Menyang kontèn

Pegagan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pegagan
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Tetuwuhan
Unranked: Angiospermae
Unranked: Eudicots
Unranked: Asterids
Ordho: Apiales
Famili: Mackinlayaceae
Génus: Centella
Spésies: C. asiatica
Jeneng binomial
Centella asiatica
(L.) Urban
Sinonim

Hydrocotyle asiatica

Pegagan inggih punika gadhah nama latin Centella asiatica inggih punika terna alasan, wonten ing sadaya tlatah ing Indonésia. Asalipun saking Asia tropik. Ing Indonésia, tanem tuwuh punika sampun dipunkenal. Tiyang Jawi nyebataken antanan utawi ganggagan, tiyang Sunda maringi sebatan antanan ageng. Masarakat tradhisional migunakaken kanggé pangobatan. Taneman punika saged dipunkonsumsi nalika taksih seger, sampun dipunramu, dipunmasak, utawi dipundamel jus.[1]

Karakter Pegagan

[besut | besut sumber]

Pegagan tuwuh wonten ing siti ingkang teles lan kénging srengéngé utawi adhem, tuladhanipun woten ing padhang rumput, pinggir kalèn, sabin, lan sapanunggalipun. Pegagan inggih punika terna ingkang boten wonten watangipun, nanging rimpang cekak lan stolon-stolon oyotipun medal saking bonggol, kathah pangipun ingkang mbentuk taneman énggal. Lembaraning godhong tunggal, gadhah pang ingkang panjangipun kirang langkung 5 cm – 15 cm ingkang mbentuk ginjel. Pinggiripun wonten geriginipun.

Nami sanèsipun

[besut | besut sumber]

Godhong samparan jaran (Indonesia), Pegaga (Ujung Pandang), Antanan ageng, Antanan rambat (Sunda), Dau tungke (Bugis), Pegagan, Gagan-gagan, Rendeng, Kerok batok (Jawi), Kos tekosan (Madura), Kori-kori (Halmahera).

Ing Sumatra utawi Melayu, pegagan dipunwastani pepaga, pepago, lan godhong penggaga.[2][3] Manawi ing Jawi dipunwastani antanan ageng, cowet gompeng, gagan-gagan, panigowang, lan calingan rambat.[2][3] Bènten malih ing tlatah Sulawesi, pegagan dipunwastani pegaga, wisu-wisu, lan kisu-kisu.[2][3] Ing Nusa Tenggara, pegagan dipunwastani bebele, penggaga, lan paiduh.[2][3] Ing tlatah Irian dipunwastani dagouke lan sandanan.[2][3] Déné ing Maluku pegagan dipunwastani sarowati.[3] Ing nagari Cina, pegagan dipunwastani ji xue cao.[2]

Komposisi pegagan

[besut | besut sumber]

Gadhahi sipat kimiawi lan èfèk farmakologis: Raos legi, adhem. Anti infèksi, antitoxic, ngandhapaken panas, pangluruh toya seni. Kompisisi Kimia: Asiaticoside, thankuniside, isothankuniside, madecassoside, brahmoside, brahminoside, brahmic acid, madasiatic acid, meso-inositol, centellose, carotenoids, sarem-sarem mineral tuladha sarem kalium, natrium, magnesium, kalsium, wesi, vellarine, zat samak. Senyawaan glikosida triterpenoida ingkang kasebat asiaticoside lan senyawaan ingkang sami, gadhah kasiat anti lépra (Morbus Hansen)[4]

Kasiyat

[besut | besut sumber]

Pegagan gadhah kasiyat inggih punika saged nglancaraken sirkulasi rah, antiradhang, lan nglerem raos sakit.[3] Pegagan ugi saged nambani sakit wasir, ati abuh utawi liver, nambani wudun, kecokot sawer, nandhang rah, lan rah inggil (hipertensi).[2] Sasanèsipun punika, pegagan ugi saged nambani sakit panas, campak, radhang amandhel, sakit padharan, nambah napsu dhahar, ngresiki rah ingkang reged, lan saged damel jaringan empedu tambah saé supados prosès pancernan saged lancar.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. kesehatan.kompas.com Archived 2011-08-08 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 6 Oktober 2011)
  2. a b c d e f g h [Muhlisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Kulawarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 55-57. ISBN 979-489-308-0]
  3. a b c d e f g [Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat & Rematik. Jakarta: Puspa Swara. Hal 41. ISBN 979-24-4807-1]
  4. www.iptek.net.id Archived 2010-09-10 at the Wayback Machine.(diputningali tanggal 6 Oktober 2011)