Malaria

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Star of life caution.svg
Wikipedia ora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.
Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan.
Sel getih abang sing kainfèksi déning P.vivax

Malaria iku sajinis panyakit nular sing ngakibataké watara 350-500 yuta wong kainfèksi lan luwih saka 1 yuta mati saben taun, utamané ing dhaérah tropis lan ing Afrika.

Kanggo panemuan ngenani panyebab malaria, sawijining dokter militèr Prancis Charles Louis Alphonse Laveran dianugerahi Bebungah Nobel kanggo Fisiologi lan Medis ing taun 1907.

Bab lan Paragraf

[sunting] Sebab lan gejala

Malaria disebabaké déning parasit protozoa. Plasmodium (salah siji Apicomplexa) lan panularan vèktor kanggo parasit malaria manusia yakuwi lemut Anopheles. Ragam saka Plasmodium falciparum saka parasit iki tanggung jawab marang 80% kasus lan 90% pepati.

Gejala malaria klebu demam, nggreges, arthralgia (lara sendhi), muntah-muntah, anemia, lan kejang.

[sunting] Pangobatan

Pangobatan malaria gumantung marang jinis parasit lan résistènsi parasit marang klorokuin.

Kanggo sawijining serangan malaria falciparum akut kanthi parasit sing résisten marang klorokuin, bisa diwènèhi kuinin utawa kuinidin sacara intravena. Jroning jinis malaria liyané arang kedadéyan résistènsi marang klorokuin, amarga saka kuwi biasané diwènèhi klorokuin lan primakuin.

Prinsip pananganan malaria sacara umum yakuwi yèn tanpa komplikasi diwènèhi peroral artesunat kombinasi karo amodiakuin (artesdiakuin) utawa coartem utawa duo-cotexcin, déné malaria kanthi komplikasi diwènèhi artesunat 2,4 mg/kgbb ing jam ka 0 - 12 - 24 - 72 lan saterusé nganti pasien bisa diterapi sacara oral utawa digunakaké artemeter 3,2 mg/kgbb diterusaké nganggo 1,6 mg/kgbb.

[sunting] Referensi

  • Ito J, Ghosh A, Moreira LA, Wimmer EA, Jacobs-Lorena M. Transgenic anopheline mosquitoes impaired in transmission of a malaria parasite. Nature 2002;417:387-8. PMID 12024215

[sunting] Pranala jaba

[sunting] Vaksin lan riset liyané

[sunting] DDT

[sunting] Animasi, gambar, lan foto

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Malaria&oldid=668716"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès