Attar saka Nishapur

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados
Attar saka Nishapur
Spiritual Poet
Miyos c. 1145 C.E.
Nishapur
Séda c. 1220 C.E.
Nishapur
Dipun urmati ing Islam
Mangaruhi Ferdowsi, Sanai, Khwaja Abdullah Ansari, Hallaj, Abusa'id Abolkhayr, Bayazid Bastami
Dipun pangaruhi déning Rumi, Hafez, Jami, Nava'i and many other later Sufi Poets
Tradhisi/Genre Mystic poetry
Pakaryan utami Memorial of the Saints
The Conference of the Birds

'Attar Farid od-Din, panyerat kang lair ning Nihspur, sebelahe Pèrsi, ning kana dheweké ngumpulaké ayat-ayat lan omongan saka para sufi kondhang (mistikus Muslim).[1][2] 'Aththar, bapa lan eyang kakungé iku apoteker, dhokter lan peramu parfum.[1] Ning lingkungan Sufi modern, jeneng 'Aththar anduwèni signifikansi Kabbalistik utawa inisiasi ana.[1]

Makam `Attar's ning Nishapur, Iran

Akeh kontroversi ning kalangan sarjana babagan sajarah saka Attar Farid od-Din, babagan kalairané, ninggalé lan kaaslian saka karya utawa seratané kang dipundhut saka omongan sufi kang kondhang.[1]

Karyané kang paling kondhang salah sijiné anduwèni judul manteq ot-teyr (konfrensi para manuk, 1995) kang isine mbahas kiasan saka manuk (sufi) kang nggolek manuk Simorgh Mistis, utawa manuk Phoenix, kang arep didadikaké raja (Allah).[1] Ning seratan iku, dicaritakake manawa sing dadi pambimbing iku ya iku Raja Solomo (Nabi Sulaiman).[1] Perjalanan kang dilakoni nggambaraké parjalanan kang dawa lan mbebayani.[1] Para manuk iku kabeh kudu ngliwati pitung lembah (makili pitung tahap tasawuf).[1] Akeh manuk kang nyerah lan mutusaké mandhek, gawé alasan.[1] Kuwi nglambangaké alesan kang digawé para putra kang putus asa ngejar kasempurnaan spiritual.[1] Lan akhiré kang bisa ziarah lan nglebur bareng sang phoenix namung telung puluh manuk, manuk iku kang ngambaraké sufi kang sampurna.[1] Ning adegan terakhir ning carita kang diserat déning Attar, telung puluh manuk mau nyedaki takhta ngrenungi refleksi saka awaké dhewe, nyadari manawa manuk-manuk mau padha karo Simorgh, lan Simorgh karo manuk-manuk mau padha.[1] Mula iku, pujangga allegorises ning tahap akhiré ya iku kamajuan Sufi (ndadi siji karo Gusti).[1]

Dideleng saka sudut pandhang ide, tema sastra lan gayané, 'Aththar anduwèni pengaruh gedhé ning sastra Pèrsi lan ning literatur islam liyané.[1]

Cathetan Suku[sunting | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n (id)sufisme Attar Farid od-Din dipununduh tanggal 16 Juni 2011
  2. ^ (en)www.omphaloskepsis dipununduh tanggal 16 Juni 2011