Pandan
Pandhan kang paling akèh urip ing pasisir iku jinis Pandanus tectorius [1]. (tector iku duwé arti tutup, lan tectorius iku duwé arti kanggo kanggo pungkasan/payon)[1]. Saka familia Pandanaceae, spésies kang duwé variétas kan akèh banget [1]. Variétas kang urip alasan ing pasisir, sagara, lumrahé kang duwé oyot tunjang [1]. Oyoté iku urip kanthi lurus ngubengi pangkal bonggolé, saénggo dhapuré kerucut [1]. Kaanan kang kaya mangkono iku, mènèhi kesan, kang saumpamané wit pandan iku kabéh terangkat karo oyot-oyoté kang tunjang iku [1].
Jeneng Umum
[besut | besut sumber]- Indonésia: Pandhan Wangi, Godhong pandhan [2]
- Inggris: Fragrant pandan [2].
- Malayu: Pandan rampeh [2].
- Vietnam: Dúa thom [2].
- Thailand: Cây cõm nếp, Bai toey, Bai toey hom [2].
- Pilipina: Pandan, Pandan mabango [2].
- Cina: Bān lán (Mandarin) [2].
- Jepang: Nioi tako no ki [2].
Klasifikasi
[besut | besut sumber]- Karajan: Plantae (Tetuwuhan)[2].
- Subkingdom: Tracheobionta (Tetuwuhan mawa pambuluh)[2].
- Super Divisi: Spermatophyta (Tetuwuhan mawa wiji)[2].
- Divisi: Magnoliophyta (Tetuwuhan mawa kembang)[2].
- Kelas: Liliopsida (Tetuwuhan mawa wiji tunggal / monokotil)[2].
- Sub Kelas: Arecidae [2].
- Ordho: Pandanales [2].
- Famili: Pandanaceae [2].
- Genus: Pandanus [2].
- Spesies: Pandanus amaryllifolius Roxb [2].
Kerabaté
[besut | besut sumber]- Pandhan Bidur [2].
- Buah Merah [2].
- Pandhan Hias [2].
- Pandhan Kowang [2].
- Pandhan Laut [2].
- Pandhan Kecil [2], lan
- Pandhan Besar [2].
Paédah
[besut | besut sumber]Pandhan iku paling akèh urip ing laladan Jawa, minangka alas kang sungker dijelajahi marang wong akèh, amarga uripé kang lebat iku [1]. Godhongé kang dawa-dawa iku ana ri/duri né [1]. Nanging, godhong pandhan iku akèh paédahé, kaya ta:
1. Kanggo gawé anyaman [1]
2. Wohé Pandhan [1] Wohé Woh majemuk lan wanguné bal/bal dawa [1]. Yèn wis mateng, iku wernané kuning semu abang jingga [1]. Dadi yèn wis mateng, bisa dipangan [1]. Tuwuhan iku kagolong golongan Halophyt Basa Yunaniné (hals iku uyah, phyt iku saka tembung phuton ya iku tuwuhan)[1]. Dadi tuwuhan iku seneng utawa tuwuhan kang urip ing kaanan kang kadar uyahé ing lemah iku rada dhuwur [1].
3. Bisa kanggo bahan campuran [3] Pandhan uga bisa kanggo bahan campuran bubur, kaya ta bubur kacang ijo, bubur ketan ireng, bubur pathi, bubur blowok.[3] Bubur kang dicampur godhong pandan rasané luwih énak lan ambuné luwih sedhep [3]. Pandhan lumrahé uga dadi rasa sirup, tuladhané sirup coco pandan utawa sirup rasa klapa lan pandan [4]
4. Pandhan bisa kanggo masakan lan nggawé jajanan [4]. Jajanan kang nganggo campuran godhong pandhan lumrahé jajanan kang legi.[4] Godhong pandhan gunané supaya jajanan duwé ganda wangi lan sedhep ambuné.[4] Tuladhané pudhing pandan, cake pandhan, bolu pandhan, kolak, buko pandhan, surabi pandhan, sifon pandhan.[4]
Kandhutan
[besut | besut sumber]Kandhutan bahan Kimia [5]:
- Alkaloida [5].
- Saponin [5].
- Flavonoida [5].
- Baris isi [5].
- Tanin [5].
- Polifenol [5], lan
- Zat warna [5].
Godhong pandhan
[besut | besut sumber]Godhong pandhan lumrahé kanggo masak. Godhong pandhan duwé wangi kang kas, apa manèh nalika dianggo nggawé jajanan lan ombénan.[2] Jaman mbiyèn pandhan kerep kanggo njaga kaséhatan.[2]
Khasiat
[besut | besut sumber]Pandhan ngandhut zat kimia kang migunani kanggo awak, tuladhané alkaloid, saponin, flavoida, tanin lan polifénol.[3] Godhong pandhan uga bisa dadi obat lelara.[3]
- panu[3]
- blegudreg utawa hiperténsi[3]
- nambah nafsu mangan[3]
- lemah saraf[3]
- rématik utawa pegel linu[3]
- ngilangaké ketombé utawa mreki[3]
- rambut rontok[3]
Asil Olahan
[besut | besut sumber]Pandhan bisa kanggo campuran masakan lan nggawé jajanan.[4] Jajanan kang nganggo campuran godhong pandan lumrahé jajanan kang legi.[4] Godhong pandhan gunané supaya jajanan duwé ganda wangi lan sedhep ambuné.[4] Tuladhané pudhing pandhan, cake pandhan, bolu pandhan, kolak, buko pandhan, surabi pandhan, sifon pandhan.[4]
Saliyané iku godhong pandhan uga bisa digawé kerajinan tangan.[4] Godhong pandhan dipépé nganti garing.[4] Yèn wis garing utawa lemes godhong pandhan banjur dianyam.[4] Godhong pandhan dianyam banjur bisa digawé tas, klasa utawa tiker, caping utawa topi.[4] Nggawé kerajinan saka godhong pandhan kudu kreatif supaya bisa ngasilaké barang kang modél lan wernané apik.[4]
Supaya asilé luwih apik, godhong pandhan uga bisa diwernani supaya katon luwih apik lan variasi wenané.[4]
Klasa pandhan uga bisa digawé tas lan bisa divariasi modél lan wernané.[5] Tas pandan iki payu didol nganti tekan butik hotèl ing Amérikah Sarékat.[5] Variasi wernané lumrahé nganggo pewarna alami kaya ta godhong suji lan sumba.[5] Godhong pandhan uga bisa digawé tas laptop, tas makarya, dompét, wadhah ''tissue'', nganti clutch kanggo pista.[5]
Pandhan uga bisa kanggo bahan campuran bubur, kaya ta bubur kacang ijo, bubur ketan ireng, bubur pathi, bubur blowok.[6] Bubur kang dicampur godhong pandan rasané luwih énak lan ambuné luwih sedhep.[6]
Pandhan lumrahé uga dadi rasa sirup, tuladhané sirup coco pandan utawa sirup rasa klapa lan pandan.[4]
Cara Nganggo
[besut | besut sumber]Godhong pandhan seger kang cacahé 2-5 lembar diiris-iris sacukupé banjur digodhog utawa diseduh, diombé [5]. Utawa godhongé ditumbuk/didheplok banjur diperes lan diombé [5]. Panggunakané ing jaba, godhong dikumbah resik banjur digiling alus [5]. Turapaké ing tatu utawa kulit sirah kang ana ketombené [5].
Tuladhané Nganggo
[besut | besut sumber]1. Lemah saraf [5] Godhong pandhan seger cacahé 3 lembar dikumbah banjur dikethok cilik-cilik [5]. Godhog kanthi 3 gelas banyu resik nganti sisa 2 gelas [5]. Bar iku adhem, disaring banjur diombé saben èsuk lan soré, saben 1 gelas [5].
2. Rematik lan pegel linu [5] a. Godhong pandhan seger cacahé 3 lembar dikumbah resik banjur diiris tipis-tipis [5]. Seduh kanthi 1/2 cangkir lenga klapa kang wis dipanasaké sinambi diaduk rata [5]. Sawisé adhem, siyap kanggo nggosok pérangan awak kang krasa lara [5]. b. Godhong pandhan seger cacahé 5 lembar lan godhong serai 20 lembar, dikumbah banjur digecek/ditumbuk kanthi alus [5]. Tambahna lenga kayu putih lan lenga gandapura saben 1 sendok makan [5]. Aduk sinambi diremes kanthi rata. Ramuan iku kanggo nggosok lan ngurut pérangan awak kang krasa lara [5].
3. Gelisah Godhong pandhan seger cacahé 2 lembar dikumbah banjur diiris tipis-tipis [5]. Seduh karo sagelas banyu panas [5]. Sawisé adhem, disaring, langsung diombé [5]. Lakoni kaping 2-3 sadina, kanthi tenang [5].
4. Rambut rontok 10 lembar godhong waru kang nom (isih seger), sagenggem godhong urang-aring, 5 lembar godhong mangkokan, 1 lembar godhong pandhan, 10 kuncup kembang melati, lan 1 kuncup kembang mawar, banjur dikumbah kanthi resik, banjur dikethok-kethok sacukupé [5]. Bahan-bahan iku dilebokaké ing sajeroning panci email, banjur tambahaké lenga wijen, lenga kelapa lan lenga kemiri (saben-saben 1/2 cangkir) [5]. Panasaké kanthi umup, sabanjuré iku, junjung [5]. Sawisé adhem terus disaring, siyap kanggo digunakaké [5]. Carané, olesaké campuran lenga mau ing sakabéhé kulit sirah sinambi dipijet ènthèng [5]. Lakoni saben bengi sadurungé turu, esuké rambut iku dikeramasi [5]. Lakoni kaping 2-3 kali seminggu [5].
5. Ngirengaké rambut Godhong pandhan wangi sakira-kirané 7 lembar dikumbah banjur dikethok-kethok [5]. Godhog karo 1 liter banyu kanthi warnané dadi ijo [5]. Embunaké banyu godhogan mau sawengi [5]. Esuké, campuraké godhogan banyu pandan mau karo banyu perasan 3 woh mengkudu mateng [5]. Banyu campuran mau banjur kanggo ngumbah rambut [5]. Lakoni kaping 3 saminggu, kanthi katon kasilé [5].
6. Ketombe Godhong pandhan seger saora-orané 7 lembar dikumbah kanthi resik banjur digiling kanthi alus [5]. Tambahaké 1/2 cangkir banyu resik sinambi diremes rata [5]. Peres lan saring. Banyu peresan godhong pandan iku banjur diolesaké ing sakojuré kulit sirah kang ana ketombéné [5]. Umbaraké kanthi garing, yèn perlu olesan dibalèni manèh [5]. Sakira-kira 1/2-1 jam manèh, rambut mau dibilas karo banyu resik [5]. Lakoni saben dinané kanthi mari [5].
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Drs. Soegianto. 1986. Kenalilah Flora Pasisir Kita. Decenta Bandung:Fa. Widjaya hal: 32
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa [1] (diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l http://resepmasakanindonesia.info Archived 2011-07-02 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p http://www.kerajinan-tangan.com/ Archived 2011-05-14 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au av aw ax [2] Archived 2011-08-24 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
- ↑ a b http://resepmasakanindonesia.info Archived 2011-07-02 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)
[[Kategori