Ratu Seganten Kidul
Ratu Seganten Kidul inggih menika asma ingkang limrahipun tumuju wonten ing kalih tokoh, inggih menika Kanjeng Ratu Kidul kaliyan Nyi Rara Kidul. Tokoh menika misuwur sanget wonten ing masarakat Jawi kaliyan Bali. Kapitadosan wontenipun panguwaos seganten kidul (Samodra Hindia) utaminipun dipuntepang tiyang Sundha kaliyan Jawi. Tiyang Bali ugi pitados menawi wonten kekiyatan ingkang ngontrol pesisir seganten kidul.
Legénda saking Sundha
[besut | besut sumber]Nyi Rara Kidul (ugi kagungan asma Nyai Lara Kidul ) inggih menika tokoh lègendaris Indonésia ingkang misuwur sanget wonten ing antawisipun masarakat Jawi kaliyan Bali. Tokoh menika dipuntepang minangka Ratu Seganten Kidul (Samodra Hindia). Miturut legénda Sundha, Nyi Rara Kidul menika sanyatanipun putri saking Kerajaan Sundha ingkang dipuntundhung kaliyan bapanipun amargi ulah saking mbok kuwalonipun. Wonten ing parembakanipun, masarakat langkung pitados menawi Nyi Rara Kidul kaliyan Kanjeng Ratu Kidul menika sami. Kuwaosipun Nyai Lara Kidul minangka ratu wonten ing tlatah Jawi, dados misuwur wonten ing folklor kaliyan mitologi, ugi wonten sesambutan kaéndahan Putri Sundha kaliyan Jawi.
Kapitadosan kejawèn
[besut | besut sumber]Kanjeng Ratu Kidul minangka tokoh lègendaris ingkang misuwur sanget wonten ing antawisipun masarakat Jawi kaliyan Bali. Piyambakipun kagungan kekiyatan dhateng ombak Samodra Hindia saking kraton wonten ing lebetipun samodra. Wonten ing mitologi Jawi, Kanjeng Ratu Kidul inggih menika dipundamel kaliyan Dewa Kaping Tiga . Piyambakipun ngatur alam kagesangan kados déné Dewi Pantun (Déwi Sri) sareng kaliyan déwi-déwi alam sanèsipun.
Miturut kapitadosan, piyambakipun dados mitra spiritual sultan saking Mataram kaliyan Yogyakarta, dipunwiwiti saking Panembahan Sénapati ngantos dumugi samenika. Piyambakipun ugi dados garwa spiritual Susuhunan Surakarta. Limrahipun para pangawas sejarah menika kathah ingkang nganggep menawi kapitadosan Kanjeng Ratu Kidul menika pancèn dipundamel kagem ngesahaken kekiyatan Dhinasti Mataram.
Kasunanan Surakarta nyebataken menawa Kanjeng Ratu Ayu Kencana Sari inggih menika Kanjeng Ratu Kidul.[1] Piyambakipun dipunpitados menawi Kanjeng Ratu Kidul menika saged nggantos wujudipun dumugi pinten-pinten wujud wonten ing setunggal dinten.[2] Sultan Hamengkubuwono IX nggambaraken pengalaman pepanggihan spiritual kaliyan Ratu; piyambakipun saged nggantos wujud kaliyan penampilan, minangka wanita enèm wonten ing wulan purnama, kaliyan minangka wanita sepuh wonten ing wekdal sanès.[3]
Wonten ing kapitadosan tiyang Jawi, Kanjeng Ratu Kidul kagungan abdi ingkang setya asmanipun Nyai utawi Nyi Rara Kidul. Nyi Rara Kidul remen kaliyan warni ijem lajeng inggih dipunpitados kagem 'mendhet' tiyang ingkang ngagem rasukan warni ijem ingkang nembé wonten ing pasisir seganten kidul kagem dipundadosaken abdi utawi prajurit. Pramila, para plancong ing pasisir kidul Pulo Jawi, inggih menika wonten ing Pelabuhan Ratu, Pangandaran, Cilacap, ngantos Semenanjung Purwa wonten ing sisih wétan, mesthi mèngetaken supados boten ngagem rasukan warni ijem.
Ratu Ayu Pagedongan
[besut | besut sumber]Ratu Pagedongan minangka putrinipun Radèn Panji, putranipun Raja Jenggala, kaliyan Retnaning Dyah Angin-Angin inggih menika putri lelembut. Nalika mbikak wana (babad wana) Sigaluh, wit wringin pethak ingkang dados pusat saking kerajaan gaib menika inggih rungkad. Roh raja lelembut inggih menika Prabu Banjaran Séta, mlebet wonten ing badan Radèn Panji saéngga dados langkung kiyat. Mekaten, kuwaosanipun wana Sigaluh kaliyan kraton gaib menika dados kagungan piyambakipun. Retnaning Dyah Angin-Angin inggih menika rayinipun Prabu Banjaran Séta.
Nalika miyosipun Ratu Hayu menika, éyang saking Ratu Hayu asmanipun Éyang Sindhula rawuh kaliyan paring asma kagem bayinipun inggih menika Ratu Pagedongan kanthi pangajeng-ajeng menawi piyambakipun badhe dados wanita ingkang langkung ayu wonten ing jagad. Sasampunipun diwasa, Ratu Pagedongan nyuwun kaliyan éyang menika supados pasuryan ingkang ayu menika saged abadi. Menika inggih namung saged kadadosan menawi Ratu Pagedongan dados makhluk gaib. Sasampunipun dados makhluk gaib, Radén Panji masrahaken seganten kidul menika dados kuwaosipun dening putri menika, ngantos dugi wekdal piyambakipun kepanggih kaliyan Tiyang Agung (tiyang ageng) ingkang kuwaos wonten ing Jawi.
Lara Kidul Dewi Nawangwulan
[besut | besut sumber]Lara Kidul Dewi Nawangwulan minangka ratu saking kerajaan alit wonten ing jaman Kerajaan Majapahit. Piyambakipun minangka keturunan Bhré Wengker (1456-1466), satunggalipun raja Majapahit. Garwanipun inggih menika Jaka Tarub, lajeng piyambakipun inggih menika salah satunggaling saking pitu widadari ingkang siram wonten ing sendhang. Kekalihipun kagungan putra asmanipun Dewi Nawangsih. Nawangsih krama kaliyan Raden Bondan Kejawèn utawi Lembu Peteng, pangéran Majapahit ingkang dipundadosaken putra kaliyan Jaka Tarub. Kekalihipun dados leluhur Panembahan Sénapati, ingkang njumenengaken Kasultanan Mataram .
Wonten ing legénda kasebat, nalika Nawangwulan dugi wonten ing kahyangan, piyambakipun boten angsal mlebet amargi piyambakipun sampun mambet manungsa. Nawangwulan kondur dhateng bumi, ananging boten wonten niyat kagem kondur dhateng garwanipun. Piyambakipun minggah Redi Merbabu lajeng mlumpat dhateng seganten kidul kagem damel pejah dhateng sliranipun piyambak. Wonten ing seganten kidul, Nyi Nawangwulan perang kaliyan Nyi Rara Kidul lajeng angsal kamenangan, saengga saged ngontrol seganten kidul. Dadosipun, Nawangwulan dados salah satunggalipun saking tiga penguwaos seganten kidul inggih menika Nyi Rara Kidul kaliyan Nyi Blorong .
Wonten ing versi sanès, panguwaos kahyangan ndadosaken Nawangwulan dados panguwaos wonten ing sisih kidul seganten amargi piyambakipun boten cocog malih manggèn wonten ing kahyangan, ananging ugi boten cocog malih kagem manggèn wonten ing antawisipun manungsa wonten bumi. Pramila, Nawangwulan dipuntepang dados Nyi Rara Kidul .
Kwan Im Bodhisattva Seganten Kidul
[besut | besut sumber]Kwan Im minangka bodhisattva ingkang welas asih wonten ing Buddha Mahayana. Piyambakipun damel sumpah supados boten ngaso ngantos piyambakipun saged mbebasaken sedaya makhluk saking kasangsaranipun samsara (utawi miyos malih wonten ing jagad). Wonten ing China, nelayan ndedonga dhateng piyambakipun supados aman nalika wonten ing seganten kagem pados ulam. Pramila Bodhisattva Kwan Im ugi dipunsebat Kwan Im Seganten Kidul,[4] ingkang sajatosipun ngrujuk wonten ing Seganten China Kidul .
Wonten ing wekdal kadadosan diaspora, warga Tiongkok ingkang medal dugi Asia Kidul-wétan, utaminipun Indonésia, Kwan Im Seganten Kidul dipunanggep minangka pelindung para imigran. Tlathah wonten ing China sisih kidul (kalebet Laut Cina Kidul ) dipunpitados dilindhungi (kuwaosipun) Kwan Im. Pramila, panembahan dhateng Kwan Im cekap populer wonten ing Indonesia, upaminipun wonten ing Kuil Sanggar Agung ing Surabaya kaliyan Vihara Nam Hai Kwan Se Im Pu Sa ing Simpenan, Sukabumi .[5]
Putri Raja Thailand IV
[besut | besut sumber]Miturut legénda ingkang sumebar wonten ing Vihara Nam Hai Kwan Se Im Pu Sa, Simpenan, Sukabumi, Ratu Seganten Kidul inggih menika putri saking Raja Thailand,[5] inggih menika raja ingkang kaping gangsal Dinasti Chakri, Chulalongkorn .
Deleng uga
[besut | besut sumber]- Kanjeng Ratu Kidul
- Nyi Rara Kidul
- Ratu Seganten Lèr
- Ratu Seganten Kidul (1980 pilem)
- Ajian Ratu Seganten Kidul (1991 pilem)
- Ratu saking Kidul
Katrangan kaki
[besut | besut sumber]- ↑ Karaton Surakarta, Yayasan Pawiyatan Kabudayaan Karaton Surakarta, Sekilas Sejarah Keraton Surakarta, R.Ay. Sri Winarti P, 2004
- ↑ Bogaerts, Els. Scription Van sunans, sultans en sultanes; Ratu Kidul in the Panitik Sultan Agungan - M.A. Thesis, Rijskuniversiteit Leiden, Holland
- ↑ Sultan Hamengkubuwono IX memoire "Takhta untuk Rakyat"
- ↑ Mary Bai. Guanyin, the Chinese Goddess of Mercy. (ing basa Inggris)
- ↑ a b Ada Ratu Pantai Selatan di Vihara Nam Hai.
Cathetan
[besut | besut sumber]- Kartawidjaja PR. 2000 Kono Kommunismus - wis mati Geister: Über die Aufhebung des Beschlusses der Beratenden Volksversammlung von 1966 . Informasi Indonesia nr. 3/2000.