Menyang kontèn

Niš

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Nis)
Kutha Niš
Град Ниш
Flag of Kutha Niš
Flag
Coat of arms of Kutha Niš
Coat of arms
Lokasi Niš ing Serbia
Lokasi Niš ing Serbia
Lokasi Niš ing Serbia
Coordinates: 43°18′N 21°54′E / 43.300°N 21.900°E / 43.300; 21.900
Nagara Serbia
Distrik Nišava
Munisipalitas 5
Government
 - Walikutha Smiljko Kostić (NS)
 - Parté kuwasa DSS/G17+/NS/SPO/SPS
Jembar wewengkon
 - Total 597 km² (230,5 sq mi)
Populasi (2002)[2]
 - Total 260 237[1]
 - Kapadhetan 420/km² (1.087,8/sq mi)
Zona wektu CET (UTC+1)
 - Summer (DST) CEST (UTC0)
Kodhe pos 18000
Area code(s) (+381) 18
Plat montor NI
Website: City of Niš
Alun-alun
Munisipalitas Niš

Niš (basa Serbia: Ниш / Niš, IPA: [niːʃ], Ngenani wuni iki rungokna ) iku kutha ing Serbia dumunung ing koordinat 43.3° N 21.9° E, ana ing pinggir Kali Nišava. Kanthi sing ndunungi kang cacahé 260,237[1] jiwa kutha iki minangka kutha gedhé dhéwé ing Serbia Kidul lan kutha gedhé dhéwé nomer telu ing Serbia sawisé Beograd lan Novi Sad. Jembaré kutha iki watara 597 km2, kalebu kutha Niš dhéwé, Niška Banja spa lan 68 tlatah pinggiran (suburb). ''Niš Constantine the Great Airport'' (Аеродром Константин Велики) ing minangka papan anggegana international ing Niš kanthi kodhe tujuan INI. Niš dadi pusat adminidtrasi ing Distrik Nišava ing Serbia. Dumunung ing simpang dalan antarané Balkan lan dalan-dalan gedhé Éropa, nyambungaké Asia Minor menyang Éropa, Niš dadi salah siji kutha kang tuwa dhéwé ing Balkan, lan wis wiwit jaman kuna dianggep gapura antara Wétan lan Kulon. Niš dadi papan panggonan Greja Serbia kang tuwa dhéwé yaiku saka abad angka 4 kang dumunung ing laladan pinggiran Mediana [2]. Niš uga kawentar minangka panggonan kelairan Konstantin kang Agung, Kaisar Romawi Kristen kapisan lan kang ngadegaké Konstantinopel [3]. Kutha iki uga dadi panggonan klairané loro kaisar Romawi liyané, yaiku Constantius III lan Justin I.

Niš iku pusat universitas. Ana watara 30,000 mahasiswa ing Universitas Niš, kang duwèni 13 facultas. Niš uga salah siji pusat indhustri kang wigati ing Serbia, pusat indhustri èlèktronika (delengen Elektronska Industrija Niš), indhustri mesin mekanikal, tekstil lan tembako.

Géografi lan iklim

[besut | besut sumber]

Niš dumunung ing koordinat 43°19' lintang lor lan 21°54' bujur wétan, ing lembah Nišava, cedhak papan patemon kali Južna Morava. Ing kutha Niš iki, dalan gedhé saka sisih lor menyang lembah Kali Morava kapecah dadi loro:-arah mangidul, tumuju kutha Thessalonica lan Atena,-lan arah mangétan, tumuju menyang Sofia lan Istambul, lan luwih adoh manèh tumuju menyang tlatah "Wétan Cedhak" (Near East). Tlatah tengah kutha dumunung ana ing elevasi 194m sakdhuwuré sagara. Titik kang paling dhuwur yaiku ing Sokolov kamen (Falcon's rock) ing Gunung Suva Planina (1523m), déné tlatah kang paling cendhèk yaiku ing Trupale, cedhak sungapan Kali Nišava (173m). Jembar wewengkon kutha yaiku 596.71 km².

Iklim ing tlatah Niš iku wujud iklim sedhengan moderate lan continental, kanthi rata-rata suhu 11.2 °C. Sasi Juli minangka sasi kang paling anget sajeroning sataun, kanthi suhu rata-rata 21.2 °C. Sasi kang paling anyep yaiku sasi Januari, kanthi suhu rata-rata 0.2 °C. Rata-rata curah udan taunan yaiku 567.25 mm/m². The rata-rata barometer 992.74 mb. Ana 123 dina kang mawa udan lan 43 dina mawa salju. Rata-rata kacepetan angin sangisoré 3 Beaufort.

Panggonan mawa sajarah

[besut | besut sumber]

Kaisar Romawi

[besut | besut sumber]

Telu kaisar Romawi lair ing kutha iki:

Populasi miturut sajarah

[besut | besut sumber]
  • 1900: 24,573
  • 1905: 21,946
  • 1910: 24,949
  • 1921: 28,625
  • 1931: 35,465
  • 1941: 44,800[butuh sitiran] (estimate)
  • 1948: 49,332 (109,280)*
  • 1953: 58,656 (122,100)*
  • 1961: 81,250 (148,354)*
  • 1971: 127,654 (195,362)*
  • 1981: 161,376 (232,563)*
  • 1991: 173,250 (245,182)*
  • 2002: 173,724 (250,518)*
  • 2008: 182,209 (263,478)* (estimate)

()*-populasi mitururt tapel wates kutha saiki.

Dhémografi

[besut | besut sumber]

Isih ana sawatara pasulayan bab cacahé populasi, awit éwon pangungsi Kosovo kang kanthi resmi dudu sing ndunungi kutha iki, nanging manggon ing kana karo kaluwargané.

Golongan ètnik ing tlatah Munisipal (Sensus 2002)
Golongan ètnis Populasi
Serbs 235,657
Roma 5,687
Montenegrins 846
Bulgarians 799
Macedonians 715
Yugoslavs 664
Croats 417
Others 5,733
TOTAL 250,518
Golongan ètnik ing tlatah kutha (Sensus 2002)
Golongan ètnis Populasi
Serbs 162,380
Roma 4,461
Montenegrins 747
Bulgarians 679
Macedonians 715
Yugoslavs 601
Croats 379
Others 3,872
TOTAL 173,724

Ékonomi

[besut | besut sumber]

Niš minangka kutha administratif, indhustri, komersial, kauangan lan pusat budaya ing pérangan kidul-wétan Republik Serbia. Posisi Niš wigati amarga dumunung ana ing simpang dalan saka Éropa lan jaringan rèl sepur kang ngubungaké Éropa karo Asia. Niš gampang ditekani, kanthi anané papan anggegana-Konstantin kang Agung.

Turisme

[besut | besut sumber]

Panggonan Turis

[besut | besut sumber]

Arsitèktur

[besut | besut sumber]

Wangunan ing Niš terus dibangun. Niš iku kutha gedhé dhéwé nomer loro sawisé Beograd yèn disawang saka anané gedhong dhuwur. Hotèl Ambasador minangka gedhong kang gedhé dhéwé ing Serbia nanging uga ana gedhong gedhé liyané kaya déné TV5.

Informasi Turis

[besut | besut sumber]
  • Organisasi Turis Nis duwé loro pusat informasi turis, siji ing Nis yaiku ing dalan Vozda Karađorđa nomer 7, lan liyané ana ing Niska Banja yaiku ing dalan Sinđelićeva 3b.

Pamérangan administratif

[besut | besut sumber]

kutha Niš dumadi saka lima munisipalitas:

  1. Medijana
  2. Palilula
  3. Pasisirlej
  4. Crveni Krst
  5. Niška Banja

Papat kang pisanan dumunung ing tlatah kutha Niš, déné Niška Banja ing tlatah pinggiran. Sadurungé taun 2002, kutha Niš mung duwé loro munisipalitia, yaiku "Niš" lan "Niška Banja".

Munisipalitas Niš kalebu pamukiman-pamukiman:

Medijana    Palilula    Pasisirlej    Crveni Krst    Niška Banja   
Center Palilula Pasisirlej Crveni Krst Niška Banja
Marger Staro Groblje Jagodin Mala (partly) Beograd Mala nas. Nikola Tesla (broj 6)
Trg Kralja Aleksandra Crni Put Durlan Jagodin Mala (partly) Jelašnica
Kičevo Bubanj Komren (partly) Komren (mostly) Sićevo
Čair Ledena Stena Čalije Šljaka Ostrovica
Bulevar Nemanjica Delijski Vis Somborska Medosevac Prva Kutina
Bulevar Djindjica Apelovac Vrežina   Radikina Bara
Medijana Kovanluk     Prosek
Trošarina Tutunović Podrum     Čukljenik
Duvanište Kalač Brdo     Donja i gornja Studena
Brzi Brod        

Media lokal

[besut | besut sumber]

Stasiun radio

[besut | besut sumber]

Stasiun TV

[besut | besut sumber]
  • Narodne Novine [23] (BUL)

Kutha kembar

[besut | besut sumber]

Niš duwé kerjasama kutha kembar karo:

Other forms of cooperation and city friendship similar to the twin city programmes:

Rujukan

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]