Kutha Manokwari
Manokwari iku ibukutha Provinsi Papua Kulon, Indonésia. Manokwari uga dadi ibukutha Kabupatèn Manokwari. Kutha iki nduwèni jembar wilayah 18.746 km² lan pedunung caché kurang luwih 150.000 jiwa.
Manokwari dumunung ing panté lor Dhaérah Kepala Burung Pulo Papua. Kutha iki minangka salah siji kutha mawa sejarah tumrap masarakat Kristen ing Papua amarga ing tanggal 5 Februari 1855, loro penginjil ndharat ing Pulo Mansinam lan miwiti karya panyebaran agama Kristen Protestan ing kalangan suku-suku sing isih seneng perang antara siji lan sijiné. Pulo Mansinam bisa ditekani kanthi nyéwa kapal utawa speedboat saka Hotèl Mansinam Beach, ing Dalan Pasir Putih. Pulo Mansinam iki kanthi cetha katon saka kamar hotèl kuwi.
|
||||||||||||||||||