Diyarbakır

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Diyarbakır
Kutha métropolitan
Kiwa ndhuwur: Masjid Ali Pasha, Tengen ndhuwur: Masjid Nebi, Gambar kaloro: Taman Seyrangeha, Gambar katelu kiwa: Masjid Dört Ayakli Minare, Gambar katelu tengen ndhuwur: Deriyê Çiyê, Gambar katelu tengen ngisor: Kreteg On Gözlü (utawa Kreteg Silvan), sandhuwuré Kali Tigris, Kiwa ngisor: Tèmbok Kuthané Diyarbakır, Tengen ngisor: Gazi Köşkü (Baléné Vèteran)
Kiwa ndhuwur: Masjid Ali Pasha, Tengen ndhuwur: Masjid Nebi, Gambar kaloro: Taman Seyrangeha, Gambar katelu kiwa: Masjid Dört Ayakli Minare, Gambar katelu tengen ndhuwur: Deriyê Çiyê, Gambar katelu tengen ngisor: Kreteg On Gözlü (utawa Kreteg Silvan), sandhuwuré Kali Tigris, Kiwa ngisor: Tèmbok Kuthané Diyarbakır, Tengen ngisor: Gazi Köşkü (Baléné Vèteran)
Diyarbakır is located in Turki
Diyarbakır
Diyarbakır
Wewengkoné Diyarbakır ing Turki
Koordhinat: 37°55′N 40°14′E / 37.91°N 40.24°E / 37.91; 40.24
Nagara  Turki
Wewengkon Anatolia Kidul-Wétan
Provinsi Provinsi Diyarbakır
Pamaréntahan
 • Walikutha Cumali Atilla (Walikutha kapatah déning praja[1])
Élevasi 675 m (2,215 ft)
Cacah warga (2013)[2]
 • Kutha métropolitan 930,266
 • Métro 1.300.000
Zona wektu FET (UTC+3)
Kodhe pos 21x xx
Kodhe laladan (0090)+ 412
Plat nomer 21
Situs wèb www.diyarbakir-bld.gov.tr

Diyarbakır (Basa Kurdhi: Amed‎)[3][4][5] iku salah sawijining kutha kang paling gedhé ing Turki Kidul-Wétan. Kutha iki dumunung ana ing pinggiring Kali Tigris, lan mujudaké kutha krajan administratifé Provinsi Diyarbakır. Kanthi gunggung cacah jjiwa kang diwatara ngancik 930.000 wong, kutha kasebut mujudaké kutha kaloro kang paling Wewengkon Anatolia Kidul-Wetané Turki, sawisé Gaziantep.

Diyarbakir dianggep minangkka kutha krajan kang ora resmi saka Kurdhistan Turki.[6][7][8][9][10] Kutha kasebut wis dadi punjeré konflik antarané pamaréntah Turki karo ontran-ontran Kurdhi.

Jeneng lan étimologi[besut | besut sumber]

Jeneng Diyarbakir (arab دیار بکر "Diyaru Bakr kang tegesé tanahé Bakir; Armèni: Տիգրանակերտ; Tigranakert;[11] Ancient Greek: Άμιδα, Amida; Turki Osmani: دیاربکرDiyâr-ı Bekr; Syriac: ܐܡܝܕ‎) katulis minangka Amid ing sarungé pedhang saka jaman Assyria, lan jeneng kang padha uga digunakaké ing karya-karya Suriah lan Arab kontèmporèr.[12] Wong Rum lan Byzantin nyebut kutha kuwi Amida. Istilah liyané ing jaman tengahan kanggo istilah Amit ditemokaké ing dhokumèn resmi saka Kakaisaran Trebizond ing 1358.[13] Kanggoné wangsa Artukid lan Akkoyunlu istilah kasebut dikenal minangka "Black Amid" (Kara Amid) amarga wernané tèmbok kang peteng, déné ing Zafername, utawa pidhato pamuji marang kamenangan militèr, istilah iku karan "Black Fortress" (Kara Kale). Ing Kitab Dede Korkut lan sawenèh karya Turki liyané istilah kasebut katulis minangka Kara Hamid.

Sawisé panelukan Arab ing abad ka-7, golonganing warga Bakr saka Arab manggon ing wewengkon iki, saéngga wewengkon kasebut dijuluki Diyar Bakar ("pamukimané golonganing warga Bakr", ing basa arab: ديار بكر Diyar Bakar).[14][15] Ing taun 1937, Atatürk nekani Diyarbekir. Sawise ngandhakaké rasa ranguné marang étimologi saka kutha kasebut, dhèwèké ngongkon supaya kutha kuwi salin jeneng dadi "Diyarbakır", kang tegesé "tanahing tembaga" ing basa Turki ditemokaké sumber daya alam tembaga ing sakupengé kutha kasebut.[16]

Ulah raga[besut | besut sumber]

Klub bal-balan kang paling kondhang ya iku Amed SK.[17]

Klub bal-balan wadon Amed SFK diundhakaké ing pungkasaning Liga Bal-balan Wanita Turki 2 taun 2016-2017 dadi Liga Bal-balan Wanita Turki 1.[18]

Ékonomi[besut | besut sumber]

Diyarbakır iku mujudaké papan budidaya gandum lan wijèn. Wong-wong bakal nyimpen gandumé ing gudhang, lan bakal ditutupi nganggo damèn karo pang saka wit Glycyrrhiza glabra. Kanthi cara mangkéné, gandum bisa disimpen nganti 10 taun.[19] Ing pungkasaning abad ka-19 lan kawitané abad ka-20, Diyarbakır bisa èkspor kismis, kacang almond, lan apricot marang Éropah.[20] Wedhus Anggora uga diingu, saéngga ngasilaké wol lan mohair, banjur dièkspor saka Diyarbakır. Para sudagar uga bakal teka saka Mesir, Istanbul, lan Suriah, saperlu tuku wedhus lan wedhus gèmbèl.[21] Madu uga dibudidaya ing wewengkon iki, nanging ora akèh dièkspor, nanging dipigunakaké déning wong lokal. Prodhuksi sutra uga akèh dilakokaké ana ing wewengkon iki.[22]

Sadurungé Perang Donya I, Diyarbakır duwé siji indhustri tembaga kang aktif, kanthi enem tambang. Ana telung tambang kang aktif, rong tambang diduwèni wong lokal, lan tambang sijiné diduwèni pamaréntah Turki. Jinis tembaga kang paling utama nalika ditambang ya iku Tenorite kang ditambang dhéwé déning wong Kurdhi. Akèh-akèhé hasile dièkspor menyang Inggris. Ing wewengkon kuwi uga akèh prodhuksi wesi, gypsum, batu bara, kapur, jeruk, jet, lan kwarsa, nanging mligi kanggo kabutuhan enggonan.[23]

Démografi[besut | besut sumber]

Sajarah démografiné[besut | besut sumber]

Nalika mlebu abad ka-19, populasiné wong Kristen ing kutha iki akèh-akèhé dumadi saka wong Armenia lan wong Kristen Ortodok Suriah.[24] Wong Armenia ndunungi kutha iki wiwit abad ka-8, déné wong Suryani dianggep minangka katurunan saka wong Araméan. Uga ana bebrayan Yahudi cilik ing kono.[25]

Jaman saiki

Ana sawenèh désa Alevi Turkoman ing kutha lawasé Diyarbakır, nanging ana data spésifik kang ngrujuk marang bab iki.[26]

Budaya[besut | besut sumber]

Jogèd rakyat nganggo iringan drum lan zurna (pipa) mujudaké salah sawijining pérangané lan pèngetan ing wewengkon iki.

Olah-olahan[besut | besut sumber]

Diyarbakır kondhang awit olah-olahan wedhusé kang akèh migunakaké bumbon crakèn kaya ta mrica ireng, sumac lan ketumbar; beras, bulgur lan mertega. Olah-olahan saka Diyarbakır kang paling kondhang jenengé Meftune kang digawe saka daging wedhus lan sayuran nganggo bawang lan sumac. Olah-olahan liyané ya iku Kaburga Dolması iga wedhus kang dipanggang, diisi sega, lan manéka warna bumbon crakèn. Diyarbakır uga kondhang awit saka budidaya semangka kang dièkspor ing jagat internasional.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ "Diyarbakır Büyükşehir Belediyesi'ne kayyum atandı" (ing basa Turkish). Habertürk. 1 November 2016. Dijupuk 13 November 2016. 
  2. ^ "Turkey: Major cities and provinces". citypopulation.de. Dijupuk 2015-02-08. 
  3. ^ Gunter, Michael M. (2010). Historical Dictionary of the Kurds. Scarecrow Press. k. 86. Diyarbakir is often called the unofficial capital of Turkish Kurdistan. Its Kurdish name is Amed. 
  4. ^ King, Diane E. (2013). Kurdistan on the Global Stage: Kinship, Land, and Community in Iraq. Rutgers University Press. k. 233. Diyarbakir's Kurdish name is “Amed.” 
  5. ^ Akyol, Mustafa (2007). "Pro-Kurdish DTP sweeps Diyarbakir". Hürriyet. Amed is the ancient name given to Diyarbakir in the Kurdish language. 
  6. ^ Joseph R. Rudolph Jr. (7 December 2015). Encyclopedia of Modern Ethnic Conflicts, 2nd Edition [2 volumes]. ABC-CLIO. k. 484. ISBN 978-1-61069-553-4. As some have noted, Turkey's road to the EU lies through Diyarbakir, the unofficial capital of Turkish Kurdistan. 
  7. ^ Wendelmoet Hamelink (6 April 2016). The Sung Home. Narrative, Morality, and the Kurdish Nation. BRILL. k. 307. ISBN 978-90-04-31482-5. This is also related to the unique position of Diyarbakır as the unofficial capital city of Turkish Kurdistan, as such ... 
  8. ^ William Ayers; Therese M. Quinn; David Stovall (2 June 2009). Handbook of Social Justice in Education. Routledge. k. 187. ISBN 978-1-135-59614-9. The unofficial capital of North Kurdistan (Turkish Kurdistan) is Diyarbakir in Turkish, but Amed in Kurdish. 
  9. ^ Elise Massicard; Nicole Watts (12 December 2012). Negotiating Political Power in Turkey: Breaking up the Party. Routledge. k. 99. ISBN 978-1-135-13687-1. This chapter explores these questions through an analysis of pro-Kurdish parties1 and their social footing in the city of Diyarbakır, one of the largest cities in Turkey's mostly Kurdish southeast and often viewed as the unofficial capital of the country's Kurdish region. 
  10. ^ Jeri Laber; Lois Whitman (1 January 1988). Destroying Ethnic Identity: The Kurds of Turkey. Human Rights Watch. k. 8. ISBN 978-0-938579-41-0. It began in Diyarbakir, the unofficial capital of Turkish Kurdistan, 
  11. ^ Western Armenian pronunciation: Dikranagerd; Hovannisian, Richard G. (2006). Armenian Tigranakert/Diarbekir and Edessa/Urfa. Costa Mesa, California: Mazda Publishers. k. 2. ISBN 9781568591537. The city that later generations of Armenians would call Dikranagerd was actually ancient Amid or Amida (now Diyarbekir or Diyarbakır), a great walled city with seventy-two towers... 
  12. ^ Diyarbakır. Turkish Airlines. Retrieved on 2012-05-13.
  13. ^ Zehiroglu, Ahmet M. ; "Trabzon Imparatorlugu" 2016 (ISBN 978-605-4567-52-2) ; p.223
  14. ^ Abdul- Rahman Mizouri Taj Al- Arifeen: Udday bin Musafir Al- Kurdy Al- Hakary Is not an Umayyad. Part Two. College of Arts/ Dohuk University (2001)
  15. ^ Verity Campbell (1 April 2007). Turkey. Lonely Planet. kk. 621–. ISBN 978-1-74104-556-7. Dijupuk 13 May 2012. 
  16. ^ See Üngör, Uğur (2011), The Making of Modern Turkey: Nation and State in Eastern Anatolia, 1913–1950. Oxford: Oxford University Press, p. 244. ISBN 0-19-960360-X.
  17. ^ "Turkish court acquits German footballer Naki in Kurdish case". BBC. 8 November 2016. 
  18. ^ "Amed Sportif Faaliyetler Kadın Futbol Takımı Şampiyon Oldu". Milliyet (ing basa Turkish). 2017-05-01. Dijupuk 2017-06-18. 
  19. ^ Prothero, W.G. (1920). Armenia and Kurdistan. London: H.M. Stationery Office. k. 60. 
  20. ^ Prothero, W.G. (1920). Armenia and Kurdistan. London: H.M. Stationery Office. k. 62. 
  21. ^ Prothero, W.G. (1920). Armenia and Kurdistan. London: H.M. Stationery Office. k. 63. 
  22. ^ Prothero, W.G. (1920). Armenia and Kurdistan. London: H.M. Stationery Office. k. 64. 
  23. ^ Prothero, W.G. (1920). Armenia and Kurdistan. London: H.M. Stationery Office. k. 70. 
  24. ^ Joost Jongerden; Jelle Verheij (2012). Social Relations in Ottoman Diyarbekir, 1870–1915. BRILL. k. 20. ISBN 90-04-22518-8. 
  25. ^ [1] Konu: Diyarbakır Tarihi ve Demografik Yapısı
  26. ^ [2] Diyarbakır Alevi-Türkmen köyleri