Kaisar Romawi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kaisar Romawi inggih punika pangrèh Romawi sadangunipun periode kakaisaran (dipunwiwiti udakara 27 SM). Bangsa Romawi boten gadhah satunggal istilah tartamtu kanggé kalungguhan punika: gelar latin kados imperator, augustus, caesar (asal kata kaisar salebeting Basa Indonesia), lan princeps saged dipungayutaken dhateng kalungguhan punika. Salebeting praktekipun, kaisar inggih punika panguwaos ingkang inggil wonten Romawi lan panglima ingkang inggil legiun Romawi.

Minangka pamangku kalungguhan princeps Senatus, kaisar saged bikak lan nutup saben wekdal senat, nyusun agenda senat, damel aturan kanggé dipunturuti déning senat, lan kepanggih kaliyan duta besar asing minangka sesulih senat. Njabat minangka pontifex maximus damel kaisar dados pemimpin paling inggil keagamaan, paring piyambakipun wewenang kanggé mandhégani sadaya upacara keagamaan, ngresikake kuil, ngatur surya Romawi (nambahake utawi busak dinten manawi dipunbetahaken), milih perawan vesta lan flamine, mandhégani Collegium Pontificum (perkumpulan pendeta), lan meringkas dogma agama Romawi.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]