Komando Daerah Militer
Komando Daerah Militer (dicekak Kodam) iku komando utama pembinaan lan operasional kawilayahan TNI Angkatan Dharat. Kodam minangka kompartemen strategis sing ndarbèni tugas pokok nyelenggarakaké pembinaan kesiapan operasional tumrap komandoné lan operasi pertahanan aktif ing dharatan miturut kawicaksanan Panglima TNI. Sawijining Kodam dipimpin déning Panglima Kodam utawa dicekak Pangdam.
Kakuatan Kodam dumadi saka Komando Resort Militer (Korem), Komando Distrik Militer (Kodim), Komando Rayon Militer (Koramil) lan Bintara Pembina Desa (Babinsa). Kodam uga ngemban tugas jroning ngayahi pendidikan pembentukan lan pengembangan kanggo tataran Tamtama lan Bintara sing sacara operasional dilaksanakaké déning Resimen Induk Daerah Militer.
Kodam ing Indonesia [sunting]
Ana 12 Komando Kewilayahan sing dumadi saka:
- Kodam Iskandar Muda
- Kodam I/Bukit Barisan
- Kodam II/Sriwijaya
- Kodam Jaya
- Kodam III/Siliwangi
- Kodam IV/Diponegoro
- Kodam V/Brawijaya
- Kodam VI/Tanjungpura
- Kodam VII/Wirabuana
- Kodam IX/Udayana
- Kodam XVI/Pattimura
- Kodam XVII/Trikora
Kodam-kodam lawas [sunting]
Pembentukan Kodam [sunting]
Miturut sajarah Indonesia, TNI ngalami sawetara regenerasi Kodam. Antara liya tahun 1985 nalika KSAD Jendral TNI Rudini nganakaké regenerasi 17 kodam dadi 9 kodam ditambah siji kodam ibukota yaiku Kodam Jaya. Nalika kuwi Kodam I/Iskandar Muda dilebur karo Kodam II/Bukit Barisan lan Kodam III/Tujuh Belas Agustus dadi Kodam I/Bukit Barisan.