Menyang kontèn

Wong Jawa Suriname

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
     

Jawa Suriname
ꦮꦺꦴꦁꦗꦮꦯꦸꦫꦶꦤꦩꦼ  (Jawa)
وَوڠ جاوا سورينامٓ (Pégon)
Wong Jåwå Suriname (Latin)
Javaanse Surinamers (Walanda)
Wayang Kulit dipagelaraké déning Wong Jawa Suriname
Gunggung cacah jiwa
kira-kira 80.000 (2021)[1]
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Paramaribo: 23.670 (10%) · Wanica: 21.175 (18%) · Commewijne: 14.829 (47%)
Basa
Agama
Sapérangan gedhé:
Islam Suni 67,0%
Sapérangan cilik:
Kristen 21,4%, Kajawèn 5,6%, Hindhu 1,2%, Ora maagama 2.8%, Liyane 0.8%, Ora dikamangerténi 1,2%
Golongan ètnik magepokan
Wong Jawa liyané (tuladhané wong Jawa Guyana Prancis)

Wong Jawa Suriname (Jawa: ꦮꦺꦴꦁꦗꦮꦯꦸꦫꦶꦤꦩꦼ) yaiku wong turunan Jawa Indhonésia sing manggon ing Suriname. Dhèwèké wis padha ana wiwit pungkasané abad kaping 19 nalika angkatan pisanan kapilih dadi buruh kontrak déning panjajah Walanda saka wekas Hindhia Walanda (saiki Indhonésia). Wong Jawa Suriname nyaturaké basa Jawa Karibia lan ora lancar abasa Indhonésia.

Sujarah

[besut | besut sumber]
Imigran Jawa saka Hindhia Walanda, gambar dijupuk antarané taun 1880 lan 1900.

Sawisé pambusekan pabudhakan, pakebonan ing Suriname mbutuhaké sumber narakarya anyar. Ing taun 1890, Masarakat Padagangan Walanda sing apangaribawa, paduwé pakebonan Mariënburg ing Suriname, nglakokaké dadar jajal kanggo narik buruh kontrak Jawa saka Hindhia Walanda. Nganti rikala iku, buruh kontrak Indhia saka Indhia Britania magawé ing pakebonan Suriname minangka pagawé lapangan lan pabrik. Ing 9 Agustus, wong Jawa pisanan teka ing Paramaribo. Dadar jajal kasebut dianggep kasil lan ing taun 1894 pamrèntah kolonial ngalih jupuk bubuhan ngrekrut buruh Jawa. Dhèwèké padha teka kanthi klumpuk cilik saka Hindhia Walanda menyang Walanda lan saka kana menyang Paramaribo. Pangangkudan imigran Jawa ditutugaké nganti taun 1914 (kajaba taun 1894) kanthi rong tahap liwat Amsterdam.

Tugu miélingi 100 taun (1890-1990) tekané wong Jawa ing Suriname. Sana Budaya, Paramaribo, Suriname.

Para pagawé kasebut asalé saka désa-désa ing sisih tengah lan wétané Jawa. Titik pamangkatan yaiku Batavia, Semarang, lan Tandjong Priok. Para buruh sing dirékrut lan kulawargané padha nganténi mangkaté dhèwèké ing sawijining dépo, papan padha dipriksa lan didhaptaraké, sarta papan padha nandhatangani kontrak.

Para imigran dirékrut kanggo magawé ing pakebonan. Kajabané klumpuk ing taun 1904, rikala 77 wong Jawa dirékrut kusus kanggo magawé ing Galer Sepur Kolonial. Wiwit Perang Donya I wong Jawa uga magawé ing Pasaharyan Boksit Suriname ing Moengo. Imigrasi ditutugaké nganti 13 Dhésèmber 1939. Pecahé Perang Donya II mungkasi skéma pamindhahan.

Padunung

[besut | besut sumber]

Saakèh 32.965 imigran Jawa lunga menyang Suriname. Ing taun 1954, 8.684 wong Jawa bali menyang Indhonésia, sedhengaké sisané tetep manggon ing Suriname. Panacah jiwa taun 1972 nyathet 57.688 wong Jawa ing Suriname, lan ing taun 2004 kacathet 71.879 wong. Saliyané iku, ing taun 2004 kacathet luwih saka 60.000 wong turunan campuran, kanthi cacah sing ora dikamangerténi yaiku turunan Jawa.

Agama Wong Jawa Suriname[2]      Islam Sunni (64.21%)     Kristen (14.46%)     Buda (5.59%)     Hindhu (1.23%)     Ora maagama (1.82%)     Ora dikamangerténi (9.27%)     Ora diwangsuli (0.13%)     Liyané (3.25%)

Dhiaspora

[besut | besut sumber]

Ing taun 1953, saklumpuk gedhé 300 kulawarga (1.200 wong), dipimpin déning Salikin Hardjo, bali menyang Indhonésia nganggo kapal Langkuasé Royal Rotterdam Lloyd. Dhèwèké padha arep netep ing Jawa utawa Lampung, nanging panjaluké ora disatujoni déning pamrèntah Indhonésia lan sawaliké padha dikirim menyang Sumatra Kulon. Dhèwèké padha ngadegaké désa Tongar, uga disebut Tongass ing Kabupatèn Pasaman, sisih lor Padang, ngresiki lahan lan mangun omah-omah anyar. Dhèwèké padha mbawur kanthi mulus karo masarakat Minangkebo. Pakawinan karo wong Minangkebo iku umum. Génerasi saiki ditembungaké luwih nganggep awaké dhèwè minangka wong Indhonésia tinimbang wong Suriname, nanging isih miyara ubungan karo kulawarga lan kanca-kanca ing Suriname lan Walanda, kadhangkala lelungan menyang nagara kasebut.

Ing taun 1970-an, 20.000-25.000 wong Jawa Suriname lunga menyang Walanda. Dhèwèké padha netep ing lan sakupengé kutha-kutha kaya ta Groningen, Amsterdam, Den Haag, Rotterdam, lan Zoetermeer. Dhèwèké padha mbawur kanthi apik ing masarakat Walanda, nanging mitahanaké jati dhiri Jawa liwat pakumpulan lan patemon sing dianakaké kanthi atata. Sapérangan gedhé isih duwé krabat ing Suriname lan ngirim dhuwit, lan kerep niliki Suriname.

Wong misuwur

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Indonesia Suriname To Enhance Economic And Socio Cultural Cooperation | Portal Kementerian Luar Negeri Republik Indonesia". kemlu.go.id. Dibukak ing 27-2-2022. {{cite web}}: Check date values in: |access-date= (pitulung)
  2. Aris Ananta, Evi Nurvidya Arifin, M Sairi Hasbullah, Nur Budi Handayani, Agus Pramono. Demography of Indonesia's Ethnicity. Singapore: ISEAS: Institute of Southeast Asian Studies, 2015. p. 270 (miturut data panacah jiwa ing taun 2010).
  • Bersselaar, van den, D., H. Ketelaars, 1991, De komst van contractarbeiders uit Azië: Hindoestanen en Javanen in Suriname, Leiden, ISBN 90-5292-037-0
  • Breunissen, K., 2001, Ik heb Suriname altijd liefgehad: het leven van de Javaan Salikin Hardjo, Leiden, ISBN 90-6718-183-8
  • Bruin, de, H., 1990, Javanen in Suriname, Paramaribo
  • Derveld, F.E.R., 1982, Politieke mobilisatie en integratie van de Javanen in Suriname : Tamanredjo en de Surinaamse nationale politiek, Groningen: Bouma's boekhandel, ook verschenen als proefschrift Leiden, ISBN 90-6088-078-1
  • Grasveld, Fons en Klaas Breunissen, 1990, Ik ben een Javaan uit Suriname, Hilversum: Stichting Ideële Filmprodukties, ISBN 90-900360-0-8
  • Hardjomohamed, R., 1998, Javanese female immigrants in the historiography of Suriname, Suriname
  • Hoefte, R., 1990, De betovering verbroken: de migratie van Javanen naar Suriname en het rapport-Van Vleuten (1909), Dordrecht, ISBN 90-6765-458-2
  • Hoefte, R., 1998, In place of slavery: a social history of British Indian and Javanese laborers in Suriname, Gainesville, ISBN 0-8130-1625-8
  • Jorna, E., 1985, "Naar een land van melk en honing?": Javaanse emigratie naar Suriname 1890-1917, Leiden, doctoraalscriptie
  • Kempen, M. van, 2003, 'Javanen'. In: Een geschiedenis van de Surinaamse literatuur. Breda: De Geus, pp. 197–209. (overzicht van de Surinaams-Javaanse orale literatuur)
  • Mangoenkarso, P.P., 2002, De eerste 94 Javanen op plantage Mariënburg in Suriname, Rijswijk
  • Mitrassing, F.E.M., 1990, Etnologische trilogie: Suriname: Creolen, Hindostanen, Javanen: gedenkschriften, Paramaribo
  • Mulder, K., 1987, Reserve-arbeid in een reserve-kolonie: immigratie en kolonisatie van de Javanen in Suriname 1890-1950, Rotterdam, doctoraalscriptie.
  • Six-Oliemuller, B.J.F.G., 1998, Aziaten vergeleken: Hindoestanen en Javanen in Suriname, 1870-1875, Leiden, doctoraalscriptie
  • Suparlan, P., 1995, The Javanese in Suriname: ethnicity in an ethnically plural society, Tempe
  • Vruggink, Hein i.s.m. John Sarmo, 2001, Surinaams-Javaans - Nederlands Woordenboek, KITLV Uitgeverij, Leiden, ISBN 90-6718-152-8
  • Waal Malefijt, de, A., 1963, The Javanese of Surinam, Assen
  • Waal Malefijt, de, A., 1960, The Javanese population of Surinam, Colombia
  • Wengen, van, G.D., 1975, The cultural inheritance of the Javanese in Surinam, Leiden, ISBN 90-04-04365-9
  • Winden, van der, Y., 1978, Javanen in Suriname: bibliografie van publicaties verschenen over de Javaanse bevolkingsgroep in Suriname, Den Haag
  • Villerius, S. E. (2019). Development of Surinamese Javanese: Language contact and change in a multilingual context (Ph.D. thesis). Radboud University. hdl:2066/199947. ISBN 978-94-6093-313-4.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Wong Suriname Cithakan:Dhiaspora Jawa Cithakan:Dhiaspora Indhonésia