Menyang kontèn

Layangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     
Ilustrasi konstruksi layangan kang prasaja.
Layangan naga kang dawané punjul 30 mèter kang diundha sajeroning fèstival taunan ing taun 2000 ing Berkeley, California.
Layangan nus kang di panjer ing feestival layangan ing Clovis, New Mexico

Layangan iku salah sijiné dolanan kang misuwur nganti tekan manca negara. Dolanan layangan iku merlokake layangan, benang, lan piranti kanggo ngukel benang. Dolanan manjer layangan bisa dianakaké ing sawah kang jembar utawa ing lapangan, nanging jaman saiki wis akèh kang dolanan layangan ing pinggir-pinggir dalan. Layangan digawé saka warangka kang digawé saka pring disisik cilik digawé wangun palang banjur ditalèni nganggé benang. Sabanjuré warangka mau di bungkus nganggo dluwang.

Nalika ngundha utawa ngumbulaké layangan ora ana angin, banjur bocah-bocah padha nembang lagu kang dipercaya bisa ngundang angin, sairé kaya mengkéné: Cempé-cempé, undangna barat gedhé, tak opahi duduh tapé; Cempa-cempa, undangna barat dawa, dak opahi duduh klapa.

Ana manéka jinis layangan. Sing paling umum ya iku layangan hias (sajeroning basa Batawi ingaran koang) lan layangan aduan (laga). Ana uga layangan kang diwènèhi sendharèn kang bisa ngetokaké swara marga tiupan angin. Layangan laga biasané dinggo dolanan déning bocah-bocah ing mangsa pancaroba marga lumrahé angin niup kanthi kenceng ing mangsa iku.

Ing sawatara laladan Nusantara layangan dimainaké minangka péranganing ritual tinamtu, lumrahé kagandhèng karo prosès budidaya tetanèn. Layangan paling prasaja kagawé saka godhong kang diwènèhi warangka saka pring lan ditalèni nganggo serat rpenjalin. Layangan kaya iki isih bisa tinemu ing Sulawesi. Diduga, sawatara wangun layangan tradhisional Bali tuwuh saka layangan godhong amarga wangun ovalé kang mèmper godhong.

Ing Jawa Kulon, Lampung, lan sawatara panggonan ing Indonésia tinemu layangan kang dianggo piranti mancing. Layangan iki kagawé saka anyaman godhong sajinis anggrek tinamtu, lan digayutaké karo mata pancing. Ing Pangandaran lan sawatara papan liya, layangan dipasangi jerat kanggo nyekel kalong utawa lawa.

Panggunaan layangan minangka piranti bantu panelitèn wis kaloka wiwit abad angka 18. Conto kang paling misuwur ya iku nalika Benjamin Franklin migunakaké layangan kang kahubung karo kunci kanggo nuduhaké yèn bledhèg iku nggawa momotan listrik.

Layangan raseksa saka bahan sintètis saiki wis dicoba dadi piranti kanggo ngirit panggunaan bahan bakar kapal pengangkut. Ing wayah angin kenceng, kapal mbentangaké layar raseksa kaya layangan kang bakal "narik" kapal saéngga ngirit bahan bakar.

Nanging layangan iku ora mung kanggo dolanan bocah cilik, ning jaman saiki wis dilombakaké ana ing laladan-laladan wisata umpamané ana ing Bali utawa laladan-laladan liyané. Layangan kang dilombakaké iku lumrahé ukurané gedhé-gedhé tur ya akèh macemé. Sing mèlu lomba iku uga dudu cah cilik-cilik. Lomba layangan dadi acara kang apik lan narik kawigatèn.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Cathetan pisanan kang nyebutaké dolanan layangan ya iku dhokumèn saka Cina watara taun 2500 Sadurungé Masehi. Panemon sawiji lukisan guwa ing Ugau Muna, Sulawesi Kidul-wétan, ing wiwitan abad angka 21 kang mènèhi kesan wong dolanan layangan nuwuhaké spekulasi ngenani tradhisi kang umur punjul iku ing kawasan Nusantara.

Gelasan

[besut | besut sumber]

Ana sajinis dolanan layangan kang diarani gelasan utawa adu layangan, ya iku layangan kang dipanjer diadu karo layangan liya. Sing kalah benangé banjur pedhot lan layangané kabur kanginan. Layangan kang pedhot mau lumrahé banjur digudag déning bocah-bocah kang wis padha nunggu kanthi nggawa gèntèr. Benang kang dianggo adu layangan iki lumrahé digelas dhisik, ya iku dilapisi dheplokan beling kang diraketaké nganggo ancur.

Rujukan

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]