Dhelikan
Lukisan kang nggambaraké bocah lagi dhelikan | |
| Pemain | 2+ |
|---|---|
| Watesan yuswa | tanpa batesan |
| Warsa | <90 seconds |
| Jangka wektu | no limit |
| Kemungkinan acak | Very Low |
| Ketrampilan | Running, Tracking, Hiding, Observation |

Dhelikan utawa jélungan, jumpritan utawa culikan, yaiku dolanan bocah sing dilakokake dening bocah loro utawa luwih. Bocah-bocah kang mèlu padha melu dolanan iki abene padha hompipah dinggo nentokake sapa sing bakal jaga ing tembok utawa cagak sing dinggo pos "jaga". Bocah sing kalah kudu jaga cagak lan nggoleki kanca-kanca liyane sing padha ndelik. Bocah-bocah sing menang bisa ndelik ing sakiwa tengen cagak/pos jaga. Dolanan iki bisane dilakokake déning bocah loro utawa luwih. Bocah kang kebagean jaga kudu merem lan ngetung angka kang wis dikukuhaké sadurungé, sawatara bocah-bocah liyané padha lumayu ndhelik. Nalika ngetunge wis rampung, bocah kang "jaga" banjur kudu nggoleki.
Kanggo nemtokake sapa sing "jaga", racaké nganggo cara diundhi, kanthi sompyo, pingsut utawa incu. bocah sing kalah undhi kudu "jaga"
Variasi
[besut | besut sumber]Dolanan iki duwé pira-pira variasi, ing antarané :
- Bocah kang wis tinemu banjur ganti "jaga"
- Kroyok ing, ya iku undhian dilakokake kanthi giliran ngglundhungake bal kanggo ngrubuhake tumpukan krèwèng (pecahan gendhèng). Bocah kang ana ing urutan samburine bocah kang ngrubuhake tumpukan kreweng kudu "jaga". Bocah-bocah liyané gage ndhelik sawatara bocah kang "jaga" numpuk manèh krewenge. Sinambi nggoleki bocah liyané, bocah kang "jaga" uga kudu njaga tumpukan kreweng, aja nganti dirubuhake bocah kang lagi ndhelik.
- bocah kang bisa nyekel papan kango merem tangan semendhe ing tembok karo kumecap "jelung" ora bisa dadi sing njaga. Nalika kabeh kang ndelik bisa nyekel papan lan ngomong "jelung" kang dadi yaiku kang dadi kuwi meneh.