Wasir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Hemorrhoids
Classification and external resources
Diagram demonstrating the anal anatomy of both internal and external hemorrhoids
ICD-10ICD-10 Chapter I|I84
ICD-9455
DiseasesDB10036
MedlinePlus000292
eMedicinemed/2821 emerg/242
MeSHD006484

Wasir utawa ambeien kang ing Basa Inggris tinulis hemorrhoid UK /ˈhɛmərɔɪdz/, iku ateges struktur vaskuler ing njero kanal anus kang mbantu ngendhalekake bebuwang.[1][2] Struktur pembuluh darah iku bisa malih sipate dadi patologis utawa sinebut piles[3] nalika abuh utawa ngalami radang. Ing kaanan fisiologise, hemoroid iku tumindak dadi bantalan kang digawé déning kanal-kanal arteri-vena lan jaringan ikat.

Tandha-tandha wasir patologis gumantung karo jinis kang tuwuh. Tuwuhing wasir internal lumrahé dibarengi karo tuwuhing getiyen dubur kang ora krasa lara. Déné wasir eksternal, bisa nuwuhaké pirang-pirang tandha-tandha utawa yèn kena trombosis rasa kang lara banget bisa tuwuh lan ana abuh ing pérangan dubur. Wong-wong kerep kliru ngartekake tandha-tandha kang tuwuh ing pérangan anus-rektum iku mesthi minangka "wasir" lan mulane jalaran serius tandha-tandha dadi ora digatekake.[4] Pancen jalaran pesthine wasir isih durung ketemu, nanging pirang-pirang faktor kang ningkatake tekanan ing njero weteng, kususe bebelen, tinercaya duwé prabawa ing lelakoné wasir.

Pangobatan wiwitan kanggo wasir kang entheng nganti sedhengan ya iku kaya ta nambah pepangan awujud serat, ngombé banyu kanggo njaga hidrasi, obat NSAID kanggo nambani rasa lara, lan ngaso kang cukup. Pirang-pirang prosedur entheng manawa kudu dilakoni yèn tandha-tandha mundhak nemen utawa ora kalong/malih entheng sawisé ditambani lumantar tata laksana lawas. Bedah/oprasi dadi prosedur mburi kanggo panandhang kang penyakite ora malih apik sawisé ditambani mawa cara mau. Luwih saka separone manungsa, bakal ngalami masalah wasir ing sawijining wektu uripé. Lumrahé asil tundhone apik.

Tandha lan tandha-tandha[besut | besut sumber]

Wasir eksternal kaya kang katon ing saubenge dubur manungsa

Wasir internal lan eksternal bisa tuwuh kanthi seje; nanging, akèh wong kang bisa uga nandhang kombinasi wasir kaloro.[2] Pendarahan kang rada akèh lan nyebabake anemia arang lelakoné,[5] apa manèh kang nganti nyebabake oncating nyawa.[6] Akèh wong kang rumangsa isin yèn nandhang lelara iki[5] akibate kerep-kerepe wong mau padha golèk tamba yèn penyakite wis mundhak nemen.[2]

Eksternal[besut | besut sumber]

Yèn ora ngalami trombosis, wasir eksternal mung nuwuhaké masalah sethithik.[7] Nanging, yèn nganti trombosis, wasir bisa nuwuhaké rasa lara kang ora lumrah.[2][3] Ewasemono, rasa lara iki bakal ilang sawisé 2 – 3  dina.[5] Nanging abuhe lagi ilang sawisé sawatara minggu.[5] Kulit ngandel/akrokordon bisa tetep keri nalika wis mari.[2] Yèn wasire rada gedhé lan nyebabake masalah nalika ngresiki dubur, wasire bisa nuwuhaké iritasi ing saubenge kulit lan marakkake gatel ing dubur.[7]

Internal[besut | besut sumber]

Wasir internal lumrahé tuwuh bebarengan karo getihen dubur kang ora krasa lara, warnané abang seger, nalika utawa sawisé bebuwang.[2] Lumrahé getih iku ngglopot ing tinjane, sawijining kaanan kang sinebut hematokezia, nempol ing tisu WC, utawa netes ing njero WC.[2] Werna tinja mau lumrahé tetep katon normal.[2] Tandha-tandha liyané kaya ta ngetokaké bebuwang yiyid, dobol liwat dubur, gatel, lan bebuwang kang ora bisa diampet utawa inkontinensia fekal.[6][8] Wasir internal lumrahé mung krasa lara yèn kedadeyan trombosis utawa nekrosis.[2]

Panyebab[besut | besut sumber]

Panyebab pesthi wasir kang nuwuhaké tandha-tandha ora patiya dimangerteni.[9] Pirang-pirang faktor dipercaya nduwé prabawa kaya ta: kabiyasan usus kang ora teratur (bebelen utawa diare), kurang ulah raga, faktor gizi (diet kang kandhutan serate sithik), nambahing tekanan ing njero weteng (kesuwen ngeden, asites, bobot ing njero weteng, utawa ngandhut), genetik, ora ananing katup ing pembuluh-pembuluh darah kang gegayutan karo wasir, lan tambah tuwaning umur.[3][5] Faktor liya kang dipercaya ningkatake risiko kaya ta kelemon, kesuwen njagong,[2] watuk kronis lan disfungsi dhasar panggul.[4] Ewosemono, bukti-bukti kang mbenerake gegayutan ini ora mitayani.[4]

Ing ing sajeroning wektu ngandhut, tekanan saka jabang bayi utawa fetus ing weteng bebarengan karo owahing kaanan hormonal nyebabake ngambaning saluran-saluran kang gegayutan karo wasir. Babaran uga ningkatake tekanan ing njero weteng.[10] Wanita kang ngandhut lumrahé ora prelu nglakoni oprasi amarga tandha-tandha kang tuwuh lumrahé ilang dhéwé sawisé nglairaké.[3]

Lelakoné[besut | besut sumber]

Bantal hemoroid ya iku pérangan normale anatomi manungsa lan dadi bisa nyebabake lelara (patologis) yèn bantal mau ngalami owah-owahan kang ora normal.[2] Ana telung bantalan kang ana ing kanal dubur normal.[3] Panggonan asalé ana ing sisih lateral kiwa, anterior tengen, lan posterior tengen.[5] Bantalan-bantalan mau ora kagawé déning arteri utawa vena nanging pembuluh getih sinebut sinusoid, jaringan ikat lan otot polos.[4] Sinusoid ora duwé jaringan otot ing kekuliting jaringan kaya déné vena.[2] Prangkat pembuluh getih iki dimangerteni kanthi jeneng pleksus hemoroidalis.[4]

Bantalan hemoroid wigati kanggo ngatur bebuwang utawa kontinensi fekal. Bantalan-bantalan mau mbantu sagedhene 15–20% ing gawé tekanan panutupan salumrahe lan nglindhungi otot sfingter dubur ing sajeroning wektu bebuwang ngliwati usus pérangan ngisor.[2] Nalika wong ngeden, tekanan ing njero weteng tambah, banjur bantalan hemoroid mundhak gedhé ukurane kanggo njaga dubur tetep nutup.[5] Diyakini yèn tandha-tandha wasir tuwuh nalika struktur vaskuler mau mlorot mudhun utawa nalika tekanan vena nambah dhuwur banget.[6] Nambah dhuwuring tekanan sfingter anal uga bisa mèlu tuwuh ing tandha-tandha hemoroid.[5] Rong jinis wasir kang ana ya iku: internal saka pleksus hemoroidal superior lan eksternal saka pleksus hemoroidal inferior.[5] Garis dentata dadi garis kang misah kaloro pérangan iki.[5]

Diagnosis[besut | besut sumber]

Kelas wasir internal
Kelas Diagram Gambar

-

1 Endoscopic view

-

2
3
4

Wasir lumrahé didiagnosa lumantar pamriksan fisik.[11] Pamriksan visual dubur lan pérangan-pérangan sakupenge bisa ndiagnosa wasir eksternal utawa kang nganti dobolen.[2] Pamriksan rektum bokmanawa ditindakake kanggo ndheteksi tumor rektum kang manawa tuwuh, polip, lan nggedhening prostat, utawa abses.[2] Pamriksan iki manawa ora bisa ditindakake tanpa ananing sedasi amarga rasa larane, nadyan wasir internal lumrahé ora nggawa rasa lara.[3] Kapesthen visual wasir internal bisa mrelokake anoskopi, ya iku pranti wujud selang kang salah siji pucukke dipasangi lampu.[5] Ana rong jinis wasir: eksternal lan internal. Rong jinis mau dibedakkake saka posisiné kelawan garis dentata.[3] Sapérangan pasien manawa nuduhake versi tandha-tandha kalorone bebarengan.[5] Yèn ana rasa lara, kaanan mau luwih ketara wujud fisura ani utawa wasir eksternal tinimbang internal.[5]

Internal[besut | besut sumber]

Wasir internal ya iku kang tuwuh saka pérangan ndhuwur garis dentata.[7] Wasir mau ketutup déning epitelium kolumnar kang ora duwé reseptor rasa lara.[4] Wasir jinis iki diklasifikasekakke ing taun 1985 dadi patang kelas dhedhasar tingkat wetuné bol utawa prolapsis.[3][4]

  • Kelas I: Ora dobolen. Mung pembuluh getih kang katon cetha.[11]
  • Kelas II: Dobolen nalika ngeden nanging langsung lumebu manèh.
  • Kelas III: Dobolen nalika ngeden lan kudu dilebokkake manèh kanthi manual.
  • Kelas IV: Dobolen kang ora bisa dilebokkake kanthi manual.

Eksternal[besut | besut sumber]

Wasir eksternal kang nganti trombosis

Wasir eksternal ya iku wasir kang tuwuh ing pérangan ngisor dentata utawa garis pektinatus.[7] Pérangan kang cerak ketutup déning anoderma lan kang adoh ketutup kulit, pérangan kaloro iki padha-padha sensitif karo rasa lara lan temperatur.[4]

Diagnosis Bandhing[besut | besut sumber]

Pirang-pirang prakara anorektal, kalebu fisura, fistula, abses, kanker kolorektal, varises rektal lan gatel-gatel duwé tandha-tandha kang memper siji lan sijiné lan bisa kliru diarani wasir.[3] Getihen liwat dubur uga bisa kedadeyan amarga kanker kolorektal, kolitis kalebu lelara radang usus, lelara divertikular, lan angiodisplasia.[11] Yèn ana anemia jalaran potensial liyané bisa lumebu ing tetimbangan.[5]

Kaanan liya kang uga ndadèkaké dobolen kalebu: akrokordon, kutil ing dubur, prolapse rektum, polip lan nggedhening papilla dubur.[5] Varises anorektal kang disebabake déning hipertensi portal (tekanan getih ing sistem vena portal) bisa tuwuh amemper wasir nanging sejatine ya iku kaanan kang ora padha.[5]

Panyegahan[besut | besut sumber]

Pirang-pirang cara panyegahan disaranake kalebu nginggati ngeden nalika arep bebuwang, nginggati bebelen, lan diare/mencret kanthi tansah memangan diet kang akèh kandhutan serate, lan ngombé banyu kang akèh, utawa ngombé suplemen serat, uga ulah raga kang cukup.[5][12] Aja kesuwen ngeden nalika bebuwang defekasi, luwih becik aja bebuwang sinambi maca,[3] uga ngurangi bobot awak kanggo wong kang kelemon, lan aja ngangkat barang kang abot-abot.[13]

Tata Laksana[besut | besut sumber]

Konservatif[besut | besut sumber]

Pangobatan konservatif kaya ta antarané ya iku gizi kang kandhutan serat diete dhuwur, ngombé banyu kang akèh kanggo njaga hidrasi, obat non-steroidal anti-inflammatory drug (NSAID), njagong kungkum Sitz, lan ngaso.[3] Nambah konsumsi pangan kang ngandhut serat wis kabukten bisa ningkatake asile,[14] lan bisa uga dilakoni lumantar nggenta-nggenti asupan utawa ngonsumsi suplemen serat.[3][14] Ewasemono, bukti ngenani mampangat nglakoni njagong kungkum Sitz kapan baé sajeroning pangobatan kurang banget.[15] Yèn pancen nglakoni cara pangobatan mau, kungkume kudu diwatesi mung 15 menit ing sabene nglakoni.[4]

Sanajan akèh agensia topikal lan supositoria sumadhiya kanggo nambani wasir, nanging bukti kang njurung gunané mung sethithik.[3] Agensia kang ngandhut steroid ora kena dianggo nganti punjul 14 dina amarga bisa nipisake kulit.[3] Sakehing agensia kang ana mesthi awujud campuran saka bahan-bahan aktif.[4] Bahan-bahan mau bisa kalebu: krim penghambat jeli petroleum utawa seng oksida, agensia analgesik kaya ta lidokain, lan vasokonstriktor kaya ta epinefrin.[4] Flavonoid gunané isih nuwuhaké pitakonan lan bisa nyebabake efek samping.[4][16] Tandha-tandha lumrahé ilang yèn mbobot; mula pangobatan aktif lumrahé diendhegi sauntara nganti sabubaring babaran.[17]

Prosedur[besut | besut sumber]

Saperang prosedur bisa ditindakake ing panggonan dhokter praktek. Sanajan lumrahé tetep aman, nanging efek samping kaya sepsis perianal bisa kedadeyan.[11]

  • Ligasi gelang karèt lumrahé disaranake kanggo ngawiwiti pangobatan kanggo para pasien kang penyakite wis ngancik drajat 1 nganti 3.[11] Cara iki ditindakake kanthi masang gelang karèt ing hemoroid internal sakurang-kurange 1 cm sandhuwuring garis dentata kanggo ngendhegake ilining getih. Sawisé 5–7 dina, hemoroid kang wis garing bakal coplok dhéwé. Yèn anggoné masang gelang karete kecedhaken karo garis dentata, rasa lara kang ora ketulungan bakal langsung tuwuh sawisé.[3] Persentase marine lumantar cara iki tinemu kira-kira nganti 87%[3] dibarengi angka komplikasi sagedhene 3%.[11]
  • Skleroterapi ngatutake pangobatan kanthi nyuntikake obat kang nyebabake sklerosis, kaya ta fenol, menyang hemoroide. Suntikan iki nyebabake pembuluh vena kempes banjur hemoroide dadi mengkeret. Angka kekasilan sawisé patang taun pangobatan ya iku ~70%[3] kang pranyata luwih dhuwur tinimbang nganggo cara ligasi gelang karèt.[11]
  • Saperang metodhe kauterisasi wis kabukten dadi cara kang efektif nambani hemoroid, nanging mung dianggo yèn metodhe liyané ora kasil. Prosedur iki bisa ditindakake lumantar elektrokauteri, radiasi infra merah,bedhah laser,[3] utawa bedhah beku.[18] Kauterisasi infra merah manawa bisa dadi pilihan kanggo lelara drajat 1 utawa 2.[11] Penyakit kang drajate wis tekan 3 utawa 4 lumrahé ngasilaké angka umat manèh kang dhuwur.[11]

Oprasi Bedhah[besut | besut sumber]

Saperang teknik pambedhahan manawa digunakaké yèn tata laksana konservatif lan prosedur prasaja gagal.[11] kabèh cara pangobatan liwat oprasi gegayutan karo sawatara drajat komplikasi kalebu pendarahan, infeksi, striktur ani, lan retensi urin, amarga cedhaking let dubur menyang sarap kang ngisi kandhung kemih.[3] Manawa bisa uga ana risiko sepele awujud inkontinensia fekal utawa ora bisa ngampet bebuwang, mligi kang cuwer,[4][19] kang angkane dilapurake wiwit saka 0% nganti 28%.[20] Kaanan liya kang bisa tuwuh sawisé wasir diangkat ya iku ectropion mukosa (kerep-kerepe dibarengi karo stenosis dubur).[21] Kaanan iki bisa dititeni saka wetuné mukosa/barang yiyid saka dubur, kaanan kang luwih entheng tinimbang prolaps rektum.[21]

  • Hemoroidektomi eksisional utawa ngangkat wasir kanthi eksisi ya iku pangirisan jaringan hemoroid kang mung ditrapake kanggo kasus-kasus parah.[3] Cara iki lumrahé ana nyebabake rasa lara bubar oprasi lan lumrahé mbutuhake wektu 2–4 minggu supaya pulih.[3] Ewasemono, cara iki duwé kaluwihan ing mangsa kang luwih suwé kanggo hemoroid tingkat 3 tinimbang ligasi gelang karèt.[22] Cara iki prayoga kanggo pasien kang ngalami hemoroid eksternal amarga trombosis yèn ditindakake ing wektu 24–72 jam.[7][11] Panggunan salep Gliseril trinitrat sawisé oprasi bisa mbantu ngurangi rasa lara lan mbantu pamulihan.[23]
  • Dearterialisasi hemoroid trans-anal mawa tuntunan doppler ya iku pangobatan kang sipate ora patiya invasif nggunakaké ultrasonografi doppler supaya bisa kanthi akurat nemu panggon ilining getih arteri. Arteri-arteri iki banjur "ditaleni" lan jaringan kang ngalami prolaps bakal mbalik ing posisi normale. Tuwuhing wasir manèh ing wektu ngarep sawisé prosedur iki rada dhuwur, nanging komplikasine luwih sethithik tinimbang hemoroidektomi.[3]
  • Hemoroidektomi mawa stapler, kang uga dikenal kanthi jeneng hemoroidopeksi mawa stapler, ya iku salah sawijining prosedur kang nganggo pangangkatan jaringan hemoroid kang gedhene abnormal, sabubaré diterusake kanthi mbalekake posisi asalé jaringan hemoroid ing kaanan anatomi normale. Lumrahé larane ora nemen lan mula marine luwih rikat tinimbang yèn hemoroide diilangi kabèh.[3] Ewasemono, manawa orane hemoroid simtomatik umat manèh luwih gedhé tinimbang hemoroidektomi konvensional[24] saéngga cara iki mung becik ditindakake kanggo lelara tingkat 2 lan 3.[11]

Kereping Kedadeyan[besut | besut sumber]

Angel nemtokake kerep orane kedadeyan hemoroid amarga akèh wong kang nandhang lelara iki ora mriksakake menyang klinik keséhatan.[6][9] Nanging, ana kapitayan yèn hemoroid kang mawa tandha-tandha ngenani 50% populasi AS ing sawatara wektu uriping para pasien mau lan prakira ~5% saka populasi kena prabawané kapan baé.[3] Lanang utawa wadon padha-padha ngalami kira-kira kedadeyaning kaanan kang padha[3] kang cacah tuwuhing paling akèh ing antarané umur 45 nganti 65 taun.[5] Penyakit iki luwih kerep tuwuh ing wong Kaukasia[25] lan wong-wong kang duwé status sosioekonomi dhuwur.[4] Asil kanggo wektu suwé lumrahé apik, sanajan saperang wong manawa bola-bali ngalami babak-babak simtomatik.[6] Ora akèh pasien kang tundhone kudu dioprasi.[4]

Sajarah[besut | besut sumber]

Miniatur Inggris abad 11. Ing sisih tengan ya iku oprasi ngangkat hemoroid.

Sing kapisanan nerangake lelara iki asalé saka 1700 taun sadurungé Masehi ya iku papirus saka bangsa Mesir, unine: “… Sampeyan kudu nggawé jamu, lenga kang bisa nglindhungi kanthi apik banget; godhong Akasia, diuleg, diulet, banjut dimasak bareng. Usapake gombal alus secuil ning panggonan kono -bareng godhong mau banjur tempelake ning dubur, mesthi bakal rikat waras."[26] Ing taun 460 sadurungé Masehi, Hippocratic corpus nyrasehake pangobatan kang memper cara modern ligasi gelang karèt: “Lan pangetrapane kanggo hemoroid kang kaya mangkono bisa ditambani mawa cara ditubles dom banjur ditaleni nganggo benang wol kang kandel, aja diangkat, dienengke baé nganti puthul dhéwé; banjur nalika pasien waras, wenehi terapi tetuwuhan Hellebore.”[26] Hemoroid jare uga diterangake ing kitab Injil.[5][27]

Celsus (25 SM – 14 M) nerangake prosedur ligasi lan eksisi, uga nyrasekake potensi komplikasine.[28] Galen nyaranake supaya matèni pembuluh getih arteri menyang vena, lan ngaku yèn cara iki bisa ngurangi rasa lara lan mrataning gangren.[28] Buku Susruta Samhita, (abad 4 – 5 M), duwé katrangan kang memper kaya kang diterangake Hippocrates, nanging negesake supaya tatune kudu resik.[26] Ing abad 13, dhokter bedhah Éropah kaya ta Lanfranc saka Milan, Guy de Chauliac, Henri de Mondeville lan John saka Ardene kasil banget nggawé maju lan ngrembakaning teknik bedhah.[28]

Panggunan tembung "hemoroid" kang sepisanan ing Inggris kedadeyan ing taun 1398, dumadi saka basa Prancis Tuwa "emorroides", saka basa Latin "hæmorrhoida -ae",[29] saka basa Yunani "αἱμορροΐς" (haimorrhois), tegesé "jalaran wetuné getih", saka "αἷμα" (haima), "getih"[30] + "ῥόος" (rhoos), "dalan, ili, lakuning",[31] dhéwé saka "ῥέω" (rheo), "mili, ngocor".[32]

Kasus-kasus Kawentar[besut | besut sumber]

Atlit bisbol kang kawentar George Brett ditokkake saka tandhing ing 1980 World Series amarga kelaran hemoroid. Sawisé nglakoni bedhah cilikan, Brett mbalik mèlu main manèh ing tandhing sawisé, karo nylemong "...masalahku saiki wis ana ing mburi."[33] Brett banjur nglakoni bedhah hemoroid manèh ing mangsa semi iku.[34] Komentator pulitik konservatif Glenn Beck nglakoni bedhah hemoroid banjur njelasake pengalaman kang ora nyenengake iku ing video YouTube taun 2008 kang wis ditonton déning wong akèh banget.[35]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Chen, Herbert (2010). Illustrative Handbook of General Surgery. Berlin: Springer. kc. 217. ISBN 1-84882-088-7.
  2. a b c d e f g h i j k l m n o Schubert, MC; Sridhar, S; Schade, RR; Wexner, SD (July 2009). "What every gastroenterologist needs to know about common anorectal disorders". World J Gastroenterol. 15 (26): 3201–9. doi:10.3748/wjg.15.3201. ISSN 1007-9327. PMC 2710774. PMID 19598294.
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y Lorenzo-Rivero, S (August 2009). "Hemorrhoids: diagnosis and current management". Am Surg. 75 (8): 635–42. PMID 19725283.
  4. a b c d e f g h i j k l m n o Beck, David (2011). The ASCRS textbook of colon and rectal surgery (édhisi ka-2nd ed.). New York: Springer. kc. 174–177. ISBN 9781441915818. {{cite book}}: |edition= has extra text (pitulung)
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Kaidar-Person, O (2007 Jan). "Hemorrhoidal disease: A comprehensive review" (PDF). Journal of the American College of Surgeons. 204 (1): 102–17. PMID 17189119. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2012-09-22. Dibukak ing 2014-07-14. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  6. a b c d e Davies, RJ (2006 Jun). "Haemorrhoids". Clinical evidence (15): 711–24. PMID 16973032. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  7. a b c d e Dayton, senior, Peter F. Lawrence; editors, Richard Bell, Merril T. (2006). Essentials of general surgery (édhisi ka-4th ed.). Philadelphia ;Baltimore: Williams & Wilkins. kc. 329. ISBN 9780781750035. {{cite book}}: |edition= has extra text (pitulung); |first= has generic name (pitulung)
  8. Azimuddin, edited by Indru Khubchandani, Nina Paonessa, Khawaja (2009). Surgical treatment of hemorrhoids (édhisi ka-2nd ed.). New York: Springer. kc. 21. ISBN 978-1-84800-313-2. {{cite book}}: |edition= has extra text (pitulung); |first= has generic name (pitulung)
  9. a b Reese, GE (2009 Jan 29). "Haemorrhoids". Clinical evidence. 2009. PMID 19445775. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  10. National Digestive Diseases Information Clearinghouse (November 2004). "Hemorrhoids". National Institute of Diabetes and Digestive and Kidney Diseases (NIDDK), NIH. Dibukak ing 18 Maret 2010.
  11. a b c d e f g h i j k l Rivadeneira, DE (2011 Sep). "Practice parameters for the management of hemorrhoids (revised 2010)". Diseases of the colon and rectum. 54 (9): 1059–64. PMID 21825884. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  12. Frank J Domino (2012). The 5-Minute Clinical Consult 2013 (Griffith's 5 Minute Clinical Consult). Hagerstown, MD: Lippincott Williams & Wilkins. kc. 572. ISBN 1-4511-3735-4.
  13. Glass, [edited by] Jill C. Cash, Cheryl A. Family practice guidelines (édhisi ka-2nd ed.). New York: Springer. kc. 665. ISBN 9780826118127. {{cite book}}: |edition= has extra text (pitulung); |first= has generic name (pitulung)
  14. a b Alonso-Coello, P.; Guyatt, G. H.; Heels-Ansdell, D.; Johanson, J. F.; Lopez-Yarto, M.; Mills, E.; Zhuo, Q.; Alonso-Coello, Pablo (2005). Alonso-Coello, Pablo (èd.). "Laxatives for the treatment of hemorrhoids". Cochrane Database Syst Rev (4): CD004649. doi:10.1002/14651858.CD004649.pub2. PMID 16235372.
  15. Lang, DS (2011 Dec). "Effectiveness of the Sitz bath in managing adult patients with anorectal disorders". Japan journal of nursing science: JJNS. 8 (2): 115–28. PMID 22117576. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  16. Alonso-Coello P, Zhou Q, Martinez-Zapata MJ; et al. (August 2006). "Meta-analysis of flavonoids for the treatment of haemorrhoids". Br J Surg. 93 (8): 909–20. doi:10.1002/bjs.5378. PMID 16736537. {{cite journal}}: Explicit use of et al. in: |author= (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  17. Quijano, CE (2005 Jul 20). "Conservative management of symptomatic and/or complicated haemorrhoids in pregnancy and the puerperium". Cochrane database of systematic reviews (Online) (3): CD004077. PMID 16034920. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  18. Misra, MC (2005). "Drug treatment of haemorrhoids". Drugs. 65 (11): 1481–91. PMID 16134260. {{cite journal}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)CS1 maint: extra punctuation (link)
  19. Pescatori, M (2008 Mar). "Postoperative complications after procedure for prolapsed hemorrhoids (PPH) and stapled transanal rectal resection (STARR) procedures". Techniques in coloproctology. 12 (1): 7–19. PMID 18512007. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  20. Ommer, A (2008 Nov). "Continence disorders after anal surgery--a relevant problem?". International journal of colorectal disease. 23 (11): 1023–31. PMID 18629515. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  21. a b Lagares-Garcia, JA (2002 Dec). "Anal stenosis and mucosal ectropion". The Surgical clinics of North America. 82 (6): 1225–31, vii. PMID 12516850. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  22. Shanmugam, V (2005 Jul 20). "Rubber band ligation versus excisional haemorrhoidectomy for haemorrhoids". Cochrane database of systematic reviews (Online) (3): CD005034. PMID 16034963. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  23. Ratnasingham, K (2010). "Meta-analysis of the use of glyceryl trinitrate ointment after haemorrhoidectomy as an analgesic and in promoting wound healing". International journal of surgery (London, England). 8 (8): 606–11. PMID 20691294. {{cite journal}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  24. Jayaraman, S (2006 Oct 18). "Stapled versus conventional surgery for hemorrhoids". Cochrane database of systematic reviews (Online) (4): CD005393. PMID 17054255. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  25. Christian Lynge, Dana; Weiss, Barry D. 20 Common Problems: Surgical Problems And Procedures In Primary Care. McGraw-Hill Professional. kc. 114. ISBN 978-0-07-136002-9.
  26. a b c Ellesmore, Windsor (2002). "Surgical History of Haemorrhoids". Ing Charles MV (èd.). Surgical Treatment of Haemorrhoids. London: Springer.
  27. King James Bible. 1 Samuel 6 4.{{cite book}}: CS1 maint: location (link)
  28. a b c Agbo, SP (1 Januari 2011). "Surgical management of hemorrhoids". Journal of Surgical Technique and Case Report. 3 (2): 68. doi:10.4103/2006-8808.92797.
  29. hæmorrhoida, Charlton T. Lewis, Charles Short, A Latin Dictionary, on Perseus Digital Library
  30. αἷμα, Henry George Liddell, Robert Scott, A Greek-English Lexicon, on Perseus Digital Library
  31. ῥόος, Henry George Liddell, Robert Scott, A Greek-English Lexicon, on Perseus Digital Library
  32. ῥέω, Henry George Liddell, Robert Scott, A Greek-English Lexicon, on Perseus Digital Library
  33. Dick Kaegel (March 5, 2009). "Memories fill Kauffman Stadium". Major League Baseball.
  34. "Brett in Hospital for Surgery". The New York Times. Associated Press. March 1, 1981.
  35. "Glenn Beck: Put the 'Care' Back in Health Care". ABC Good Morning America. Jan. 8, 2008. Dibukak ing 17 Sèptèmber 2012. {{cite news}}: Check date values in: |date= (pitulung)

Pranala njaba[besut | besut sumber]