Kaérut
Kaérut | |
---|---|
Kaérut, Maranta arundinacea miturut F.M. Blanco, Flora de Filipinas | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Monocots |
Unranked: | Commelinids |
Ordho: | Zingiberales |
Famili: | Marantaceae |
Génus: | Maranta |
Spésies: | M. arundinacea |
Jeneng binomial | |
Maranta arundinacea L. |
Kaérut (Maranta arundinacea)iku sajinis tetuwuhan awangun terna kang ngasilaké dhangkèl kang bisa dipangan. Kaérut ora tau dadi sumber panganan pokok, nanging kerep ditandur ing pakarangan ing padésan minangka cadhangan panganan ing dalem mangsa paceklik.[1] Tuwuhan iki uga diarani: angkrik, érut, gaérut, garut, gerut, girut, irut, jelarut, jengkerut, jlarut, klirut, kérut, lérut[2], midri, lan waérut.
Pamerian
[besut | besut sumber]Terna menaun, tegak, kanthi wit kang cabang menggarpu, dhuwur 40–100 cm. Rimpangé empuk lan engkak, mawa daging, kaputih-putihan utawa semu abang kanthi sisik godhong putih semu abang. Godhong mawa tangkai dawa, mawa pelepah ing pangkalé lan tansaya kandel, kanthi helaian awangun lonjong kanthi pucuk lancip. Kembang majemuk sajeroning malai terminal (ing pucuk wit), zigomorfik,awarna putih. Woh lonjong, abang tuwa, gundhul nganti mawa rambut.[3][4]
Kagunan
[besut | besut sumber]Garut mligi ditandur kanggo dijupuk uwiné, kang ngasilaké pathi kanthi kualitas dhuwur, kanthi ukuran alus lan regané larang [5]. Rimpang garut uga bisa didadèkaké sumber karbohidrat alternatif kanggo ngganti glepung trigu[6]. Rimpang segar mengandung air 69–72%, protéin 1,0–2,2%, lemak 0,1%, pati 19,4–21,7%, serat 0,6–1,3% dan abu 1,3–1,4%[7].
Glepung garut becik kanggo dikonsumsi déning wong kang lemah utawa kang nembé mari saka lara, amarga gampang dicerna déning panandhang masalah weteng utawa masalah usus. Glepung iki uga minangka pengenyal manéka jinis panganan, bumbu, sup, gula-gula, masakan lan panganan panutup kaya ta puding lan ès krim. Bubur saka rimpang kang isih seger minangka obat olès tatu lan tatu mawa nanah; pathiné dicampur karo banyu utawa susu dipigunakaké kanggo nambani masalah-masalah weteng (contoné nambani keracunan) lan diaré. Kabèh pérangan rimpang kang durung ngandhut serat bisa dipangan kanthi cara dikukus utawa dipanggang luwih dhisik.[4]
Bubur kang diasilaké saka rimpang dipigunakaké sajeroning pabrik kertas, karton, bantal lan papan témbok, lan pathiné minangka bahan dhasar wedhak, lem lan sabun. Ampas sisa gawé glepung dimupangataké kanggo pakan sato iwèn lan pupuk. Godhongé minangka pambungkus. Sauntara iku, sapérangan kultivar garut kanthi godhong kang warnané merak ati disenengi uga minangka tuwuhan hias.[4]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ Austria Tumbuhan Berguna Indonésia, jil. 1:608-610 Terj. Yayasan Sarana Wana Jaya, Jakarta
- ↑ (Indonesia), Balai Bahasa Yogyakarta; Kanisius., Penerbit (2011). Kamus basa Jawa = Bausastra Jawa (édhisi ka-Ed. 2). Deresan, Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 9789792128581. OCLC 774024212.
- ↑ Austria Tumbuhan Monokotil. Penebar Swadaya, Jakarta. Hal. 90-91
- ↑ a b c Austria Maranta arundinacea L. Archived 2011-09-25 at the Wayback Machine. PROSEA 9: Plants yielding non-seed carbohydrates. Bogor. p.113-116
- ↑ Austria Analisis Keragaman Genetik Maranta arundinacea L. Berdasarkan Penanda Molekuler Rapd (Random Amplified Polymorphic DNA). Archived 2011-01-01 at the Wayback Machine. Jurnal Sains dan Teknologi Indonésia, Vol 5(5): 209-218, Agustus 2003. (abstrak)
- ↑ Austria dalam Sastra, D.R. 2003. Op. cit.
- ↑ Austria dalam Abun. 2005. Efek Fermentasi Ampas Umbi Garut (Maranta arundinacea Linn.) dengan Kapang Aspergillus niger terhadap Nilai Kecernaan Ransum Ayam Pedaging. Artikel ilmiah padha Fakultas Peternakan UNPAD. (tidak diterbitkan)
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Ragam genetik garut adhedhasar marka morfologi Archived 2010-04-01 at the Wayback Machine.