Bacharuddin Jusuf Habibie
Prof. Dr.-Ing. Bacharuddin Jusuf Habibie | |
---|---|
Présidhèn Indonésia 3 | |
Linggih 21 Mèi 1998 – 20 Oktober 1999 | |
Wakil Présidhèn | Durung ana |
Kang sadurungé | Soeharto |
Kang sawisé | Abdurrahman Wahid |
Wakil Présidhèn Indonésia 7 | |
Linggih 14 Maret 1998 – 21 Mèi 1998 | |
Kang sadurungé | Try Sutrisno |
Kang sawisé | Megawati Sukarnoputri (nalika taun 1999) |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Parepare, Celebes, Indhiya Nèderlan | 25 Juni 1936
Pati | Sèptèmber 11, 2019 Jakarta, Indonesia | (umur 83)
Parté pulitik | Golkar |
Sisihan | Hasri Ainun Habibie |
Anak | Ilham Akbar Habibie lan Thareq Kemal Habibie |
Agama | Islam |
Tandha tangan |
Bacharuddin Jusuf Habibie (lair ing Parepare, Sulawesi Selatan, 25 Juni 1936 – pati ing Jakarta, 11 Sèptèmber 2019 ing umur 83 taun) iku Présidhèn Républik Indonésia kang angka telu. Habibie nggantèni Soeharto kang mundur saka kalungguhan présidhèn ing tanggal 21 Mèi 1998. Kalungguhané iku diganti déning Abdurrahman Wahid (Gus Dur) kang kapilih minangka présidhèn ing tanggal 20 Oktober 1999 déning MPR asil Pemilu 1999. Kanthi mengku kalungguhan sajeroning 2 sasi lan 7 dina minangka wakil présidhèn, lan 1 taun lan 5 sasi minangka présidhèn, Habibie dadi Wakil Présidhèn lan uga Présidhèn Indonésia kanthi mangsa kalungguhan paling sedhéla.
Kulawarga lan sekolah
[besut | besut sumber]Habibie iku anak angka papat saka pasangan Alwi Abdul Jalil Habibie lan R.A. Tuti Marini Puspowardojo. Alwi Abdul Jalil Habibie lair tanggal 17 Agustus 1908 ing Gorontalo lan R.A. Tuti Marini Puspowardojo lair ing Yogyakarta 10 November 1911. Habibie duwé sadulur cacahé pitu.
B.J. Habibie dhaup karo Hasri Ainun Besari tanggal 12 Mèi 1962, lan duwé anak loro, yaiku Ilham Akbar dan Thareq Kemal.
Habibie tau sekolah ing SMAK Dago. Dhèwèké sabanjuré nerusaké ing jurusan tèknik mesin ing Institut Teknologi Bandung taun 1954. Taun 1955 - 1965 nerusaké ing tèhnik penerbangan, mirunggan konstruksi motor mabur, ing RWTH Aachen, Jerman, Habibie olèh gelar diplom ingineur taun 1960 lan gelar dhoktor ingineur taun 1965 kanthi summa cum laude.
Pagawéyan
[besut | besut sumber]Habibie wis tau kerja ing Messerschmitt-Bölkow-Blohm, perusahaan ing babagan montor mabur, punjeré mapan ing Hamburg, Jerman, lan kasil tekan pucuking pagawéyané minangka wakil présidhèn babagan téknologi. Taun 1973, Habibie mbalik ing Indonésia jalaran panyuwuné présidhèn Soeharto.
Banjur Habibie dadi Mantri Nagara Riset lan Teknologi awit taun 1978 tekan Maret 1998. Sadurungé dadi Présidhèn (21 Mèi 1998 - 20 Oktober 1999), B.J. Habibie iku Wakil Présidhèn (14 Maret 1998 - 21 Mèi 1998) ing Kabinèt Pembangunan VII nalika jaman Présidhèn Soeharto.
Habibie dadi ketuwa umum ICMI (Ikatan Cendekiawan Muslim Indonésia), nalika dadi mantri.
Présidhèn
[besut | besut sumber]Habibie marisi kahanan kang semrawut sawisé Soeharto mundur saka Présidhèn amarga kaanan ing orde baru. Bubar iku akèh rerusuh ing laladan-laladan sa Indonésia. Bubar Habibbie dadi présidhèn, dhèwèké mbentuk kabinèt anyar. Salah siji kewajibané ya iku kudu ngolèhaké sengkuyungan Dana Moneter Internasional lan paguyuban nagara-nagara dhonor kanggo ndandani khaanan ékonomi nagara. Habibie uga ngeculaké tahanan pulitik lan mènèhi kalonggaran marang organisasi masarakat.
Nalika dadi présidhèn Habibie kasil nggawé dhasaran kanggo nagara Indonésia, kaya ta UU Anti Monopoli utawa UU Persaingan Sehat, UU Parté Pulitik lan UU otonomi laladan. Saka anané UU otonomi laladan kahanan disintergrasi saka jaman orde baru bisa ilang tekan jamane Susilo Bambang Yudhoyono, yèn ora ana UU otonomi laladan Indonésia bakalan padha kaya Uni Soviet lan Yugoslavia.
Jumenengé Habibie dadi présidhèn akèh gonjang-ganjing ing sawaliké kedadéan iku. Golongan kang nyengkuyung Habibie nganggep yèn dilantiké Habibie dadi présidhèn wis manut aturan. Aturan iku kapacak ing pasal 8 UUD 1945 kang nyebutaké
bila Presiden mangkat, berhenti, atau tidak dapat melakukan kewajibannya dalam masa jabatannya, ia diganti oleh Wakil Presiden sampai habis waktunya
Nanging, golongan kang ora sarujuk manawa Habibie dilantik nganggep prakara iku ora pas. Lelakon iku nerak pasal 9 UUD 1945 kang uniné
sebelum presiden memangku jabatan maka presiden harus mengucapkan sumpah atau janji di depan MPR atau DPR.
Publikasi
[besut | besut sumber]- Proceedings of the International Symposium on Aeronautical Science and Technology of Indonésia / B. J. Habibie; B. Laschka [Editors]. Indonésian Aeronautical and Astronautical Institute; Deutsche Gesellschaft für Luft-und Raumfahrt 1986
- Eine Berechnungsmethode zum Voraussagen des Fortschritts von Rissen unter beliebigen Belastungen und Vergleiche mit entsprechenden Versuchsergebnissen, Presentasi padha Simposium DGLR di Baden-Baden,11-13 Oktober 1971
- Beitrag zur Temperaturbeanspruchung der orthotropen Kragscheibe, Disertasi di RWTH Aachen, 1965
- Sophisticated technologies: taking root in developing countries, International journal of technology management: IJTM.-Geneva-Aeroport: Inderscience Enterprises Ltd, 1990
- Einführung in die finite Elementen Methode,Teil 1, Hamburger Flugzeugbau GmbH, 1968
- Entwicklung eines Verfahrens zur Bestimmung des Rißfortschritts in Schalenstrukturen, Hamburger Flugzeugbau GmbH, Messerschmitt-Bölkow-Blohm GmbH, 1970
- Entwicklung eines Berechnungsverfahrens zur Bestimmung der Rißfortschrittsgeschwindigkeit an Schalenstrukturen aus A1-Legierungen und Titanium, Hamburger Flugzeugbau GmbH, Messerschmitt-Bölkow-Blohm GmbH, 1969
- Detik-detik Yang Menentukan - Jalan Panjang Indonésia Menuju Dhémokrasi Archived 2011-05-13 at the Wayback Machine., 2006 (memoir mengenai peristiwa taun 1998)
- "Setengah Abab Bj habibie dan Ainun Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.", (Mengenai Karir Selama di Jerman)
Publikasi bab B.J. Habibie
[besut | besut sumber]- Hosen, Nadirsyah, Indonésian political laws in Habibie Era: Between political struggle and law reform, ,Nordic journal of international law, ISSN 0029-151X, Bd. 72 (2003), 4, hal. 483-518
- Rice, Robert Charles, Indonésian approaches to technology policy during the Soeharto era: Habibie, Sumitro and others, Indonésian economic development (1990), hal. 53-66
- Makka, Makmur.A, The True Life of HABIBIE Cerita di Balik Kesuksesan, PUSTAKA IMAN, ISBN 978-979-3371-83-2, 2008
- ...jangkepé
Uga delengen
[besut | besut sumber]