Menyang kontèn

Jamuran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tembang Jamuran.

Jamuran (Carakan: ꦗꦩꦸꦂꦫꦤ꧀; basa Indhonésia: Jamuran) iku dolanan kang misuwur ing tlatah Jawa. Jamuran bisa dilakokaké bocah kang cacahé 4-12. Jamuran lumrahé dianakake ing wektu sore lan bengi nalika padhang bulan. Bocah sing mèlu dolanan umuré antarané 6 nganti 13 taun. Dolanan jamuran bisa dilakokaké déning bocah lanang, bocah wadon utawa campuran. Dolanan jamuran ora butuhaké perkakas warna-warna, mung butuhake latar kang jembar. Lagu “Jamuran” yaiku lagu dolanan bocah-bocah sing asalé saka Jawa Tengah lan kalebu tembang dolanan. Lagu iki digawé déning Ki Hadi Sukatno lan digunakaké kanggo ngiringi dolanan tradisional sing jenengé padha. Liriké prasaja lan nggambaraké kegiyatan niru manéka warna wujud utawa jinis jamur ing sajroning dolanan. Dolanan iki biasané ditindakaké déning sawetara bocah ing papan sing amba tanpa nggunakaké piranti apa waé, kanthi siji bocah dadi pancer ing tengah, déné bocah-bocah liyané mbentuk bunderan lan padha nyanyi lagu kasebut.

Carané Dolanan

[besut | besut sumber]

Saumpama sing dolanan cacahe 10 (A, B, C, D, E, F, G, H, I, J), banjur diundhi kanthi pingsut, sapa sing kalah bakal dadi. Saumpama sing dadi J, banjur A, B, C, D, E, F, G, H, I baris wujud bunder, ngubengi J kang ana ing tengah. Banjur A nganti I mau lumaku mubeng-mubeng ngubengi J, sinambi nembangaké tembang jamuran. Nalika tekan pungkasané tembang, A nganti I mandheg anggoné ngubengi J. Banjur J mangsuli pitakoné bocah-bocah sing ngubengi. Saumpama J mangsuli jamur kethèk mènèk, banjur bocah 9 sing ngubengi mau kudu langsung tumindak kaya kethèk. Yèn ana bocah sing ora bisa niru tumindak kaya kethèk, tegesé bocah iku bakal dadi. Ana uga jamur dhandhang borot, yaiku saumpama bocah kang diubengi mangsuli jamur iki, bocah 9 mau kudu nguyuh bebarengan. Ana akeh jinis jamur kang bisa dianggo dadi ukuman, kaya ta jamur barat sing nggawe bocah-bocah tumindak kaya jamur kabur kanginan, jamur patung sing nggawe bocah-bocah kudu anteng utawa ora obah kaya patung. Bocah kang dadi bisa nyebutaké aran jamur apa waé kang kudu diperagakaké bocah 9 sing mubengi sing dadi mau. Yèn ana bocah sing ora bisa, tegesé bocah iku dadi. Saumpamané jamur gagak, bocah 9 kang ana ing pinggir mau kudu niru tumindaké gagak, yèn salah utawa ora bisa kudu dadi.

Tembang Jamuran

[besut | besut sumber]

Tembang kang ngirit dolanan jamuran yaiku anggitane Ki Hadi Sukatno, seniman klairan Delanggu, Jawa Tengah. Saliyane iku, Ki Hadi Sukatno uga kang gawe tembang dolanan liya sing terkenal, kaya déné tembang jaranan, tembang gumregah, lan tembang padang bulan. [1] Tegese tembang lan dolanan jamuran yaiku bisa ndadekake bocah supaya luwih tanggap,kendel, uga nglatih rasa seneng tetulung marang sakiwa tengene. Tembang dolanan Jawa perlu diwenehi kawigaten amarga kalebu salah siji wujud sastra lisan tradisional sing nduweni nilai budaya. Nanging ing jaman saiki tembang dolanan kaya “Jamuran” wiwit ditinggalake dening bocah-bocah Jawa amarga pengaruh budaya global lan owah-owahan cara dolanan bocah. Ing tembang “Jamuran” dhewe, saben larik nduweni teges sing gegayutan karo dolanané, kayata larik “Jamuran ya ge ge thok” sing nduweni teges yen bocah-bocah mung niru utawa gawe kaya-kaya dadi jamur nalika dolanan. Iki nuduhake yen tembang dolanan ora mung dadi hiburan, nanging uga nggambarake budaya lan lingkungan masyarakat Jawa.

Lirik tembang Jamuran kaya ta ing ngisor iki:

Jamuran
Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira bagé jamur apa

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. https://web.archive.org/web/20250917180619/https://etnis.id/mengenang-dolanan-jamuran-hiburan-sarat-moral/. Diarsip saka sing asli ing 2025-09-17. Dibukak ing 2025-09-27. {{cite news}}: Missing or empty |title= (pitulung)