Ronaldo
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Ronaldo Luis Nazário de Lima | ||
| Tanggal lair | 22 September 1976 (umur 36) | ||
| Papan lair | Bento Ribeiro, Rio de Janeiro, Brasil | ||
| Dhuwur | 1.83 m (6 ft 0 in) | ||
| Posisi pamain | Penyerang | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Corinthians | ||
| Karir remaja | |||
| 1990-91 1991-93 |
Social Ramos Club São Cristóvão |
||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps (Gls)† | |
| 1993-1994 1994-1996 1996-1997 1997-2002 2002-2007 2007-2009 2009- |
Cruzeiro PSV Eindhoven FC Barcelona Internazionale Real Madrid AC Milan Corinthians |
13 (12) 46 (42) 37 (34) 69 (49) 127 (83) 14 (7) |
|
| Tim nasional‡ | |||
| 1994–2008 | Brasil | 97 (62)[1] | |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 6 Juli 2007. † Appearances (Goals). |
|||
Ronaldo Luís Nazário de Lima (lair ing Bento Ribeiro, Brasil, 22 September 1976; umur 36 taun; limrahipun dipuncekak kanthi asma Ronaldo mawon) inggih menika salah setunggaling legendha pemain bal saking Brasil.[2] Biyasanipun Ronaldo main bal minangka penyerang.[2] Ronaldo gadhah julukan Il Fenômeno (Sang Fenomena). Ronaldo sampun pikantuk prestasi minangka pemain bal paling sae FIFA ingkang kathahipun ngantos tigang penghargaan.[2] Ronaldo sampun ping sekawan mbela Brasil ing Piala Dunia, lan ugi nate dados pencetak gol paling kathah ing Piala Dunia taun 2002.[2]
Bab lan Paragraf |
Lairipun Ronaldo [sunting]
Kados kathahipun pemain bal saking Brasil, Ronaldo lair wonten ing kondhisi mlarat. Piyambakipun ageng ing kota Bento Ribeiro lan main bal ing margi ingkang kumuh ing dhaerah asalipun. Piyambakipun ngantos boten saged tumbas sepatu bal kagem latian ing klub ingkang piyambakipun remeni Flamengo. Ananging bakatipun sampun ketingal dening legendha Brasil, Jairzinho ingkang mbekta Ronaldo nggabung ing klub bal Cruzeiro.
Kariripun Ronaldo [sunting]
Wekdal yuswanipun nembe 17 taun, Ronaldo kalebet salah satunggalipun pemain bal tim Samba Brasil ingkang juara Piala Dunia 1994 ing Amerika Serikat.[2] Ronaldo kalebet pemain bal saking Brasil ingkang sukses ing Eropa.[3] Piyambakipun sampun nate main ing klub bal-balan ing Eropa, kados Barcelona, Inter Milan, Real Madrid, lan AC Milan.[2] Klub ingkang pungkasan inggih menika Corinthians, Brasil.
Penghargaan [sunting]
- Pemain paling sae FIFA: 1996, 1997, 2002
- Pemain paling sae Eropa: 1997, 2002
- MVP UEFA Cup : 1998
- Piala Dunia FIFA
- 2002 Sepatu Emas - 8 gol
- 2002 - juara
- 1994 - juara
Cathetan suku [sunting]
- ^ "Player Page Profile - Ronaldo". fifaworldcup.yahoo.com. last update 1 Juli 2006. http://fifaworldcup.yahoo.com/06/en/w/player/92699_RONALDO.html.
- ^ a b c d e f (id)Kompas. (2011). Melepas Ronaldo. Jakarta: Kompas
- ^ (en)WATCH BRAZIL VS ROMANIA LIVE @ 1:50GMT(dipunundhuh tanggal 10 Juni 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi [sunting]
- (pt) (en) Situs resmi
- (en) Ronaldo Vidéo
- (en)(es)Ronaldo tribute site