Umbria
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Umbria kuwi sawjining "regione" pagunungan ing Italia tengah, dumunung ing lembah Kali Tiber. Region iki wewatesan karo Toscana ing kulon, Marche ing wétan lan Latium ing sisih kidul. Region iki jembaré 8.456 km² kanthi populasi 834.000 (sensus 2003).
Region iki dijenengaké saka suku Umbri, kang manggon ing wilayah iki abad ka-6 SM. Basa kang dipigunakaké yakuwi basa Umbria, sakulawrga karo basa Latin. Ibukutha region iki yakuwi Perugia. Region iki dibagi dadi loro provinsi, yaiku provinsi Perugia lan provinsi Terni.
Kutha wigati [sunting]
Kutha kanthi pedunung 20,000 utawa luwih:
| Comune | Populasi (2006 est.) |
|---|---|
| Perugia | 161,390 |
| Terni | 109,569 |
| Foligno | 54,381 |
| Città di Castello | 39,492 |
| Spoleto | 38,563 |
| Gubbio | 32,532 |
| Assisi | 26,196 |
| Orvieto | 20,841 |
| Bastia Umbra | 20,760 |
| Narni | 20,212 |
Pranala jaba [sunting]
| Italia | Province della regione Umbria | ||
|---|---|---|
| Perugia | Terni | ||
|
||||||||||
