Menyang kontèn

Tawur Kesanga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Tawur Kesanga utawi Tawur Agung inggih punika salah satunggaling warisan budaya takbenda ingkang dipun tindakaken wonten laladan Ngayogyakarta lan sapérangan Jawi Tengah saha dipun wontenaken setunggal dinten sadèrèngipun Riyadi Nyepi ingkang dhawah ing Tilem Sasih Sesanga. Pecaruan utawi Tawur dipun wontenaken rikala siyang. Filosofi tawur tegesipun mbayar utawi wangsul, inggih punika sari-sari alam ingkang sampun dipun sedhot utawi dipun ginakaken déning manungsa. Supados wonten imbanganipun, hakékat alam kasebat dipun wangsulaken kanthi upacara Tawur/Pecaruan ingkang dipun caosaken marang Buta supados boten ngganggu manungsa nanging saged gesang rukun (butha somya). Upacara Tawur Kesanga ing Candhi Prambanan, Ngayogyakarta dipun tindakaken déning sedaya umat Hindhu ing Daerah Istimewa Yogyakarta lan Propinsi Jawi Tengah.[1][2] Upacara puniki mujudaken salah satunggaling reranngkèn upacara mapag Riyadi Nyepi utawi warsa énggal Çaka, lan nggadahi ancas kanggé njagi karukunan antawisipun Buana Agung (alam semesta) lan Buana Alit (manungsa).[3] Rerangkèn upacara Tawur Kesanga ing Candhi Prambanan dipun wiwiti kanthi prosèsi Mendak Tirta (pangumpulan toya suci) ingkang dipundhut saking tuk sumber ing wewengkon Keraton Ratu Baka, lajeng Mendak Tirta ing Candhi Siwa, Candhi Brahma, lan Candhi Wisnu.[4] Prosesi Mendak Tirta dipun lajengaken déning Pradaksina, inggih punika ngubengi Candhi Siwa kaping 3 ing sisih tengen (nut pandom jam). Sasampunipun nindakaken Pradaksina, Tirta (toya suci) dipun bekta dhatengng Candhi Prambanan panggénanipun upacara Tawur Kesanga. Upacara Tawur Kesanga ing bacira Candhi Prambanan dipun pandhégani déning pandhita ingkang dipun ampingi wasi. Dipun leksanakaken rikala srengéngé pener ing nginggil mustaka.[5]

Tawur Kesanga

Jagad Ageng lan Alit

[besut | besut sumber]

Latar wingking upacara Tawur Kesanga ing Candhi Prambanan miterat tataranipun inggih punika ‘Tawur Agung Kesanga’, amargi wonten ing tataran nasional, ananging masarakat ingkang wonten ing Dhaerah Istimewa Ngayogyakarta naming saged nggelar tataran Panca Kelud.[6] Sejatosipun upacara Tawur Kesanga Tingkat Propinsi. Puniki nglimbanaken tam twat asi désa Kala lan Patra ingkang adhedhasar raos tulus lan dinten suci lan anandham. Candhi Prambanan mujudaken salah satunggaling tilaran agami Hindhu kang sampun nggayuh kamulyan ing jamanipun.[7] Supados kanthi pangajab mugi-mugi putra wayah ugi saged nularaken lan marisaken dhateng generasi penerus. Umat ​​Hindhu Ngayogyakarta nindakaken upacara Tawur Kesanga setaun sepisan kanggé njagi kalestantunan utawi imbangan jagad raya. Candhi Prambanan mujudaken warisan sejarah karajan Hindhu paling ageng ing tapel wates Jawa Tengah lan Ngayogyakarta.[8]

Urutan Upacara

[besut | besut sumber]

Upacara Mecaru (kurban)

[besut | besut sumber]

Inggih punika upacara sesaji kanthi sesajèn sawetawis sato kadosta ayam, kambangan, ménda lan sanèsipun. Ancas nindakaken upacara sesaji punika minangka wujud harmonisasi manungsa kaliyan makhluk ingkang tingkatipun langkung asor tinimbang manungsa, ancasipun supados makhluk punika boten ngganggu upacara ingkang badhé dipun tindakaken.[9] Salebeting prosès upacara puniki dipun tindakaken kanthi kairing swanten gamelan (nabuh kanthi wirama sora) lan swasana dados regeng, dipun selingi kalih arak-arakan ogoh-ogoh (bonéka perwujudan roh minangka benggala saking sipat-sipat awon ingkang wonten ing manungsa) ing lokasi upacara. Ogoh-ogoh dipun arak-arak déning tiyang puluhan lan digoyang-goyang satemah katingal njogèd.[10]

Upacara Ngaturaken Sesaji

[besut | besut sumber]

Sesaji ingkang dipun kajengaken inggih punika sesaji dhumateng Sang Pencipta awujud sekar, woh-wohan, jajanan, saha wujud sanès-sanèsipun ingkang mujudaken raos raos sukuripun bebrayan tumrap peparingipun ingkang sampun katampi, kajawi punika minangka wujud panyuwunan ingkang Sang Nitahaken Ngayomi lan nyingkiri saking perkawis awon ingkang ngancam jiwa saha nyawanipun. Upacara ngaturaken sesaji dipun pandhégani déning pandhita ingkang dipuniringi wasi. Upacara punika dipun tindakaken kanthi khusuk, swasana dados amem amargi konsentrasi masarakat ing upacara punika musataken dhateng lampahing upacara.[11][12]

Upacara Sembahyang

[besut | besut sumber]

Rerangkèn upacara sesaji dipun lajengaken kanthi nindakaken donga sesarengan, nyuwun dhumateng Pangripta saha Panguwasa alam supados paring kaslametan saha kanikmatan tumrap gesangipun manungsa ing donya.[13] Sasampunipun nindakaken sembahyang sesarengan, Wasi ngaturaken tirta (toya suci) ingkang dipun sirami saha dipun unjuk déning tiyang ingkang nindakaken sembahyang.[14] Upacara dipun pungkasi kanthi ngelorot (mendhet malih) sesaji ingkang sampun dipun caosaken rumiyin supados dipun rahabi sesarengan dening ingkang rawuh wonten ing upacara Tawur Kesanga.[15]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Dude (2020-03-26). "Tawur Agung Ginelar Wonten ing Candhi Prambanan (saking basa Indhonésia)". Gudeg.net. Dibukak ing 2023-02-28.
  2. Atmoko, Andreas Fitri (2019-03-06). "Mirsani Prosèsi Tawur Agung Kesanga ing Candhi Prambanan (saking basa Indhonésia)". Detik.com. Dibukak ing 2023-02-28.
  3. Sardjono, Djoko (2022-03-02). "Umat Hindhu Gelar Upacara Tawur Agung Kesanga Wonten ing Candhi Prambanan (saking basa Indhonésia)". Media Indonesia. Dibukak ing 2023-02-28.
  4. Kabupaten Klaten, Kantor Kementerian Agama (2022-03-02). "Umat HIndhu Gelar Tawur Agung Kesanga ing Candhi Prambanan (saking basa Indhonésia)". Kemenag Jateng. Dibukak ing 2023-02-28.
  5. WDB, Dit (2019-05-31). "Upacara Tawur Kesanga Ngayogyakarta (saking basa Indhonésia)". Direktorat Warisan lan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-28. Dibukak ing 2023-02-28.
  6. Anom, Ida Bagus (2002). Caru lan Tawur. Tabanan: Yayasan Dharmopadesa.
  7. Zamani, Labib (2022-03-02). "Umat Hindhu ing Jawi Tengah saha Ngayogyakarta Tumut Upacara Tawur Agung Kesanga ing Bacira (saking basa Indhonésia)". Kompas.com. Dibukak ing 2023-02-28.
  8. Warta, I Nyoman (2017). "Antusias Umat Hindu Dalam Pelaksanaan Upacara Tawur Kesanga Nasional Di Candi Prambanan Saka 1939". Widya Aksara. 22: 1–12.
  9. Donder, Ketut (2007). Kosmologi Hindu, Penciptaan, Pemeliharaan dan Peleburan serta pencitaan Kembali alam semesta. Surabaya: Paramita.
  10. Utantoro, Agus (2021-03-14). "Tawur Agung Kesanga ing Candhi Prambanan Tanpa Ogoh-ogoh (saking basa Indhonésia)". Media Indonesia. Dibukak ing 2023-02-28.
  11. Danar (2022-03-02). "Khusuk Tawur Agung Kesanga ing Bacira Candhi Prambanan (saking basa Indhonésia)". KR Jogja. Dibukak ing 2023-02-28.
  12. Corporate, Admin (2021-03-14). "Prosèsi Tawur AGung Kesanga ing Prambanan Lumampah Kidmat (saking basa Indhonésia)". twc.id. Dibukak ing 2023-02-28.
  13. Kominfo, Klaten (2022-03-02). "Atusan Umat Hindhu Ngrawuhi Upacara Tawur Agung Kesanga ing Candhi Prambanan (saking basa Indhonésia)". Kabupaten Klaten. Dibukak ing 2023-02-28.
  14. Prihatmojo, Galih (2022-05-06). "Tawur Agung Kesanga ing Candhi Prambanan Naming Winates Kanggé 800 Tiyang (saking basa Indhonésia)". Suara.com. Dibukak ing 2023-02-28.
  15. WBTB, Admin (2016-01-01). "Upacara Tawur Kesanga Ngayogyakarta (saking basa Indhonésia)". Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-28. Dibukak ing 2023-02-28.

Pranala Jaba

[besut | besut sumber]