Taman Sari Guwa Sunyaragi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Taman Sari Guwa Sunyaragi

Taman Sari Guwa Sunyaragi ya iku salah sawijiné paninggalan sujarah kang dumunung ing tengah-tengahing kutha Cirebon.[1] Taman Sari Guwa Sunyaragi kalebu ing laladan Kalurahan Sunyaragi, Kacamatan Kesambi, Kutha Cirebon lan mapan ing lemah kagungané Karaton Kasepuhan Cirebon.[1] Taman iki paninggalan saka Sultan Cirebon.[1] Miturut buku Purwaka Carabuna Nagari anggitané Pangéran Arya Carbon, Taman Sunyaragi diyasa ing taun 1703 M déning Pangeran Kararangen.[1] Pangeran Kararangen iku jeneng liya saka Pangéran Arya Carbon.[1] Déné ancas saka dibanguné taman ya iku didadèkaké papan ngaso lan mèdhitasi para Sultan Cirebon uga kabèh kulawargané.[1]

Taman Sari Guwa Sunyaragi kang asring diarani Guwa Sunyaragi iku taman kang duwé arsitèktur awujud guwa kang kasusun mèmper kaya wangun gunung.[2] Jeneng Sunyaragi iku asalé saka basa sansekerta, ya iku kadadéan saka tembung sunya kang tegesé sepi lan tembung ragi kang tegesé raga.[2] Dadi bisa ditegesi yèn sunyaragi iku raga kang sepi lan trep karo ancas dibanguné taman iki kang digunakaké déning para Sultan Cirebon uga kulawargané nglakoni mèdhitasi.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Ing abad kaping 15, Kraton Cirebon ngedegaké pasanggrahan kanggo ngajaraké agama Islam, uga kanggo nggulawentah fisik lan mental para murid.[3] Papan iku diarani Nur Giri Sapta Rengga kang dumunung ing bukit Amparan Jati kang uga kawentar kanthi aran Gunung Sembung.[3] Nanging, saka Ong Tien Nio (garwané Sunan Gunungjati), Sunan Gunungjati lan anak putuné séda banjur disarékaké ing kono, Nur Giri Sapta Rengga wis ora trep manèh dadi panggonan kanggo nggulawentah.[3] Nur Giri Sapta Rengga owah dadi saréan kulawarga kang saiki diarani Saréan Sunan Gunungjati.[3] Buyuté Sunan Gunungjati kang jenengé Pangeran Emas Zainul Arifin banjur kepéngin yasa pasanggrahan anyar.[3] Pangeran Emas Zainul Arifin rembugan karo Radèn Sepat saka Demak lan Pangeran Losari kanggo yasa pasanggrahan anyar iku.[3] Banjur diyasa taman kang diarani Taman Sari Guwa Sunyaragi. Pambangunan taman iki kapérang dadi telung pèriodhe.[3] Pèriodhe kang sapisan ya iku taun 1536 ing jaman jayané pamaréntahan Pangeran Emas Zainal Arifin.[3] Nalika iku kasil yasa Guwa Pengawal, Guwa Lawa, Guwa Peteng, Guwa Kelanggengan, lan Guwa Padhang Ati.[3] Pèriodhe kang kapindho ya iku ing jaman pamaréntahan Sultan Sepuh II Pangeran Jamalludin.[3] Adhiné Pangeran Arya Carbon Kararangen iku ngambakaké taman ing taun 1703 lan kasil yasa Guwa Arga Jumut, Mandhe Beling, lan Bale Kambang.[3] Déné pèriodhe kang katelu kadadèn ing jaman pamaréntahan Sultan Sepuh V Pangeran Syaifudin ing abad kaping 18.[3] kanthi pitulungan arsitèk saka Cina. Ing pèriodhe katelu iki diyasa Guwa Pandhe Kemasan, Guwa Simanyang, lan Bangsal Jinem.[3] Pambangunan ing pèriodhe kang katelu iki banjur ndadèkaké Taman Sari Guwa Sunyaragi nduwé fungsi loro.[3] Kajaba kanggo pasanggrahan uga kanggo papan kang bisa dipadhakaké karo bètèng.[3]

Komplèks Taman[besut | besut sumber]

Gapura ngarep Taman Sari Guwa Sunyaragi kang dhapuré kaya gapura ing Candhi Bentar

Komplèks Taman Sari Guwa Sunyaragi kapérang dadi rong pérangan, ya iku pasanggrahan lan yasan guwa.[3] Pérangan pasanggrahan dijangkepi karo èmpèr, senthong, panggonan kanggo adus, ruwang kanggo rias, ruwang kanggo ngibadah, lan diubengi taman kang ana kolamé.[3] Yasan guwa dhapuré kaya gunung, dijangkepi trowongan kang ngubungaké ngisor lemah karo saluran banyu.[3] Pérangan njaba komplèks taman dhapuré kaya watu karang lan méga.[3] Lawang gerbang pérangan njaba dhapuré kaya gapura ing Candhi Bentar lan lawang njeroné dhapuré paduraksa.[3] Babon saka kabèh guwa ing Taman Sari Guwa Sunyaragi diarani Guwa Peteng kang kanggo semèdi.[3] Saliyané iku, ana Guwa Pandhe Kemasan kang mung kanggo bengkel makarya panggawéan gegaman uga kanggo panggonan nyimpen gegamané.[3] Sangu lan panganan prajurit disimpen ing Guwa Pawon, déné Guwa Pengawal kang ana ing pérangan ngisor kanggo panggonan jaga para pengawal.[3] Nalika Sultan nampa dhawuh kanggo mufakat, migunakaké Bangsal Jinem. Nanging, nalika Sultan ngaso mapan ing Mande Beling.[3] Déné Guwa Padhang Ati mirunggan kanggo tapa para sultan.[3]

Guwa lan Gunané[besut | besut sumber]

Taman Sari Guwa Sunyaragi kawangun saka 12 pérangan,[4] ya iku:

  1. Bangsal Jinem, panggonan sultan mènèhi wéjangan uga ndelok prajurit kang lagi gladhèn.[4]
  2. Guwa Pengawal, panggonan kanggo para pengawal sultan padha ngumpul.[4]
  3. Mandhé Kemasan[4]
  4. Guwa Pandekemasang, panggonan nggawé gegaman.[4]
  5. Guwa Simanyang, panggonan kanggo jaga.[4]
  6. Guwa Langse, panggonan kanggo ngaso.[4]
  7. Guwa Peteng, panggonan kanggo nyepi.[4]
  8. Guwa Arga Jumud, panggonan kanggo wong wigati kraton.[4]
  9. Guwa Padang Ati, kanggo semèdi.[4]
  10. Guwa Kelanggengan, kanggo semèdi supaya jabatané langgeng.[4]
  11. Guwa Lawa, panggonan mirunggan kanggo lawa.[4]
  12. Guwa Pawon, pawon kanggo nyimpen panganan.[4]

Taman-Taman[besut | besut sumber]

Taman Sari Arga Jumut, salah sawijiné taman ing Taman Sari Guwa Sunyaragi

Kajaba guwa, ing Taman Sari Guwa Sunyaragi uga ana taman-taman kang dipracaya dadi taman-taman kang éndah banget rikala jamané biyèn.[1] Éndah amarga ditilik saka petilasané, kasusun tumata banget lan ngemot swasana romantis, tarbuka, uga bisa ndeleng langit kanthi luwar.[1] Taman-taman iku uga dijangkepi papan kanggo lungguh kang kagawé saka watu minangka papan kanggo lèyèh-lèyèh.[1] Taman-taman mau antarané Taman Bajenggi Obahing Bumi, Taman Puteri Bucu lan Perawan Sunti, uga Taman Kaputrèn.[1] Nanging, ana sawatara pérangan taman kang wis rusak malah ana kang wis ilang.[1] Kaya ta ing sisih lor taman sari, témboké wis padha nrathak.[1] Taman Bujengin Obahing Bumi ya iku taman kang uga diarani Taman Candrasengkala.[1] Taman iki nuduhaké angka taun 1529.[1]

Mitos[besut | besut sumber]

Jaré, ing salah sawijiné ruwang ing Guwa Sunyaragi bisa tembus nganti tekan Tiongkok lan Mekah nalika semèdi ing njeroné.[5] Déné ing Guwa Peteng ana patung siji kang diarani Patung Perawan Gauti kang dhapuré kaya wong wadon.[5] Jaré yèn ana perawan ndemèk patung iki bakal kangélan anggoné éntuk jodho.[5]

Pamugaran[besut | besut sumber]

Taman Sari Guwa Sunyaragi sawisé dipugar

Saka sawatara dhata panalitèn, konstruksi taman iki nuduhaké ciri kas.[4] Sawatara wektu mesthi ana éwah-éwahan wujud lan nuruti kepenginané sultan kang lagi mréntah.[4] Perkara iku uga ana gegayutané karo kagunan saka taman iki.[4] Sansaya suwé, Taman Sari Guwa Sunyaragi ndarbèni kagunan loro.[4] Ora mung kanggo pasanggrahan waé, nanging uga kanggo kagiyatan pulitik kang memungsuhan.[4] Lambang memungsuhan iku bisa katon ing jaman pamaréntahané Sultan Matangaji Tajul Arifin, taman iki didadèkaké panggonan nggawé gegaman lan dadi punjer gladhèn kaprajuritan kraton.[4] Mula ing jaman pamaréntahané Sultan Adiwijaya ing taun 1852, taman iki wiwit ngalami pamugaran sawisé diremuk déning nagara Walanda.[4]

Taman sari Guwa Sunyaragi kang diyasa taun 1703 M lan ambané 1,5 ha iki wis ngalami sawatara pamugaran.[1] Pamugaran sapisan ya iku nalika taun 1852 M nalika jaman pamaréntahan Sultan Syamsudin IV sawisé ana karusakan amarga diserang déning nagara Walanda taun 1787 M.[1] Déné pamugaran kang kapindho ya iku taun 1937-1938 déning pamaréntah Walanda kang dipasrahaké marang Krisjnan, sawijining punggawa Dhinas Kabudayan ing Semarang.[1] Dhèwéké mung nguwataké konstruksi asliné kanthi nambahi cagak-cagak utawa pilar bata kanggo penguwat, mligi ing pérangan payon kang mlengkung.[4] Nanging, trakadhang dhèwèké ngilangaké wujud asliné yèn dianggep mbebayani kanggo kabèh yasan.[4] kaya kang katon ing Guwa Pengawal lan pérangan kiwa-tengen antarané gedhong Jinem lan Mandhe Beling.[4] Pamugaran kang pungkasan ditindakaké déning Direktorat Perlindungan dan Pembinaan Sajarah dan Purbakala, Direktorat Jenderal Kebudayaan ing jaman Orde Baru, kang mugar Taman Sari Guwa Sunyaragi kanthi rata lan ing kabèh pérangan.[6] Saka iku wis ora ana manèh kagiyatan kanggo ngreksa situs iki kanthi tenanan.[6]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q Gua Sunyaragi(diundhuh 21 November 2012)
  2. a b c Tamansari Sunyaragi yang dilupakan zaman(diundhuh 21 November 2012)
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y Makalah Tamansari Gua Sunyaragi
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w Gua Sunyaragi Cirebon, Rangkaian Sejarah Masa Lalu(diundhuh 23 November 2012)
  5. a b c Tamansari Gua Sunyaragi(diundhuh 23 November 2012)
  6. a b Taman Sari Gua Sunyaragi Peninggalan Sultan Cirebon(diundhuh 23 November 2012)