Menyang kontèn

Gagak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gagak
Corvus corax
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Passeriformes
Famili: Corvidae
Génus: Corvus
Linnaeus, 1758

Gagak iku salah sijiné kulawarga manuk oceh (Passeriformes) Kulawarga kéwan kalebu marga Corvus, suku Corvidae.

Kulawarga kabèh jinis manuk iki ukurané gedhé lan warna wuluné ireng. Laladan uripé sumebar ana ing tlatah bawana lan pulo, kajaba ing tlatah Amérika Kidul.

Ing antarané kulawarga bèbèk (ing basa krama saring mau kambangan), gagak duwé kapinteran kang dhuwur [1].Kéwan iki duwé kapinteran sinau lan bisa cegah masalah lan mumpangatake isi kang ana ing sakiteré.Sajeroning kabudayan lan mitologi, manuk gagak asring dikaitake ing kajadian kang ala (buruk).Ing Éropah, gagak dipercaya kanggo manuk ingonan (sato inggon) ing kulawarga penyihir.Ing tlatah Indonésia, gagak alas dianggep bisa ndadèkaké tuladha kasusahan kang kabukti[1]. Uga Bisa dipercaya sate gagak dipercaya kanggo ngundang gènderuwa.

Manuk gagak misuwur amargi kacerdesanipun ingkang sanget inggil. Piyambakipun kagungan kamampuan éling rai manungsa lan saged mulang gagak sanès supados mangertosi manungsa ingkang mbebayani. Kacerdesan punika ugi katingal saking kamampuanipun ngrampungake prakawis lan migunakaken strategi tartamtu, kados ta makarya bebarengan ing golongan alit kanggé nyekel sato kanthi ngadang jalur pangungsèn lan nyerang saking wingking.

Salian kacerdesanipun, manuk gagak ugi gadhah peran ekologis ingkang wigati minangka predator, pamangan bangkai, lan panyebar wiji tetuwuhan. Peran punika mbiyantu njagi kaimbangan ekosistem wonten ing papan panggenanipun. Kanthi tingkat kacerdesan lan katrampilan adaptasi ingkang luar biasa, manuk gagak tetep dados salah satunggaling spesies manuk ingkang paling nggumunake lan mempesona wonten ing jagad kewan. Njagi kelestantunan papan panggenanipun punika wigati sanget supados kacerdesan lan kaunikan manuk punika saged tansah dinikmati lan dipunp sinau déning generasi saklajengipun[2].

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku[3]

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 Burung Gagak. kaunduh ing tanggal 09-03-2011[pranala mati permanèn]
  2. Hasuki, Irfan (2016-04-16). "Theory of Mind pada Burung Gagak". National Geographic Indonesia. Dibukak ing 2016-04-16.
  3. Nola, Ahgia (2016-12-15). "Tahukah Kamu, Gagak Pintar Bikin Alat". CNN Indonesia. Dibukak ing 2016-12-15.