Menyang kontèn

Attar saka Nishapur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Attar of Nishapur)
Attar saka Nishapur
Spiritual Poet
Miyosc. 1145 C.E.
Nishapur
Sédac. 1220 C.E.
Nishapur
Dipun urmati ingIslam
MangaruhiFerdowsi, Sanai, Khwaja Abdullah Ansari, Hallaj, Abusa'id Abolkhayr, Bayazid Bastami
Dipun pangaruhi déningRumi, Hafez, Jami, Nava'i and many other later Sufi Poets
Tradhisi/GenreMystic poetry
Pakaryan utamiMemorial of the Saints
The Conference of the Birds

'Attar Farid od-Din, panyerat kang lair ning Nihspur, sebelahe Pèrsi, ning kana dhèwèké ngumpulaké ayat-ayat lan omongan saka para sufi kondhang (mistikus Muslim).[1][2] 'Aththar, bapa lan éyang kakungé iku apotèker, dhokter lan peramu parfum.[1] Ning lingkungan Sufi modern, jeneng 'Aththar duwé signifikansi Kabbalistik utawa inisiasi ana.[1]

Makam `Attar's ning Nishapur, Iran

Akeh kontroversi ning kalangan sarjana babagan sajarah saka Attar Farid od-Din, babagan kalairané, ninggalé lan kaaslian saka karya utawa seratané kang dipundhut saka omongan sufi kang kondhang.[1]

Karyané kang paling kondhang salah sijiné duwé judhul manteq ot-teyr (konfrensi para manuk, 1995) kang isiné mbahas kiasan saka manuk (sufi) kang nggolèk manuk Simorgh Mistis, utawa manuk Phoenix, kang arep didadikaké raja (Allah).[1] Ning seratan iku, dicaritakake manawa sing dadi pambimbing iku ya iku Raja Solomo (Nabi Sulaiman).[1] Perjalanan kang dilakoni nggambaraké parjalanan kang dawa lan mbebayani.[1] Para manuk iku kabèh kudu ngliwati pitung lembah (makili pitung tahap tasawuf).[1] Akeh manuk kang nyerah lan mutusaké mandhek, gawé alasan.[1] Kuwi nglambangaké alesan kang digawé para putra kang putus asa ngejar kasempurnaan spiritual.[1] Lan akhiré kang bisa ziarah lan nglebur bareng sang phoenix namung telung puluh manuk, manuk iku kang ngambaraké sufi kang sampurna.[1] Ning adegan pungkasan ning carita kang diserat déning Attar, telung puluh manuk mau nyedaki takhta ngrenungi refleksi saka awaké dhéwé, nyadari manawa manuk-manuk mau padha karo Simorgh, lan Simorgh karo manuk-manuk mau padha.[1] Mula iku, pujangga allegorises ning tahap akhiré ya iku kamajuan Sufi (ndadi siji karo Gusti).[1]

Dideleng saka sudut pandhang ide, tema sastra lan gayané, 'Aththar duwé prabawa gedhé ning sastra Pèrsi lan ning literatur Islam liyané.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n sufisme Attar Farid od-Din dipununduh tanggal 16 Juni 2011
  2. www.omphaloskepsis Archived 2006-08-19 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 16 Juni 2011