Basa Afrikaans

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Basa Afrikaans
Pangucapan [ɐfriˈkɑːns]
Asal Afrika Kidul, Namibia
Panyatur asli
7,1 yuta (2011)[1]
10,3 yuta panyatur L2 ing Afrika Kidul (2002)[2]
Basa Isarat Afrikaans[3]
Status resmi
Basa resmi ing
Bendera_Afrika Selatan Afrika Selatan
Basa minoritas
diakoni ing
Diatur déning Die Taalkommissie
Kodhe basa
ISO 639-1 af
ISO 639-2 afr
ISO 639-3 afr
Glottolog afri1274[4]
Linguasphere 52-ACB-ba
Afrikaans ETN15 Spread.svg
Tlatah warna biru tuwa iki nuduhaké tlatahé panyatur basa Afrikaans
Artikel iki ngandhut lambang-lambang fonètis AFI. Tanpa sengkuyungan tèhnis sing trep, Sampéyan namung bakal ndeleng lambang-lambang pitakon, kothak, utawa liyané, dudu pralambang Unicode.

Afrikaans iku salah sawijining basa Jermanik Kulon sing dipituturaké ing nagara Afrika Kidul, Namibia lan, kanthi cacah panyatur luwih sithik, ing nagara Botswana lan Zimbabwé.

Basa iki asal mulané saka cangkriman basa Walanda cara Hollandik Kidul sing dadi basané padinan warga Éropah mliginé sing asalé saka Walanda awit abad angka 17-18. Basa Afrikaans suwi-suwi awit jaman semono dadi béda karo basa asalé. Mulané, kadhang kala basa Afrikaans diarani turunané basa Walanda. Basa iki dadi basa tuturané asli wong Afrikaner lan wong kulit warna ing Afrika Kidul.

Tembung-tembung sing ana ing basa Afrikaans iki 95%-é asalé saka basa Walanda. Turahané silihan saka basa-basa kaya ta Portugis, Malayu, Bantu, Khoisan, Jerman, lan sapanunggalané. Dadiné, panyatur basa Afrikaans karo basa Walanda bisa mangertèni siji karo liyané sanajan ana béda sithik ing pangucapan lan paramasastrané (gramatiké).

Basa Afrikaans duwé panyatur asli kira-kira wong 7 yuta utawa 13,5%-é warga Afrika Kidul utawa basa nomer telu sing paling akèh dipituturaké. Basa iki salah siji saka sawelas basa resmi ing nagara iku. Liyané Afrika Kidul, basa iki dadi lingua franca ing nagara Namibia saemper karo basa Inggris lan Jerman, mliginé ing wewengkon Kutha Windhoek. Sanajan basa Inggris dadi basa resmi siji-sijiné ing Namibia, basa Afrikaans lan Jerman tetep diakoni minangka basa enggonan.

Gunggungé panyatur basa Afrikaans ana kira-kira wong 15 nganti 23 yuta.

Sajarah[besut | besut sumber]

Asal-usul[besut | besut sumber]

Basa Afrikaans Tmula ana ing Koloni Landa ing laladan Cape (Tanjung), lumantar nyempal saka dhialèk Landa Eropa, sajeroning abad 18.[5][6] Ing pramila abad 18 lan nganti abad 20, Basa Afrikaans ing Basa Landa dianggep kanthi "kitchen language" utawa Basa Pawonan (Cithakan:Lang-af), lan kurang géngsiné, uga diarani basa ngisoré Basa Landa sing umum Kaaps Hollands ("Cape Dutch," i.e. Afrikaans) geradbraakt," gebroken anf onbeschaafd Hollands ("Basa Landa Ndhésa"), saliyané diarani verkeerd Nederlands ("Basa Landa Salah").[7][8] Kira-kira 90 nganti 95% tetembungan Basa Afrikaans mula saka Basa Landa,[9][10][11] lan ana pambédha ing tetembungan antaraning rong basa iki;[12] nanging Afrikaans duwé morpologi sing luwih katon,[13] paramasastra lan éjan.[14] Ana tataran silihmangertèn utawa mutual intelligibility antara rong basa mau,[13][15][16] mligané ing panulisan.[14][17][18]

Basa Afrikaans olèh njupuk silihan tetembungan lan paramasastra saka basa-basa liyané kaya ta acquired Basa Melayu, Basa Khoisan, Basa Portugis,[19] lan Basa-basa Bantu,[20] and Afrikaans has also been significantly influenced by South African English.[21] Nanging, panyatur Basa Landa kerep ngadhepi luwih sithik kebingungan yèn ngrungokaké panyatur basa Afrikaans tinimbang kosok baliné.[18] Silihpangertèn iki ora sepadan, amarga panyatur Basa Landa luwih bisa reti Afrikaans tinimbang sewaliké.[18] Lumrahé, silihpangertèn antaraning Landa lan Afrikaans luwih gedhé tinimbang Landa lan Basa Frisia[22] utawa antaraning Basa-Basa Jermanik Lor kaya ta Basa lan Basa Swedia.[18] Panulis lan juru gurit Afrika Kidul ya iku Breyten Breytenbach, njajal nggambaraké adoh-adohing basa kanthi Dunya Panyatur Inggris lan nemu yèn bédhané Basa Landa Baku lan Afrikaans mèh padha karo antaraning Basa Inggris Baku Receive Pronunciation lan Basa Inggris Amérika Sarékat Kidul.[23]

Pangembangan[besut | besut sumber]

Akèh-akèhané para pamanggon pramila sing cukilé saiki diarani wong Afrikaner asalé saka Republik Pitung Provinsi Walanda sing saiki dadi Walanda lan Flander,[24] sanajan seperenemé uga saka Prancis, mligané Huguenot lan seperpitu saka Jérman.[25]

Buruh lan buruh tukon sing uga ngembangaké basa Afrikaans ya iku Asia (mligané wong Melayu lan wong Malagasi, saliyané wong Khoi, Wong San, lan Wong Bantu sing uga manggon ing laladan iku. Wong Kréol ing pramula abad 18—kaya sing kacatet ing kasusé Hendrik Bibault lan para Oude Ram — iku sing paling pramula ngundhang dhéwéké Afrikaner (Wong Afrika). Nembé ing tengah-tengahing abad 19[mbuh-mbuhan ] wong Boer uga njupuk tembung iku.[26] Wong Khoi lan wong-wong blasteran padha-padha diarani 'Coloureds' utawa 'warna'.[27]

Awit taun 1815, Basa Afrikaans ngganthèni basa Melayu dadi basa pangajaran ing sekolah-sekolah Islam Afrika Kidul, mula ditulis ing Abjad Arab: dheleng Arabic Afrikaans. Sabanjuré, Basa Afrikaans sing ditulis ing aksara Latin, mula ana ing layang kabar, lan panulisan-panulisan agama lan pulitik awit 1850.[5]

Ing taun 1875, sak wong panyatur basa Afrikaans saka Cape ngadhekaké kumpulan jenengéGenootskap vir Regte Afrikaanders ("Society for Real Afrikaners"),[5] lan nerbitaké rena-rena buku ing basa Afrikaans, kalebu paramasastra, bausastra, sajarah lan buku-buku bab agama. Ing taun 1825, Afrikaans diakoni pamaréntah dadi basa sing hakiki, tinimbang salah sawijining dhialèk basa Landa.[5]

Pangakon[besut | besut sumber]

Mulané Afrikaans dianggep pérangan dhialèk Basa Landa ing Afrika Kidul nganti pramila abad 20, nalika basa iki diakoni dadi basa sing séjé ing undhang-undhang Afrika Kidul, bebarengan karo Basa Landa baku, sing akiré Afrikaans ngganthèni dadi salah sawijining basa resmi.[28]

Sadurungé Perang Boer (1880-1881 lan1899-1902), "lan pirang taun sakbaré, basa Afrikaans dianggep ora patut kanggo pandhdikan. Malahan dianggep kaya ‘basa pawonan’ utawa ‘basa kasar’, sing pantes dadi sesambungan antaraning wong Boers menyang." [29] Nanging, 23 taun sawisé Perang Boer Kapindo babar ing taun 1902, lan uga amarga upayané Gerakan Basa Afrikans (the Afrikans Language Movement)[29] ing tanggal 8 Mèi 1925, Undhang-Undang Basa Resmi No 8 taun 1925 (the Official Languages of the Union Act No 8 of 1925) diloloské ing parembugan Déwan Rakyat lan Sènat,[30] lan wayah iku Basa “Landa" dilebokaké dadi salah sawijining basa resmi kalebu uga Afrikaans. Nanging, ing Undhang-Undhang Dhasar Afrika Selatan taun 1961 ngganthi posisi Afrikaans lan Landa, akiré Basa Inggris lan Afrikaans dadi basa resmi najan uga nglebokaké Basa Landa. Nanging tembung Basa Landa ora disebut manèh ing Undhang-Undhang Dhasar anyar taun 1983.

Monumèn[besut | besut sumber]

Slogan ing ngarepe Monumen Basa Afrikaans, cedhak Paarl, Afrika Kidul. Yèn diterjemahke artine kurang luwih "Iki wigati kanggo awake dhéwé", utawa yèn diterjemahke harpiah dadi, "Iki seriuse awake dhéwé"[butuh sitiran] or "This is our cause"[butuh sitiran]

Monumèn Basa Afrikaans (Afrikaanse Taalmonument) manggon ing sawijining gumuk sing ngadhep kutha Paarl, Western Cape Province, Afrika Kidul. Resmi dibuka kanggo umum ing tanggal 10 Oktober 1975,[31] tugu iki dibangun kanggo mendhaki 50 taun Afrikaans diakoni dadi salah siji basa resmi ing Afrika Kidul sing bédha karo Basa Landa. Tugu iki dibangun ing Paarl ing pringatan 100 taun ngadhegé Genootskap van Regte Afrikaners (Society of Real Afrikaners), salah sawiji pakumpulan sing nguri-uri jatining Afrikaner lan kabungahan ing basané dhéwé.[32]

Standarisasi[besut | besut sumber]

Sisih Musium Seni Pretoria (Pretoria Art Musiyum) ing Arcadia, Pretoria, nganggo aba-aba ing Basa Afrikaans.

Ahli basa Paul Roberge njelasaké yèn tulisan ‘Afrikaans asli’ sing paling pramila iku serat doggerel saka taun 1795 lan guneman sing ditulisaké déning musapir Landa 1825. Tulisan cithak pramila antaraning Afrikaner mung nganggo basa Landa Éropah. Nanging ing tengahing abad 19, luwih akèh ditulis ing Afrikaans, sing nalika semono isih dianggep dhialèk enggon-enggonan.

Ing 1861, L.H. Meurant nerbitaké buku sing judhulé Zamenspraak tusschen Klaas Waarzegger en Jan Twyfelaar ("Guneman antaraning Claus Truthsayer lan John Doubter"), sing dianggep tulisan basa Afrikaans sing bener.[butuh sitiran] Sawetara, Abu Bakr Effendi uga nulis buku pedoman Islam ing panulisan Arab Afrikaans ing taun 1862 nganti 1869, nanging nembé diterbitaké lan disebaraké ing taun 1877. Bausastra lan buku paramasastra pratama basa Afrikaans diterbitaké taun 1875 déning Genootskap vir Regte Afrikaners ("Society for Real Afrikaners")ing kutha Cape Town.[butuh sitiran]

Tetenger ing Afrikaans: Gevaar Slagysters utawa "Awas jeglongan"

Bausastra pratama basa Afrikaans Woordeboek van die Afrikaanse Taal (WAT) (Dictionary of the Afrikaans Language), sing durung pepeg, nanging ana bausastra sak volume sing digawé padinan ya iku Verklarende Handwoordeboek van die Afrikaanse Taal (HAT). Sawetara panulisan resmi Afrikaans ikuAfrikaanse Woordelys en Spelreëls, sing disusun déning Die Taalkommissie.

Kitab Injil Pertalan Afrikaans[besut | besut sumber]

Cithakan:Kaca Utama Tetenger utama pangembangané basa iku ya iku dipertalanaké kitab injil ing basa Afrikaans. Sadurungé, panyatur basa Afrikaans-Landa Cape kudu maca injil ing basa Landa Statenbijbel. Perkara iku ana pranalané Statenvertaling karo Sinode Dordrecht taun 1618 sing arupa wujud kunaning Basa. Amarga iku, panyatur basa Landa lan Landa Cape angèl silih mangertèn, lan tambah ora diweruhi déning panyatur basa Afrikaans..

C. P. Hoogehout, Arnoldus Pannevis, lan Stephanus Jacobus du Toit wong-wong sing pramula mertalaké injil ing basa Afrikaans the first. Panenger pertalan injil ing basa iku ing taun 1878 saka pertalané C. P. Hoogehout's translation of the Evangelie volgens Markus (Injil Markus, sing maksudé. Injil miturut Markus); nanging pertalan iku ora diterbitaké lan kasimpen ing Perpustakan Nasional Afrika Kidul (the South African National Library), Kutha Cape Town.

Pertalan sampurna injil ing basa Afrikaans terbit ing taun 1933 déning J. D. du Toit, E. E. van Rooyen, J. D. Kestell, H. C. M. Fourie, lan BB Keet.[33][34] Karya iki dadi tetenger sing ndadikaké basa Afrikaans 'n suiwer en oordentlike taal, ya iku " basa sing tepak lan pantes" kanggo kaperluan agama, mligané antarané panyatur basa Afrikaans sing agamané Calvinist lan ora yakin karo pertalan injil sing rena-rena saka vèrsi Landa sing digawé cekelan sadurungé.

Ing 1983, pertalan anyar mangayubagyani 50 taun pertalan injil taun 1933 lan ngapiki versi sing butuh dibesuti. Besutan akir èdisi iki digarap déning E. P. Groenewald, A. H. van Zyl, P. A. Verhoef, J. L. Helberg lan W. Kempen.

Princèn Basa[besut | besut sumber]

Gambar:West Germanic languages (simplified).png
The simplified relation between the West Germanic languages.

Afrikaans kalebu sub kelompok dhéwé ing Jérmanik Kulon lan kalebu Frankonia Ngisor. Basa Afrikaans akèh silihmangertèn karo Basa Landa. Basa-basa liyané sing sadhulur ya iku Basa Jérman, Basa Inggris, Basa Frisia, basa-basa Jérman Ngisor lan Yiddish.

Laladan Pasebaran[besut | besut sumber]

Cacah Jiwa[besut | besut sumber]

Negara Panyatur Persèntase Taun Rujukan
 Ostrali 35.030 0,16% 2011 [35]
 Botswana 8.082 0,39% 2011 [35]
 Mauritius 36 0,002% 2011 [35]
 Namibia 180.029 8,7% 2011 [35]
Cithakan:Country data Niu Selan 21.123 0,52% 2006 [35]
 Afrika Kidul 6.855.082 13,4% 2011 [35]

Sosiolinguistik[besut | besut sumber]

Laladan pasebaran panyatur basa Afrikaans ing Afrika Kidul: proporsi pendhudhuk sing mitutur Afrikaans ing omah.
     0–20%      20–40%      40–60%      60–80%      80–100%

Sanajan nyebutaké Afrikaners, iku ngarahé ing bebrayan, tetembungan Afrikaanses utawaAfrikaanssprekendes (lit. Panyatur Afrikaans) kuduné nyebutaké wong-wong ora pandheng asal mulané sing nyatur basa Afrikaans dadi basa ibuné. Jatiné basa durung nyatakaké endhi-endhi tetembungan sing tepak, lan telung tetembungan iku lumrah ing sesambungan padinan.[36] Kelompok panyatur Afrikaans saka kulit putih mula diarani "The Boere". Sawetara tetembungan boerseun lan boeremeisie (sing artiné bocah tani) dadi tetembungan sing populèr antaraning Afrikaner kulit putih kanggo ngungkapké rasa bungah, ora masalah dhèwèké pancèn wong tani utawa dudu.

Laladan pasebaran panyatur basa Afrikaans ing Namibia.
Laladan pasebaran panyatur basa Afrikaans ing Afrika Kidul sing nganggo basa iki dadi basa padinan: Kepadetan panyatur basa Afrikaans ing omah.
     <1 /km2      1–3 /km2      3–10 /km2      10–30 /km2      30–100 /km2      100–300 /km2      300–1000 /km2      1000–3000 /km2      >3000 /km2

Basa Afrikaans uga dipituturaké ing Namibia. Sadurungé mardika, Afrikaans statusé padha karo Basa Jerman dadi salah sawijining basa resmi. Nanging awit kamardikan Namibia ing taun 1990, basa Afrikaans diakoni dadi salah sawiji basa enggon-enggon, nanging dudu basa resmi manèh.[37][38] Ana uga cacah cilik panyatur basa Afrikaans antaraning warga kulit putih Zimbabwé, amarga akèh sing metu saka nagara iku awit taun 1980. Basa Afrikaans uga dadi basa pedoman pandhidhikan sekolah-sekolah ing Bophuthatswana, lan Bantustan.[39]

Akèh wong Afrika Kidul sing manggon lan makarya ing nagara Bèlgi, Walanda, Inggris, Irlandia, Australia, Niu Selan, Kanada, Amérika Sarékat lan Kuwait, lan akèh sing panyatur basa Afrikaans. Dhèèwké andhuwèni aksès ing situs-situs basa Afrikaans, situs pawartos kaya ta Netwerk24.com lan Sake24, lan uga giyaran lumantar jejaring kaya ta saka Radio Sonder Grense lan Radio Pretoria.

Basa Afrikaans uga duwé pangaruh ing Basa Inggris Afrika Kidul. Akèh tetembungan Basa Inggris kana sing dijupuk saka Afrikaans, kaya ta bakkie ("truk bukaan"), braai ("panggangan"), naartjie ("jeruk keprok"), tekkies (Ing Amèrika "sneakers", ing Inggris "trainers", ing Kanada "runners" sing artiné sepatu kèts). Ana sawetara tembung ing basa Inggris baku uga wod saka basa Afrikaans, kaya tuladha, aardvark (lit. "babi lemah"), trek ("lelana pambuka", maksud asliné "narik" nanging uga artiné "pindahan"), spoor ("dalan tikus"), veld ("latar" ing Afrikaans. "lapangan"), commando from saka tembung Afrikaans kommando sing artiné unit tarung cilik, boomslang ("ula uwit") lan apartheid ("pisahan").

Ing taun 1976, para siswa SMA ing kutha Soweto pramula haruhara Soweto amarga pamarèntah mutusaké yèn basa Afrikaans didadèkaké basa prèntah kanggo separuh wulangan sing diajarké ing sekolah-sekolah dudu kulit (turahé nganggo basa Inggris). Sanajan basa Inggris mung dadi basa asliné 8,2% pendhudhuk, nanging paling akèh direti lan basa kaloro mayoritas wong Afrika Kidul.[40] Basa Afrikaans luwih akèh dipituturaké tinimbang Inggris ing provinsi Cape Kulon lan Cape Lor, atusan kilomèter saka Soweto. Panolakan wong kulit ireng menyang basa Afrikaans lan luwih milih Basa Inggris malih ditegesaké samubare pamarèntah ngethokaké kebijakan sak sasi sawisé huru hara iku. Asilé: 96% sekolah-sekolah kulit ireng milih nganggo basa Inggris (tinimbang Afrikaans utawa basa asli liyané) dadi basa ater-ateré.[41] Iku amarga basa Afrikaans uga dipandheng nalika basa penindas kanggo sawetara wong, dhesekan dilancaraké kanggo mbusek basa Afrikaans dadi basa pangajaran ing universitas-universitas Afrika Kidul, sing nggarai protes mahasiswa sing anggegirisi ing taun 2015.[42][43][44]

IngUndhang-Undhang Dhasar Afrika Kidul taun 1996, Afrikaans tetep dadi salah sawiji basa resmi saliyané basa Inggris lan sangang basa liyané. Artiné, kebijakan anyar iki ngalongi Afrikaans lan luwih milih basa Inggris, utawa kanggo ngakomodir basa-basa resmi liyané. Tuladhané ing taun 1996, South African Broadcasting Corporation ngelongi cacah siyaran télévisi ing basa Afrikaans, sawetara maskapé South African Airways ngilangi jeneng Afrikaans Suid-Afrikaanse Lugdiens saka awak pesawaté. Pada karo liyané, misi diplomatik Afrika Kidul mung nampilaké tetenger nagara ing basa Inggris lan basa nagara panggonané, ora ning Afrikaans.

Sanajan kahanan ngono, basa Afrikaans tetep kuwat. Rena-rena layang kabar lan kalawarti ing baasa Afrikaans tetep diterbitaké ing cacah sing akèh. Salah sawijiné kalawarti umum kanggo kulawarga Huisgenoot ing basa Afrikaans iki duwé paling akèh pawacan sakindhenging nagara.[45] Saliyané iku, salah sawiji saluran TV berbayar ing basa Afrikaans sing jenengé KykNet uga nyiar awit taun 1999, lan saluran musik Afrikaans music channel, MK (Musiek kanaal) (Saluran Musik), ing taun 2005. Buku-buku basa Afrikaans isih uga diterbitaké saben taun, mligané déning penerbit Human & Rousseau, Tafelberg Uitgewers, Struik, lan Protea Boekhuis. Trilogi film Afrikaans sing judhulé Bakgat (ditayangké taun 2008) nggarai bangkité indhustri film basa Afrikaans (sing wis mandheg awit tengah-tengah taun 1990an) lan lagu pramilané penyanyi kalairan Bèlgi ya iku Karen Zoid sing judhulé "Afrikaners is Plesierig" (rilis ing tau 2001) uga dadi sebab bangkité manèh indhustri musik basa Afrikaans saliyané ing jinis musik Rock.

Basa Afrikaans andhuwé rong tugu sing dibangun kanggo pangurmatan. Tugu pramila dibangun ing Burgersdorp, Afrika Kidul, ing taun 1893, lan tugu kapindho, sing luwih apik lan dibangun déning Afrikaans Language Monument (Afrikaanse Taalmonument), ana ing Paarl, Afrika Kidul, ing taun 1975.

Nalika kalawarti desain asal Inggris ya iku Wallpaper nggambarké basa Afrikaans dadi salah sawiji ‘’basa paling èlèk sakdunya’’ ing artikelé ing èdisi September 2005 bab Monumen Basa Afrikaans,[46] Milyarder Afrika Kidul ya iku Johann Rupert (pimpinan Richemont Group), njawab karo narik kabèh iklan-iklané kaya ta Cartier, Van Cleef & Arpels, Montblanc lan Alfred Dunhill saka kalawarti iku.[47] Panulisé, Bronwyn Davies iku wong Afrika Kidul panyatur Basa Inggris Afrika Kidul.

Basa Landa Modern lan Afrikaans duwé 90 persèn tetembungan sing padha. Panyatur Afrikaans bisa reti lan sinau basa Landa mung sedhiluk. Panyatur basa Landa malah luwih rikat manèh yèn nyinaoni basa Afrikaans, amarga paramasastrané sing ringkes, nanging yèn mangertèni basa guneman rada suwé. Sawetara panyatur basa Afrikaans bisa sinau pangucapan basa Landa lumantar cara gladhèn sedhiluk. Iku sing nggampangaké perusahaan-perusahaan saka Walanda lan Bèlgia mbukak pusat télépon ing Afrika Kidul..[48]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Basa Afrikaans ing Ethnologue (éd. ka-18, 2015)
  2. ^ Webb, Vic. 2002. "Language in South Africa: the role of language in national transformation, reconstruction and development." Impact: Studies in language and society, 14:78
  3. ^ Aarons & Reynolds, "South African Sign Language" in Monaghan (ed.), Many Ways to be Deaf: International Variation in Deaf Communities (2003).
  4. ^ Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Afrikaans". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History. 
  5. ^ a b c d "Afrikaans". Omniglot. Dijupuk 22 September 2010. 
  6. ^ "Afrikaans language". Encyclopædia Britannica. Diarsip saka asliné ing 31 August 2010. Dijupuk 22 September 2010. 
  7. ^ Alatis, Hamilton, Ai-Hui Tan (2002). Georgetown University Round Table on Languages and Linguistics 2000: Linguistics, Language and the Professions: Education, Journalism, Law, Medicine, and Technology." Washington, DC: University Press. ISBN 978-0-87840-373-8, p. 132.
  8. ^ Keith Brown and Sarah Ogilvie, eds. (2008). Concise Encyclopedia of Languages of the World." Oxford, UK: Elsevier. ISBN 978-0-08-087774-7, p. 8.
  9. ^ Mesthrie, Rajend (1995). Language and Social History: Studies in South African Sociolinguistics. New Africa Books. k. 214. Dijupuk 23 August 2008. 
  10. ^ Brachin, Pierre; Vincent, Paul (1985). The Dutch Language: A Survey. Brill Archive. k. 132. Dijupuk 3 November 2008. 
  11. ^ Mesthrie, Rajend (2002). Language in South Africa. Cambridge University Press. k. 205. Dijupuk 18 May 2010. 
  12. ^ Sebba 1997, p. 161
  13. ^ a b Holm, John A. (1989). Pidgins and Creoles: References survey. Cambridge University Press. k. 338. Dijupuk 19 May 2010. 
  14. ^ a b Sebba, Mark (1997). Contact languages: pidgins and creoles. Palgrave Macmillan. Dijupuk 19 May 2010. 
  15. ^ Baker, Colin; Prys Jones, Sylvia (1997). Encyclopedia of bilingualism and bilingual education. Multilingual Matters Ltd. k. 302. Dijupuk 19 May 2010. 
  16. ^ Egil Breivik, Leiv; Håkon Jahr, Ernst (1987). Language change: contributions to the study of its causes. Walter de Gruyter. k. 232. Dijupuk 19 May 2010. 
  17. ^ Sebba, Mark (2007). Spelling and society: the culture and politics of orthography around the world. Cambridge University Press. Dijupuk 19 May 2010. 
  18. ^ a b c d Gooskens, Charlotte (November 2007). "The Contribution of Linguistic Factors to the Intelligibility of Closely Related Languages" (PDF). Journal of Multilingual and Multicultural Development (University of Groningen) 28 (6): 445–467. Dijupuk 19 May 2010. 
  19. ^ Language Standardization and Language Change: The Dynamics of Cape Dutch. Ana Deumert (John Benjamins Publishing Company). 2004. k. 22. Dijupuk 10 November 2008. 
  20. ^ Niesler, Thomas; Louw, Philippa; Roux, Justus (2005). Phonetic analysis of Afrikaans, English, Xhosa and Zulu using South African speech databases (PDF). Southern African Linguistics and Applied Language Studies 23. kk. 459–474. 
  21. ^ "Afrikaans: Standard Afrikaans". Lycos Retriever. Diarsip saka sing asli ing 20 November 2011. 
  22. ^ ten Thije, Jan D.; Zeevaert, Ludger (2007). Receptive Multilingualism: Linguistic analyses, language policies and didactic concepts. John Benjamins Publishing Company. k. 17. Dijupuk 19 May 2010. 
  23. ^ S. Linfield, interview in Salmagundi; 2000.
  24. ^ Kaplan, Irving. Area Handbook for the Republic of South Africa. kk. 46–771. 
  25. ^ James Louis Garvin, ed. (1933). "Cape Colony". Encyclopædia Britannica. 
  26. ^ "The Orlams Afrikaners – the Creole Africans of the Garieb". Cape Slavery Heritage. Dijupuk 8 July 2010. 
  27. ^ "Slavery in the Cape". Institute for the Study of Slavery and its Legacy – South Africa. Diarsip saka asliné ing 10 June 2010. Dijupuk 8 July 2010. 
  28. ^ "Afrikaans Language Courses in London". Keylanguages.com. Diarsip saka sing asli ing 12 August 2007. Dijupuk 22 September 2010. 
  29. ^ a b Kaplan and Baldauf, Robert B. and Richard B. "Language Planning & Policy S.: Language Planning and Policy in Africa: Botswana, Malawi, Mozambique and South Africa". Dijupuk March 30, 2017. 
  30. ^ "Afrikaans becomes the official language of the Union of South Africa". South African History Online. 16 March 2011. Dijupuk March 30, 2017. 
  31. ^ "Speech by the Minister of Art and Culture, N Botha, at the 30th anniversary festival of the Afrikaans Language Monument" (ing basa Afrikaans). South African Department of Arts and Culture. 10 October 2005. Diarsip saka sing asli ing 4 June 2011. Dijupuk 28 November 2009. 
  32. ^ Charles S. B. Galasko (1 November 2008). "The Afrikaans Language Monument". Spine (Paarl) 33 (23). 
  33. ^ Bogaards, Attie H. "Bybelstudies" (ing basa Afrikaans). Diarsip saka asliné ing 10 October 2008. Dijupuk 23 September 2008. 
  34. ^ "Afrikaanse Bybel vier 75 jaar" (ing basa Afrikaans). Bybelgenootskap van Suid-Afrika. 25 August 2008. Diarsip saka sing asli ing 9 June 2008. Dijupuk 23 September 2008. 
  35. ^ a b c d e f "Population by language, sex and urban/rural residence". UNdata. Dijupuk 13 October 2015. 
  36. ^ Wessel Visser (3 February 2005). "Die dilemma van 'n gedeelde Afrikaanse identiteit: Kan wit en bruin mekaar vind?" [The dilemma of a shared African identity: Can white and brown find each other?] (ing basa Afrikaans). Diarsip saka sing asli ing 22 December 2012. Dijupuk 3 February 2017. 
  37. ^ Frydman, Jenna (2011). "A Critical Analysis of Namibia's English-only language policy". In Bokamba, Eyamba G. Selected proceedings of the 40th Annual Conference on African Linguistics — African languages and linguistics today (PDF). Somerville, Massachusetts: Cascadilla Proceedings Project. kk. 178–189. ISBN 978-1-57473-446-1. 
  38. ^ Willemyns, Roland (2013). Dutch: Biography of a Language. Oxford University Press. k. 232. ISBN 978-0-19-985871-2. 
  39. ^ "Armoria patriæ – Republic of Bophuthatswana". Diarsip saka sing asli ing 25 October 2009. 
  40. ^ Govt info available online in all official languages – South Africa – The Good News.
  41. ^ Black Linguistics: Language, Society and Politics in Africa and the Americas, by Sinfree Makoni, p. 120S.
  42. ^ Lynsey Chutel (25 February 2016). "South Africa: Protesting students torch university buildings". Stamford Advocate. Associated Press. Diarsip saka sing asli ing 5 March 2016. 
  43. ^ "Studentenunruhen: Konflikte zwischen Schwarz und Weiß" [Student unrest: conflicts between black and white]. Die Presse. 25 February 2016. 
  44. ^ "Südafrika: "Unerklärliche" Gewaltserie an Universitäten" [South Africa: "Unexplained" violence at universities]. Euronews. 25 February 2016. 
  45. ^ Superbrands.com, visited on 21 March 2012.
  46. ^ Rupert snubs mag over Afrikaans slur, Business Africa, 5 December 2005.
  47. ^ Afrikaans stars join row over 'ugly language' Cape Argus, 10 December 2005.
  48. ^ "SA holds its own in global call centre industry", eProp Commercial Property News in South Africa.