Petr Cech

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Petr Čech
Petr Čech in Moscow.jpg
Informasi pribadi
Jeneng pepak Petr Čech
Tanggal lair 20 Mei 1982 (umur 30)
Papan lair Plzeň, Czechoslovakia
Dhuwur 1.96 m (6 ft 5 in)
Posisi pamain Kiper
Informasi klub
Klub saiki Chelsea
Nomer 1
Karir remaja
1989–1999 FC Viktoria Plzeň
Karir senior*
Taun Tim Apps (Gls)
1999–2001 FK Chmel Blšany 27 (0)
2001–2002 Sparta Prague 27 (0)
2002–2004 Rennes 70 (0)
2004– Chelsea 221 (0)
Tim nasional
2001–2002 Czech Republic U21
2002– Czech Republic 81 (0)
* Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 01:54, 16 May 2011 (UTC).

† Appearances (Goals).

‡ National team caps and goals correct as of 08:33, 12 April 2011 (UTC)


Petr Cech yaiku pemain bal kang main ning posisi kiper.[1] Petr Čech lair ning Plzeň, Cekoslovakia pas tanggal 20 Mei 1982.[2] Dhuwur awake kira-kira 196 cm.[3] celukane sing liya yaiku Cechino atau Big Pete.[2] Deweke turut ngrewangi Chelsea FC ngintokke 2 gelar juara Liga Utama Inggris 2005 lan 2006, karo Piala Carling ning taun 2005.[2] Deweke uga dadi kiper utama ning timnas Republik Ceko. [2] Petr Cech mulai karir nang Chelsea saka kepelatihane Jose Mourinhi.[4]Petr Cech dituku saka klub Liga Perancis ning taun 2004 regane kira-kira 6 yuta Pounds, pertamane Petr Cech namung dadi kiper cadangan Carlo Cudicini namung soyo selot suwe deweke bisa nggeser posisine Carlo Cudicini saka ngisor mistar utama The London Blues.[2] Ning tanggal 5 Maret 2005, Čech isoh nyiptakke rekor anyar ning Premiership yaiku 1.025 menit ora kebobolan.[2] Namung catetan iku bisa ditugelke kiper Manchester United, Edwin van der Sar.[2] Petr Cech tau ngalami kahanan parah yaiku balung tengkorak kropok pas tabrakan karo Stephen Hunt, wektu Chelsea tanding karo klub Reading. [2] Ing 14 oktober 2006, kedadeyan kuwi anggawe deweke nganggo helm pelindung wektu chelsea tanding ning lapangan.[2] Kadadeyan kuwi ameh anggawe deweke kelangan nyawa ninggalke trauma abot marang dheweke.[2] Petr Cech nduweni bojo sing kewarganegaraane Ceko uga yaiku Martina Čechová, saka nikahe karo Martina Čechová nduweni loro anak yaiku Adela dan Damian.[2]

Bab lan Paragraf

[sunting] Petr Cech Dadi Pemain Paling Apik Ning Chelsea FC taun 2010-2011

Petr Cech nggabung karo Chelsea saka taun 2004 saka Rannes, saka kuwi Chelsea saingan karo tim-tim papan ndhuwur Liga Inggris kanggo ngrebut tatah juara.[5] Ora akeh kiper sing bisa ngintokke penghargaan kaya Petr Cech ning Chelsea FC utamane.[1]

[sunting] Prestasi

[sunting] Chelsea

[sunting] Internasional

  • Kajuaraan Bal-balan UEFA U21: 2002

[sunting] Individual

  • Panjaga Gawang Paling Apik Ligue 1: 2003–04
  • PFA Team of the Year: 2005
  • Penjaga Gawang Paling Apik ing Donya versi IFFHS: 2005, 2011
  • Barclays Golden Glove: 2004–05, 2009–10
  • FA Premier League Player of the Month: March 2007
  • Pemain Bal-balan Republik Ceko Paling Apik: 2005, 2008, 2009, 2010
  • Golden Ball (Czech): 2005, 2006, 2007, 2008,[6] 2010.
  • Penjaga Gawang Terbaik UEFA: 2005, 2007
  • UEFA Club Football Awards Best Goalkeeper:2003, 2005, 2007, 2008
  • ESM Team of the Year: 2004–05, 2005–06, 2006–07, 2007–08
  • World Football Challenge: 2009
  • Chelsea Player of the Year: 2010-2011
  • Chelsea Special Achievement Award: 2006-07 (Diwenehake karana kasil mari saka lara ing sirah jroning ngadepi (lawan) Reading Oktober 2006)

[sunting] Pranala jaba


[sunting] Cathetan suku

  1. a b www.transfermarkt.co.uk (diakses tanggal 8 Mei 2011)
  2. a b c d e f g h i j k www.bola.net (diakses tanggal 8 Mei cbvhh2011)
  3. www.bestsportspicture.com (diakses tanggal 8 Mei cbvhh2011)
  4. www.cfcnet.co.uk (diakses tanggal 8 Mei 2011)
  5. www.metrotvnews.com (diakses tanggal 8 Mei cbvhh2011)
  6. "Čech voted Czech player of the year", uefa.com, 2 Maret 2010.
Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Petr Cech ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Petr_Cech&oldid=670679"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès