Angkah Pambangunan Milenium
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
MDG ing Markas PBB New-York
Angkah Pambangunan Milenium (Millennium Development Goals) iku wolung angkah utawa gegayuhan sing wis disetujoni kanggo digayuh jroning taun 2015 déning kabèh anggota PBB sing cacahé 191 negara.
Angkah [sunting]
Déklarasi Milenium PBB sing ditapakasmani ing sasi September 2005 nyetujoni supaya kabèh negara:
1. Ngilangaké kamiskinan lan keluwèn sing nemen [sunting]
2. Ningkataké tataran pendhidhikan dhasar sacara universal [sunting]
-
- Target kanggo taun 2015: Mesthèkaké yèn kabèh anak lanang lan wadon ngéntukaké lan ngrampungaké tarap pendhidhikan dhasar.
3. Ngembangaké kasetaraan jender lan memberdayakaké wanita [sunting]
-
- Target 2005 lan 2015: Ngurangi diskriminasi jender jroning pendhidhikan dhasar lan menengah utamané kanggo taun 2005 lan kabèh tataran ing taun 2015.
4. Ngurangi cacahing kepatèn bocah [sunting]
-
- Target kanggo taun 2015: Ngurangi rong protelon tingkat kepatèn bocah umur sangisoré limang taun
5. Ningkatkaké kaséhatan ibu [sunting]
-
- Target kanggo 2015: Ngurangi rong protelon rasio kepatèn ibu jroning prosès nglairaké
6. Nglawan panyakit HIV/AIDS, malaria, lan penyakit liyané [sunting]
7. Njamin lumintuné pembangunan lingkungan [sunting]
-
- Target:
- Ngintegrasèkaké prinsip-prinsip pembangunan sing lumintu jroning kawicaksanan saben negara lan program sarta ngurangi ilangé sumber daya lingkungan
- Ing taun 2015 diangkah bisa ngurangi setengah saka cacahing wong sing ora nduwèni aksès banyu ngombé sing séhat
- Ing taun 2020 diangkah bisa nggayuh pengembangan sing signifikan jroning kauripan kanggo sethithiké 100 juta manungsa sing manggon ing tlatah kumuh
- Target:
8. Ngembangaké kemitraan global kanggo pembangunan [sunting]
-
- Target:
- Ngembangaké dedagangan kabuka lan sistem kauangan sing adhedhasar aturan, bisa diduga lan ora ana diskriminasi. Klebu komitmen marang pamarintahan sing apik, pembangungan lan pangurangan tingkat kemiskinan sacara nasional lan internasional.
- Mbiyantu kabutuhan-kabutuhan khusus negara-negara kurang berkembang, lan kabutuhan khusus saka negara-negara kapencil lan kapuloan-kapuloan cilik. Iki klebu pambebasan-tarif lan -kuota kanggo éksporé; ningkataké pambebasan utang kanggo negara mlarat sing utangé gedhé; pambatalan utang bilateral resmi; lan nambah bantuan pembangunan resmi kanggo negara sing nduwèni komitmen kanggo ngurangi kamiskinan.
- Sacara komprehensif ngupayakaké pasetujon ngenani masalah utang negara-negara berkembang.
- Ngadhepi sacara komprehensif karo negara berkembang kanthi masalah utang liwat tetimbangan nasional lan internasional supaya utang luwih bisa ditanggung jroning wektu sing dawa.
- Ngembangaké usaha produktif sing pantes dilakoni déning kaum nom-noman
- Kerja sama karo pihak pabrik obat supaya nyedhiakaké aksès obat wigati sing murah ing negara berkembang
- Kerjasama karo pihak swasta, mbangun panyerapan kauntungan saka teknologi-teknologi anyar, utamané teknologi informasi lan komunikasi.
- Target:
Delengen uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (id)(en) Program Bank Dunia di Indonesia
- (en) www.un.org/millenniumgoals
- (id) UNDP Indonesia
- (id) Teks Tujuan Pembangunan Milenium
- (en) www.developmentgoals.org
- (en) www.first8.org
- (en) UN Millennium Project (2002-2005)
- (en) The Millennium Initiative
| Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
|
Sistem PBB |
|
|
Program lan Agensi |
|
|
Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan |
|