Temulawak

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Temulawak
Temulawak
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
Subdivisio: Angiospermae
kelas: Monocotyledonae
ordo: Zingiberales
kulawarga: Zingiberaceae
Genus: Curcuma
Species: Curcuma xanthorrhiza ROXB.
Jeneng binomial
Curcuma xanthorrhiza
L.
Godhong Temulawak
Kembang Temulawak


Temu lawak (Curcuma xanthorhiza L.) (en:Java Turmeric)[1] kuwi tanduran obat-obatan sing kagolong jroning suku pala kapendhem (temu-temuan) (Zingiberaceae). Tanduran iki asalé saka Indonésia, mliginé Pulo Jawa.

Ing Jawa, tanduran iki diarani temulawak, ing Sunda diarani koneng gede, déné ing Madura diarani temu labak.

Tanduran temu lawak bisa tuwuh dhuwuré nganti 2 m, nduwèni kembang awarna kuning. Oyod temulawak (rimpang) asring digunakaké minangka bahan obat-obatan tradhisional.

Morfologi[sunting | sunting sumber]

Temulawak kalebu tanduran Terne sing nduwèni gagang semu dhapuran, habitusé bisa nganti 2-2,5 mèter, saben dhapuran ana 3-9 anakan lan saben tanduran nduwèni 2-9 ron. [2]

  • Oyod

Oyod temulawak kang padatan diarani rimpang kawangun kanthi sampurna lan pangé kuat, wernané ijo peteng. Rimpang induk bisa nduwèni 3-4 rimpang.[3] Werna kulit rimpang coklat rada abang utawa kuning tuwa, déné werna dagingé oranye tuwa utawa kuning.[3] Rimpang temulawak kawangun ing jero lemah, jeroné udakara 16 cm. Padatan, saben dhapuran nduwèni 6 rimpang tuwa lan 5 rimpang enom.[3] Khasiat rimpang temulawak yaiku kanggo antiradang, nambah prodhuksi ASI, anti racun empedhu, ngudhunaké kolésterol, diurètik, tonikum, lan ngilangaké nyeri ing sendhi.[3]

  • Gagang

Temulawak kalebu jinis tanduran hèrba sing gagangé semu lan dhuwuré bisa nganti 2-2,5 mèter, wernané ijo utawa coklat peteng.[3] Godhongé padha nutupi nganti kawangun gagang.[3] Temulawak bisa urip apik ing dhaérah dhataran cendhèk nganti dhuwur 750 mèter sadhuwuré permukaan segara.[3]

  • Godhong

Saben gagang nduwèni godhong sing cacahé 2-9 kanthi bentuk bunder ndawa kaya godhong gedhang, wernané ijo utawa coklat rada ungu, dawané 31-84 cm lan ambané 10-18 cm.[3]

  • Kembang

Temulawak nduwèni kembang sing bentuké nggrombol, cendhak lan amba, wernané putih utawa kuning tuwa lan bongkot kembangé wernané ungu.[3] Kembang majemuk bentuké bulir, bunder dawa, dawané 9-23 cm, ambané 4-6 cm. Kembang thukul kanthi cara giliran saka kantong-kantong godhong pengayom sing gedhé lan manéka werna ukurané uga wernané.[3] Mahkota kembang wernané abang, bentuké tabung (silinder) kanthi dawa 4,5 cm, mekrok ing wayah ésuk lan alum nalika soré.[3]

Fisiologi[sunting | sunting sumber]

Temulawak wis dimangertèni ngandhut senyawa kimia sing nduwèni aktivitas fisiologis, yaiku kurkuminoid lan lenga atsiri.[3] Kurkuminoid mènèhi werna kuning ing rimpang kang sipaté anti-baktèri, anti-kanker, anti-tumor, lan anti-radang, ngandhut anti-oksidan lan hypokolesteromik.[3] Déné lenga atsiri nduwèni rasa lan ambu sing khas. Isi lenga atsiri ing rimpang temulawak 3-12%. [3]

Miturut eksplorasi, rimpang temulawak ngandhut akèh zat kimiawi sing mènèhi èfèk positif kanggo organ manungsa kayata empedhu, ati, lan pankréas.[3] Prabawané kanggo empedu yaiku bisa nyegah kawanguné watu lan kolesistisis.[3] Ing ati, zat temulawak ngrangsang sèl ati nggawé empedhu, nyegah hepatitis, lan lara ati, ngéwangi ngudhunaké kadar SGOT lan SGPT uga kanggo anti-hepatotoksik.[3] Kejaba iku, temulawak uga bisa ngrangsang fungsi penkréas, nambah seléra mangan, ngrangsang mlakuné sistem hormon metabolisme lan fisiologi awak.[3]

Komponèn Rimpang Temulawak[sunting | sunting sumber]

  • Pati 48.18% - 59.64% - mbantu prosès metabolisma lan fisiologi organ awak.[3]
  • Protin 29.00% - 30.00%[3]
  • Abu 5.26% - 7.07% [3]
  • Serat 2.58% - 4.83% - sipaté tonik [3]
  • Kurkumin 1.60% - 2.20% - nglancaraké prosès pencernaan ing badan [3]
  • Minyak asiri 6.00% - 10.00% - ningkataké fungsi ginjel [3]
  • Phelandren - nglancaraké prosès ngetokaké toksik ing sajeroné awak léwat banyu uyuh [3]
  • Turmerol - mbantu prosès metabolisme [3]
  • Borneol - mbalèkaké kasarasan awak amarga lara [3]
  • Xanthorrhizol [3]


Khasiat[sunting | sunting sumber]

Temulawak wis kawentar dadi tanduran sing digunakaké kanggo nggawé jamu lan tamba manéka werna lelara. Temulawak nduwèni khasiat laktagoga, kolagoga, anti-inflamasi(anti radang), tonikum lan diuretik (ngluruhaké uyuh). Lenga atsiri temulawak uga nduwèni khasiat fungistatik ing akèh jinis jamur lan bakteriostatik ing mikroba Staphyllococcus sp. dan Salmonella sp.

  • Ngudhunaké kolesterol

Kontèn kolagoga saka temulawak nduwèni mupangat kanggo ningkataké prodhuksi lan sèrèksi empedu sing kerjané kolekinetik lan koleretik, diéwangi kanthi kerja kolekinetik dilakokaké dening fraksi kurkuminoid, déné kerja kolerotik dilakokaké dening komponèn saka fraksi lenga atsiri. Kasilé kanthi ningkataké prodhuksi cairan empedu, mula partikel padhet ing kandhung empedu bisa kélong. Kahanan iki ngelongi kolik empedu, weteng kembung amarga gangguan metabolisme lemak lan ngudhunaké kadhar kolesterol getih sing dhuwur. [4]

  • Kanggo kasarasan untu

Anthorrhizol sing kaandhut ing rimpang temulawak apik banget kanggo antimikroba lan antibakteri. Temulawak bisa digunakaké kanggo bèntèng pertahanan untu. Baktèri-baktèri kayata streptococcus, actinomyces viscocus lan porphyromonas gingivalis sing gawé kroposé untu bisa dipatèni nganggo ekstrak temulawak.[5]

  • Nyegah lara Osteoarthtritis

Osteoarthtritis yaiku saya tipisé sendi amarga mudhuné nilai glukosamin dan kandroitin ing balung enom sing bisa njalaraké radang sendi. Lara iki padatan nyerang wong sing wis tuwa (lansia). Temulawak bisa nyegah radang sendi amarga nduwèni èfèk anti inflamasi.[5]

  • Kanggo kulit

Kandhutan minyak atsiri ing temulawak bisa ngilangaké flèk-flèk ireng ing rai lan njaga elastisitas kulit. Temulawak bisa nyegah thukulé kukul (jerawat) lan uga bisa ngresiki noda ireng ing kulit rai amarga kukul mau.[5]

  • Nyegah manéka werna lelara

Temulawak uga nduwèni khasiat kanggo nambani manéka werna lelara, kayata hépatitis, bebelen(sembelit), mèncrèt (diaré), liver, radang ginjel, maag, asma, ambeien, rematik, lan pegel linu.[5]

  • Nambah nafsu mangan

Deleng uga[sunting | sunting sumber]

Empon-empon

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Temulawak&oldid=815333"