Johan Cruijff

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Johan Cruijff
Johan Cruijff
Informasi pribadi
Jeneng pepak Hendrik Johannes Cruijff
Tanggal lair 25 April 1947 (umur 65)
Papan lair Amsterdam, Belanda
Dhuwur 1.80 m (5 ft 11 in)
Posisi pamain Gelandang Serang / Second striker
Karir remaja
1959–1964 Ajax
Karir senior*
Taun Tim Apps (Gls)
1964–1973
1973–1978
1979–1980
1980–1981
1981
1981–1983
1983–1984
Ajax
FC Barcelona
Los Angeles Aztecs
Washington Diplomats
Levante
Ajax
Feyenoord
Total
240 (190)
143 0(48)
027 0(16)
032 0(12)
010 00(2)
036 0(14)
033 0(11)
521 (293)
Tim nasional
1966–1978 Cithakan:Bendera belanda Belanda 048 0(33)
Manajer tim
19861988
19881996
Ajax
FC Barcelona
* Senior club appearances and goals counted for the domestic league only.
† Appearances (Goals).


Johan Cruijff (lair ing Amsterdam, Belanda, 25 April 1947; umur 65 taun; lair kanthi asma Hendrik Johannes Cruijff) inggih menika tilas pemain lan pelatih bal-balan saking negari Belanda.[1] Cruijff nate dados pemain Ajax lan FC Barcelona.[1] Panjenenganipun ugi dados salah satunggalipun pemain bal tim nasional Belanda ingkang dados juara kalih Piala Dunia 1974.[1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Karier klub

[sunting] Ajax Amsterdam

Cruyff (kiwa) kaliyan Roberto Perfumo ing Piala Dunia 1974

Cruyff mlebet klub Ajax Amsterdam nalika nembe yuswa sedasa taun. Panjenenganipun miwiti debut kagem Ajax nalika tanggal 15 November 1964 mungsuh Groningen.[1] Wonten ing debut menika Ajax kalah 3-1 lan Cruijff damel satunggal gol kagem Ajax.[1] Musim menika Ajax namung saged dados urutan kaping 13.[1] Setunggal musim salajengipun Cruijff nembe saged ngedalaken bakatipun lan Ajax saged dados juaranipun Cruijff damel 25 gol wonten ing 23 adu tandhing kaliyan Ajax nalika musim menika.[1] Wonten ing musim salajengipun Ajax ugi saged dados juara liga lan Cruijff dados top scorer kanthi gol cacah 33.[1] Musim kaping 3 Crujff saged angsal trofi liga lan dados pemain bal paling sae Belanda. Wonten ing musim ingkang sami, Ajax saged mlebet final Liga Champions ananging kalah 4-1 kaliyan AC Milan.[1] Ajax saged angsal trofi malih wonten ing musim liga 1969/1970, wonten ing musim menika Cruijff nggantos nomer pundhak ingkang wiwitanipun nomer 9 dipungantos nomer 14.[1] Ing musim salajengipun Cruijff damel peragaan bal-balan atraktif ingkang dipunnamini dening media kanthi nami Total Football.[1] dados juara Liga Champions ngalahaken Panathinaikos 2-0 ing final. Wonten ing kompetisi domestik Ajax saged angsal Liga Belanda.[1] Nalika musim gugur Ajax angsal Piala Interkontinental kanthi nelokaken wakil saking Amerika Latin, Independiente 1-1 lan 3-0. Cruyff angsal trofi Piala Super Eropa kanthi nelokaken Glasgow Rangers 3-1 lan 3-2.[1] Musim 1972/73 Ajax saged dados juara Liga Champion kagem kaping tiganipun sasampunipun nelokaken Juventus 1-0 ing final.[1] Nalika musim panas 1973 Cruyff dipuntransfer dening Barcelona kanthi regi 2 juta dollar.[1] Cruyff sampun nglebetaken 251 gol kagem klub Ajax wonten ing sedaya kompetisi.[1] Panjenenganipun ugi pikantuk gelar pemain bal paling sae sadonya nalika musim 1970/1971 lan 1972/1973.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p (en)Johan Cruyff-International Hall of Fame dipunundhuh tanggal 9 Juli 2011)
  2. (en)The Best x Players of the Century/All-Time dipunundhuh tanggal 9 Juli 2011)


[sunting] Pranala Njawi

(en) Johan Cruyff-International Hall of Fame


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Johan_Cruijff&oldid=666941"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès