Cublak-cublak suweng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, ya iku jinis tembang kang prasaja, biyasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, mligi ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah kawanuhaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetuwuhan, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.[1] Kadhang kala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana sajeroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Lirik[besut | besut sumber]

Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong

Dolanan cublak-cublak suweng[besut | besut sumber]

Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan kang dicublek-cublek iku suweng. Dolanan iki biyasa dianakaké wanci soré utawa wengi nalika padhang bulan, ing èmpèran kang jembar. Dolanan cublak-cublak suweng iki ora ngerti saka endi sangkané, nanging dolanan iki misuwur banget ing provinsi Jawa Tengah.

Carané dolanan[besut | besut sumber]

Dolanan iki bisa dilakokake déning bocah 5 utawa 7, racaké bocah umur 6-14 taun. Dolanan iki bisa katindakake déning bocah lanang utawa wadon. Sing diperlokake ing dolanan cublak-cublak suweng ya iku suweng, nanging yèn ora ana suweng bisa diganti nganggo krikil. Saliyané suweng utawa krikil, dolanan iki uga diiringi tembang dolanan.

Saumpama kang dolanan cacahé 7( A, B, C, D, E, F, lan G). Bocah 7 iku banjur sut, sapa kang kalah, dadi. Umpama kang dadi G. Banjur G lungguh mengkurep ing lemah lan diubengi bocah 6 liyané ( A, B, C, D, E, lan F). Salah siji saka bocah 6 kui didadèkaké embok. Banjur kabèh tangané bocah 6 mau disèlèhaké ing gegeré G, tangané nganthong(telapaké ing dhuwur). Banjur padha nyanyèkaké tembang cublak-cublak suweng, sinambi embok ngubengaké suweng ing tangané bocah 6 mau. Nalika tembang tekan pak empong lera-lere, kabèh tangan nggegem. Banjur nalika tekan sir sir pong dhele kopong, kabèh tangan dijunjung saka gegere G lan driji duding loro karone nduding banjur diobahake kaya ngirisi gula jawa. Bareng karo iku G tangi saka lungguhe. Nalika tekan sir pong dhele kopong kang kapindho G dikon milih sapa kang nggawa suweng utawa krikil mau. Yèn pilihane G salah, G kudu dadi manèh, nanging yèn bener, sapa kang dipilih mau kudu dadi. Ngono sabanjuré.

Rujukan[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]