Arsenal F.C.

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Arsenal
Arsenal_FC.svg
Jeneng jangkep Arsenal Football Club
Julukan The Gunners
Diadegaké 1886 dengan nama Dial Square
Lapangan Stadion Emirates
Kapasitas 60.500
Ketua Peter Hill-Wood
Manajer Arsène Wenger
Liga Liga Utama Inggris
2006-07 Liga Utama Inggris (4)
Team colours Team colours Team colours
Team colours
Team colours
 
Seragam kandang
Team colours Team colours Team colours
Team colours
Team colours
 
Seragam tandang

Arsenal Football Club (dikenal uga minangka Arsenal utawa The Gunners) yakuwi klub bal-balan utawa sepak bola profesional Inggris kang basisé ing tlatah lor London. Klub iki main ing Liga Utama Inggris lan minangka salah sawijining klub paling sukses ing sepak bola Inggris. Arsenal uga dadi anggota kelompok G-14 yakuwi wadhahing klub-klub utama sepak bola ing Eropa.

Bab lan Paragraf

[sunting] Sajarah Klub

[sunting] Era 1886-1980

Arsenal didegaké ing Woolwich, bagéan kidul wétan kutha London ing taun 1886. Taun 1913, klub iki pindah ngalor menyang Stadion Highbury, kang dadi markasé nganti Mei 2006. Amarga cedhak karo markas Tottenham Hotspur, mulané saben pertandhingan Arsenal lawan Tottenham disebut "North London derby". Kejayaan Arsenal sing sepisanan diwiwiti déning pelatih Herbert Chapman kang nglatih ing taun 1925-1935 kasil nguasani lan njuarai sawetara kompetisi domestik. Déné kejayaan Arsenal ing Eropa sepisanan karengkuh ing taun 1971, ana ing ajang Fairs Cup (pendahulu Piala UEFA yaiku nalika Arsenal dadi juara sawisé kasil ngalahaké Anderlecht kanthi agregat 4-3 kang wektu kuwi klub iki dilatih déning Bertie Mee. Sajroné taun 1980an Arsenal kasil nambah sawetara gelar domestik.

Arsenal history.jpg

[sunting] Era 1990-saiki

Ing taun 1991, Arsenal dadi juara bebarengan karo Tottenham ing Community Shield kanthi skor imbang. Nembé ing taun 1994, nalika ditangani pelatih George Graham, Arsenal dadi juara manèh ing kancah Eropa sawisé ngalahaké Parma kanthi skor 1-0. Arsenal kasil mlebu final ing taun 1995, nanging banjur dikalahaké déning Real Zaragoza kanthi skor 2-1. Pelatih Arsène Wenger ana ing taun 1996 kasil ndaèkaké Arsenal berjaya manèh lan kasil ngrusak dominasi Manchester United ing Liga Utama Inggris wektu semana. Arsenal dadi runner-up ing ajang Piala UEFA ana ing taun 2000 sawisé nglawan Galatasaray liwat adu penalti 4-1. Ing musim 2003-2004 lan awal musim 2004-2005, Arsenal kasil nyétak rekor 49 pertandingan ora tau kalah lan medhotaké rekor Nottingham Forest (42 kali) kang dadi rekor paling suwé jroning sajarah sepakbola Inggris. Nalika musim 2005-2006, Arsenal kasil ngraih prestasi manèh ing kancah Eropa, dadi finalis Liga Champions nanging dikalahaké déning FC Barcelona 2-1 ing Stade de France, Paris.

[sunting] Stadion

Wiwit ngadeg, Arsenal bola bali pindah stadion. Wiwit saka lapangan ing Woolwich, terus pindah menyang London Lor lan mbangun Stadion Highbury, kang dianggo pisanan ing taun 1913. Mulai sasi Juli 2006, klub iki ngenggoni markas anyaré ing Stadion Emirates kang nduwèni kapasitas 60.500 kursi lan dumunung ing Ashburton Grove sawisé udakara 93 tahun manggon ing Stadion Highbury. Peresmian nggunaaké Stadion Emirates kanthi nganaaké pertandingan persahabatan kanggo perpisahan David Bergkamp, sawijining mantan pemain penyerang Arsenal.

Arsenal captain Patrick Vieira lifts the 2003–04 Premier League trophy.
Arsenal's players and fans celebrate their 2004 League title win with an open-top bus parade

[sunting] Prestasi

  • Liga Inggris: 13
    • 1931, 1933, 1934, 1935, 1938, 1948, 1953, 1971, 1989, 1991, 1998, 2002, 2004
  • Piala FA: 10
    • 1930, 1936, 1950, 1971, 1979, 1993, 1998, 2002, 2003, 2005
  • Piala Liga/Piala Carling: 2
    • 1987, 1993, dadi finalis taun 1968, 1969, 1988, 2007
  • FA Charity Shield/Community Shield:11
    • 1930, 1931, 1933, 1934, 1938, 1948, 1953, 1991 (juara bersama karo Tottenham), 1998, 1999, 2002, 2004
  • Piala Winners: 1
    • 1994, ping pindho dadi finalis, taun 1980 lan 1995
  • Piala UEFA: 1
    • 1971 (wektu iku jenengé isih Fairs Cup, berubah jeneng dadi Piala UEFA wiwit taun 1972), sepisan dadi finalis ing taun 2000
  • Liga Champions: 0
    • Dadi finalis ing taun 2006

[sunting] Uga Pirsani

[sunting] Pranala Jaba

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Arsenal F.C. ing Wikimedia Commons.


Anggota G-14

Flag of the Netherlands.svg Ajax | Flag of England.svg Arsenal | Flag of Spain.svg FC Barcelona | Flag of Germany.svg Bayer Leverkusen | Flag of Germany.svg Bayern Munich

Flag of Germany.svg Borussia Dortmund | Flag of the Netherlands.svg PSV Eindhoven | Flag of Italy.svg Internazionale | Flag of Italy.svg Juventus

Flag of England.svg Liverpool | Flag of England.svg Manchester United | Flag of Italy.svg AC Milan | Flag of France.svg Lyon | Flag of France.svg Marseille

Flag of France.svg Paris Saint-Germain | Flag of Portugal.svg FC Porto | Flag of Spain.svg Real Madrid | Flag of Spain.svg Valencia

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Arsenal_F.C.&oldid=654565"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès