Liverpool F.C.

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Liverpool
Emblem Liverpool
Jeneng jangkep Liverpool Football Club
Julukan The Reds
Diadegaké 1892
Lapangan Anfield, Liverpool
Kapasitas 45.400
Ketua Tom Hicks
George Gillett
Manajer Rafael Benitez
Liga Liga Premier Inggris
2006-07 Liga Premier Inggris (3)
Team colours Team colours Team colours
Team colours
Team colours
 
Seragam kandang
Team colours Team colours Team colours
Team colours
Team colours
 
Seragam tandang

Liverpool Football Club kuwi sawijining klub bal-balan Inggris sing wis kaping 5 njuwarani Liga Champions (biyèn Piala Champions) lan kaping 18 njuwarani Liga Inggris (nganti wiwitan Mei 2005). Kandhangé ana ing Anfield, sing dumunung watara 4,8 km saka pusat kutha Liverpool.

Klub iki diadegaké ing 15 Maret 1892 déning John Houlding, sing duwé Anfield. Houlding mutusaké nggawé tim dhéwé sawisé Everton FC diwetokaké saka Anfield jroning pasulayan ngenani béa séwa. Wiwitané klub anyar iku jenengé Everton FC nanging diganti dadi Liverpool FC sawisé Asosiasi Sepak Bola Inggris nulak migunakaké jeneng kasebut.

Liverpool dadi dominan ing taun 1970-an lan 1980-an. Pamain-pamain sing misuwur ing mangsa iku klebu Ray Clemence, Mark Lawrenson, Graeme Souness, Ian Callaghan, Phil Neal, Kevin Keegan, Alan Hansen, Kenny Dalglish (102 cap) lan Ian Rush (346 gol).

Klub iki uga kalibet jroning rong tragedi gedhé ing sajarah bal-balan Eropah - yakuwi jroning tragedi Heysel ing taun 1985 lan musibah Hillsborough ing taun 1989.

Liverpool kasil ngéntukaké minor treble, loro gelar domestik (Piala Liga lan Piala FA) lan Piala UEFA ing mangsa 2000/01. Senadyan mangkono, ngéntukaké "minor treble" dudu bab sing anyar kanggoné Liverpool. Ing taun 1984 Liverpool dadi juwara Piala Champions, Piala Liga lan Liga Inggris. Senadyan déning para pendhukungé dianggep wis ngraih treble, nanging ora diitung minangka raihan treble.

Pemain Liverpool F.C

[sunting] Prèstasi

  • Juwara Divisi Satu 18[1]
    • 1900/01, 1905/06, 1921/22, 1922/23, 1946/47, 1963/64, 1965/66, 1972/73, 1975/76, 1976/77, 1978/79, 1979/80, 1981/82, 1982/83, 1983/84, 1985/86, 1987/88, 1989/90
  • Juwara Divisi Loro 4
    • 1893/94, 1895/96, 1904/05, 1961/62
  • Juwara Liga Lancashire 1
    • 1892-93
  • Liga Champions 5[1]
  • Juwara Piala UEFA 3
    • 1972/73, 1975/76, 2000/01
  • Juwara Piala FA 7
    • 1964/65, 1973/74, 1985/86, 1988/89, 1991/92, 2000/2001, 2005/2006
  • Juwara Piala Remaja FA 2
    • 1995/96, 2006/07
  • Juwara Piala Liga 7[1]
    • 1980/81, 1981/82, 1982/83, 1983/84, 1994/95, 2000/01, 2002/03
  • Juwara Charity Shield 15
    • 1963/64[2], 1964/65+, 1965/66, 1973/74, 1975/76, 1976/77[2], 1978/79, 1979/80, 1981/82, 1985/86*, 1987/88, 1988/89, 1989/90, 2000/01, 2005/06
  • Juwara Piala Super Eropah 3
    • 1977, 2001, 2005
  • Juwara Piala Super Inggris 1
    • 1985/86
  • Juwara Divisi Siji kanggo Cadangan 16
    • 1956/57, 1968/69, 1969/70, 1970/71, 1972/73, 1973/74, 1974/75, 1975/76, 1976/77, 1978/79, 1980/81, 1981/82, 1983/84, 1984/85, 1989/90, 1999/2000

Liverpool nggayuh era paling apik wektu isih dipimpin déning Bill Shankly. Pelatih iki sabanjuré dadi legenda Liverpool. Dhèwèké dikurmati amarga kasil nggawa Liverpool bali menyang divisi siji sawisé sadurungé ing divisi kaloro sajroning 8 mangsa. Kanggo ngurmati lelabuhané, digawé reca Bill Shankly ing gaoura Anfield.

[sunting] Pranala jaba

[sunting] Cathetan

  1. a b c Terbanyak dibandingkan klub Inggris lainnya
  2. a b Gelar dibagi bersama


Anggota G-14

Flag of the Netherlands.svg Ajax | Flag of England.svg Arsenal | Flag of Spain.svg FC Barcelona | Flag of Germany.svg Bayer Leverkusen | Flag of Germany.svg Bayern Munich

Flag of Germany.svg Borussia Dortmund | Flag of the Netherlands.svg PSV Eindhoven | Flag of Italy.svg Internazionale | Flag of Italy.svg Juventus

Flag of England.svg Liverpool | Flag of England.svg Manchester United | Flag of Italy.svg AC Milan | Flag of France.svg Lyon | Flag of France.svg Marseille

Flag of France.svg Paris Saint-Germain | Flag of Portugal.svg FC Porto | Flag of Spain.svg Real Madrid | Flag of Spain.svg Valencia

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Liverpool_F.C.&oldid=662419"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès