FC Barcelona

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

FC Barcelona - uga dikenal minangka Barça, yaiku sawijining klub olahraga ing Barcelona, Katalonia, Spanyol kang nduwèni klub-klub ing sawetara cabang olahraga, nanging sing paling misuwur yakuwi bal-balan utawa sepak bola.

Tim Barcelona 2005
Tim Barcelona 2005

Didegaké taun 1899 déning 12 wong kang dipimpin déning Joan Gamper, kanthi motto "Barca dudu mung sekadar klub" (kat.El Barça, és més que un club). Stadion utamané dumunung ana ing Camp Nou, Barcelona. Klub iki mlebu dadi peserta liga primera spanyol wiwit taun 1928/1929, bebarengan karo Real Madrid lan Athletic Bilbao dadi tim kang ora tau mudhun utawa "terdegradasi" menyang liga sekunder spanyol. Klub iki uga dadi klub kang njuarai liga spanyol sing kapisan. Kanthi persembahan 18 gelar Liga Spanyol , 24 gelar Copa del Rey , 7gelar Piala super Spanyol , 2 gelar liga champion eropa, 4 gelar piala UEFA , 2 gelar piala super eropa, Barcelona dadi salah sawijining tim paling sukses ing Spanyol, Eropa , lan ing donya.

Bebarengan karo rivalé Real Madrid, loro-loroné minangka klub sepak bola Spanyol kang paling misuwur ing donya. Fans Barca uga asring disapa culés.

Barça dikenal pijer nulak masang logo sponsor ana ing seragam sepak bolané amarga Barca dianggep minangka simbol Katalonia, lan rupa-rupa tawaran sponsor kang asipat "ngganggu" bakal ditulak. Senajan mangkono, tim bola basket Barca diidinaké masang logo sponsor ana ing seragamé.

Stadion Camp Nou, Barcelona.
Stadion Camp Nou, Barcelona.

Bab lan Paragraf

[sunting] Sponsor

Ana ing 7 September 2006, klub ngumumaké kesepakatan 5 taun karo UNICEF kang ngidinaké logo UNICEF dipasang ing kaos. Barcelona sakbanjuré bakal nyumbang 0,7% saka total pendapatan saben tauné marang UNICEF sajroning limang taun.

[sunting] Prestasi

Ngrayaaké kamenangan
Ngrayaaké kamenangan
  • Liga Spanyol: 18
    • 1928-29, 1944-45, 1947-48, 1948-49, 1951-52, 1952-53, 1958-59, 1959-60, 1973-74, 1984-85, 1990-91, 1991-92, 1992-93, 1993-94, 1997-98, 1998-99, 2004-05,2005-06
  • Copa del Rey: 24
    • 1909-10, 1911-12, 1912-13, 1919-20, 1921-22, 1924-25, 1925-26, 1927-28, 1941-42, 1950-51, 1951-52, 1952-53, 1956-57, 1962-63, 1967-68, 1970-71, 1977-78, 1980-81, 1982-83, 1987-88, 1989-90, 1996-97, 1997-98
  • Piala Joan Gamper: 31
    • 1966, 1967, 1968, 1969, 1971, 1973, 1974, 1975, 1976, 1977, 1979, 1980, 1983, 1984, 1985, 1986, 1988, 1990, 1991, 1992, 1995, 1996, 1997, 1998, 1999, 2000, 2001, 2002, 2003, 2004, 2007

[sunting] Pemain-pemain kondhang

   

[sunting] Uga Pirsani

[sunting] Pranala Jaba

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/FC_Barcelona"