Menyang kontèn

Jaka Tarub

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
jaka tarub ana ing sawijining filem tv

Jaka Tarub ya iku tokoh kang dadi leluhuré raja-raja ana ing Mataram, anaké Jaka Tarub jenengé Retno Nawangsih.[1] Nalika tuwa Jaka Tarub Oléh jejuluk Ki Ageng Tarub.[1] Ana ing sakwijining dina, Jaka Tarub ing laladan Gunung Keramat.[2] Ing gunung iku ana tlaga panggonan adusé pitu widadari.[2] Jaka Tarub jupuk sléndang salah sijiné widadari.[2] Sawisé 7 widadari adus, enem saka pitu widadari iku mbalik ing kahyangan, nanging sing sijiné bingung nggoleki seléndangé sing ilang.[2] Widadari mau jenengé Dewi Nawang Wulan.[2] Jaka Tarub teka lan nulung Dewi Nawang Wulan.[2] Dewi Nawang Wulan diajak bali ing omahé jaka Tarub.[2] Pungkasané Jaka Tarub lan Dewi Nawang Wulan nikah lan duwé anak sing jenengé Dewi Nawangsih.[2] Nalika omah-omah karo jaka Tarub, Dewi Nawang Wulan nggunakaké kasekténé.[3] Ana ing sawijining dina Jaka Tarub nglanggar larangan Nawang wulan supaya aja mbuka tutup sing dienggo adang sega.[3] Akibaté kesaktian Dewi Nawang Wulan ilang.[3] Sangsaya suwé berasé rikat enték.[3] Nalika berasé kari sithik, Nawang Wulan nemu sléndangé.[3] Nawangwulan ngamuk-ngamuk ngerti yèn bojoné iku sing jupuk sléndangé.[3] Nawang Wulan mbalik ing kahyangan.[3]

Palakramané Nawangsih

[besut | besut sumber]

Jaka Tarub dadi wong wigati ing désa jejuluk Ki Ageng Tarub, lan kekancan raket karo Brawijaya raja Majapahit.[4] Sawijining dina Brawijaya ngirimké keris pusaka Kyai Mahesa Nular supaya dirawat déning Ki Ageng Tarub.[5] Utusan Brawijaya kang ngawa keris mau jenengé Ki Buyut Masahar lan Bondan Kejawan, anak angkaté.[5] Sawisé Jaka Tarub mati, Lembu Peteng utawa Bondan Kejawan ngantikaké dadi Ki Ageng Tarub sing anyar.[5] Nawangwulan nglairké anak, sawisé gedhé jenengé Ki Getas Pandawa.[5] Ki Ageng Getas Pandawa banjur duwé putra kang duwé gelar Ki Ageng Sela, kang sebeneré buyuté Panembahan Senapati, pendiri Kesultanan Mataram.[5]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]
  • Babad Tanah Jawi. 2007. (terj.). Yogyakarta: Narasi
  • Moedjianto. 1987. Konsep Kekuasaan Jawa: Penerapannya olèh Raja-raja Mataram. Yogyakarta: Kanisius
  • Slamet Muljana. 2005. Runtuhnya Karajan Jindu-Jawa dan Timbulnya Nagara-Nagara Islam di Nusantara (terbitan ulang 1968). Yogyakarta: LKIS

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b Jaka Tarub dan Tanabata[pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 19 April 2011)
  2. a b c d e f g h Jaka Tarub & 7 Bidadari Archived 2011-09-02 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
  3. a b c d e f g Jaka Tarub (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
  4. CERITA JAKA TARUB DAN NAWANG WULAN (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
  5. a b c d e Pernikahan Jaka Tarub[pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 17 Mèi 2011)