Batalyon infanteri
Batalyon infanteri utawa dicekak Yonif iku tataran ékan dhasar tempur ing sangisoré brigade utawa rèsimèn kang dumadi saka Markas, Kompi Markas (lumrahé dumadi saka Peleton (Ton) angkudan, kasehatan, komunikasi utawa perhubungan, perbekalan lan liyané), Kompi Senapan (racaké telung Kompi) lan Kompi Bantuan (ngoperasèkaké senapan mesin berat, mortir, STTB, senjata lawan tank lsp). Batalyon infantri bisa dadi pérangan taktis saka sawijining brigade lan bisa uga madeg dhéwé (mandhiri) kanthi tugas taktis lan administrasi.
Personil
[besut | besut sumber]Cacahé personil batalyon infanteri kurang luwih 700 nganti 1000 prajurit, batalyon racaké dibawahi prajurit kanthi pangkat Mayor (senior) utawa Letnan Kolonel. Sajeroning siji batalyon racaké ana 3-6 kompi. Sajeroning nyusun sawijining yonif, TNI-AD migunakaké Tabel Organisasi Peralatan - Rangka Organisasi Infanteri utawa TOP-ROI.
Kategori Yonif
[besut | besut sumber]Miturut indhuk wadyabala
[besut | besut sumber]Ana rong jinis Batalyon infanteri ya iku:
- Batalyon Infanteri Tempur Organik Kostrad
Batalyon infanteri tempur dumunung ana ing sangisoré komando Kostrad upamané Yonif 411/Pendawa, - Batalyon Infanteri Teritorial Kodam
Batalyon infanteri teritorial kang dumunung ana ing sangisoré komando Kodam kaya déné Yonif 405/Surya Kusuma.
Miturut kualifikasi wadyabala
[besut | besut sumber]- Batalyon Infanteri Raider, contoné Yonif 323/Raider
- Batalyon Infanteri Lintas Udara utawa Para, conto Yonif Linud 501/Bajra Yudha
- Batalyon Infanteri Lintas Medan, conto Yonif 413/Bremoro
- Batalyon Infanteri Biyasa, conto Yonif 403/Wirasada Pratista
Penomeran batalyon
[besut | besut sumber]Batalyon Infanteri duwé jeneng lan kodhe kesatuan wujud 3 digit angka. Angka pisanan nuduhaké Kodhe Kodam dumunungé batalyon mau, déné loro digit pungkasan nuduhaké angka urutan batalyon mau.
Conto: Batalyon Infanteri ing wewengkon Jawa Tengah lan DIY migunakaké kodhe awal 4, diwiwiti saka Batalyon Infanteri 401/Banteng Raiders (saiki owah dadi Batalyon 400/Raiders), nganti Batalyon 413-Bremoro. Sanadyan mangkono sajeroning sawijining Kodam angka rong digit pungkasan dudu wujud sawijining urutan kang baku, sebab ana Yonif kang wis dilikuidasi, kaya ta Yonif 402, Yonif 404, lan Yonif 409. Katelu Yonif mau wis ora ana sajeroning struktur organisasi Kodam IV/Diponegoro.
Saliyané Batalyon Infanteri kang dumunung ing sangisoré komando TNI AD, isih ana 9 Batalyon Infanteri Marinir kang ana ing sangisoré komando Korps Marinir TNI AL.