Provinsi Olbia-Tempio
| [[Gambar:|120px]] | |
| Negara | |
| Region | Sardinia |
| Ibukutha | Olbia lan Tempio Pausania |
| Area | 3,399 km² |
| Populasi (2001) | 138,334 |
| Kapadhetan | 41 |
| Komunitas | 26 |
| Nomor Polisi | OT |
| Kodhe Pos | 07000-07099 |
| Kodhe Telepon | 079-0789 |
| ISTAT | 104 |
| Presidhèn | Anna Pietrina Murrighile |
| Peta nuduhaké lokasi provinsi Olbia-Tempio ing Italia | |
Olbia-Tempio (basa Italia: Provincia di Olbia-Tempio, basa Sardinia: Provìntzia de Terranòa-Tèmpiu) kuwi sawijining provinsi ing region otonomi Sardinia, Italia.
Wewengkoné klebu region historis Gallura ("Gaddura"), panté lor-wétan Sardinia ("Costa Smeralda"), lan pulo La Maddalena ("A Madalena"). Provinsi iki kapérang dadi 26 Comuni, 150.093 pedunung (9% saka pedunung Sardinia) lan jembar wewengkon 3.397 km2 (14,1% saka jembar wewengkon Sardinia).
Komunitas kang paling gedhé ing provinsi yakuwi: Olbia (pop. 45,366 ing sensus taun 2001), Tempio Pausania (13,992), Arzachena (12,080) lan La Maddalena (11,369). Komunitas kang luwih cilik kayata: Luras, Calangianus, Santa Teresa Gallura, Buddosò, Budoni, Oschiri, Palau, Berchidda lan San Teodoro.
Ing abad pertengahan Gallura kuwi minangka salah siji saka papat "Giudicati".
Ing provinsi iki, liyané basa Italia, uga ana basa campuran saka Gallurese, sawijining dhialèk basa Korsika kang dipengaruhi déning logudorese Sardinia, nanging dudu basa Sardinia.
| Italia | Provinsi ing region Sardinia | ||
|---|---|---|
| Cagliari | Carbonia-Iglesias | Medio Campidano | Nuoro | Ogliastra | Olbia-Tempio | Oristano | Sassari | ||
|
||||||||||