eck, Ludo Le livre des Camps. Belgium:Editions Kritak; and Gilbert, Martin Atlas of the Holocaust. New York:William Morrow 1993 ISBN 0-688-12364-3. In this on-line site are published the names of 149 camps and 814 subcamps, organized by country.

Delengen uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Gambar lan vidéo[besut | besut sumber]

Pidato lan publikasi[besut | besut sumber]

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.