Témpé Jawa Tengah
Témpé menika salah satunggiling panganan asli saking Indonésia lan sampun dipun mangertosi masarakat Indonésia wiwit taun 1600-an, utaminipun wonten tatanan budaya dhedharan masarakata Jawi (paling kathah ing Yogyakarta lan Surakarta). Sejarah témpé sampun dipun cariyosaken wonten ing naskah Serat Centhini (Jilid 3 , 4, 5, 6, 10, 11, lan 12) kanthi latar Jawi abad enem belas. Ing Serat Centhini témpé saged dipun damel manéka warni masakan kados ta: jae santen témpé (satunggiling jinis masakan témpé ngagen santen klapa), kedhele témpé srundengan. Miturut panyeratan sejarah, témpé ing wiwitan dipunproduksi saking dhélé cemeng panènanipun tiyang dhusun tradhisional Jawi. Kedhélé menika dipun ngrembakakaken ing wilayah Kraton Mataram, Jawa Tengah, sakderengipun abad enem belas.
Témpé saestunipun sanès panganan umum amargi témpé menika nggadhahi nilai budaya ingkang inggil tumrap bangsa Indonésia. Amargi menika, témpé minangka panganan warisan sejarah panci kedah dipun lestantunaken.
Amargi témpé dipun damel saking kedhélé mila témpé nggantang gizi lan protein ingkang sae kanggé kesehatan lan reginipun langkung mirah katimbang tigan utawi daging ayam.
Saya dangu témpé saya misuwur mboten naming wonten Indonésia nanging ugi manca nagari mila pamaréntah ngajokaken dhateng UNESCO supados témpé dipunakèni mingangka Intangible Cultural Heritage of Humanity kangge njagi lan njamin pengurmatan dhateng warisan budaya sanès barang sarta mindhakaken kesadaran masarakat lokal, nasional, regional, lan internasional gegayutan pentingipun témpé lan manfaatipun kanggé kesehatan.
Olahan
[besut | besut sumber]Wonten sekedhikipun 10 panganan tradhisional Indonesia saking olahan témpé, inggih menika:
- Témpé Pényet
Cara ndamelipun: dipun gorèng lajeng dipun pényet nganggé uleg-uleg ingkang bibar dinggé damel sambel. Témpé pényet ugi dipun mangertosi kanthi nama sambel témpé amargi nalika dicampuraken, témpé sampun pényet lan nyampur dados setunggal kaliyan sambel saénggo nyiptakaken raos khas lan damel ketagian.
Jinis sambel ingkang biyasa dipun ginakaken inggih menika sambel bawang (lombok, bawang, sarem).
- Témpé Orèk/Kering
Témpé orèk utawi orèk témpé utawi témpé kering menika wonten kalih jinis: témpé orèk garing lan témpé orèk teles.
Témpé orèk garing dipunmasak ngginakaken gendis jawi ngantos kemremyes nalika dipun dhahar. Déné témpé orèk teles dipunmasak ngginakaken toya sekedhik.
- Témpé Mendoan
Témpé mendoan menika misuwur sanget mboten naming wonting Jawa Tengah nanging ugi wonten saindenging pulau Jawi, mila mboten nggumun menawi kathah jinis tepung ingkang dipundamel kanggé damel témpé mendoan.
Témpé mendoan didamel saking témpé ingkang dipunbalur gandum lan glepung beras supados saged ngasilaken témpé mendoan ingkang tekstur lan raosipun pas eca. Témpé mendoan mboten dipun goreng ngantos garing supados mboten kemlingkingen. Témpé mendoan cocog sanget menawi dipundhahar sinambi nyeplus lombok, didhahar kaliyan sekul bandeng, dipun cocol wonten sambel kecap, utawi dipun bakar kanthi dipun baluri kecap.
- Semur Tempe
Semur témpé didamel nganggé rempah-rempah saénggo ngasilaken aroma lan raos rempah ingkang mantep. Masakan menika ngangge kecap mila raosipun manis nanging tetep sedhep. Cariyosipun masakan menika didamel niru masakan khas Betawi ingkang biyasa nganggé kecap ingkang kathah.
- Sambal Tumpang
Sambal tumpang asring dipun panggihi wonten ing Kadhiri, Jawa Wétan lan biyasanipun dados masakan ingkang dipundhahar kaliyan sekul pecel khas Kadhiri.
Sambal tumpang didamel saking témpé ingkang sampun geseng (kematengen nanging dereng ngantos bosok). Témpé menika dipun uleg kalih lombok rawit, lombok abrit, laos, brambang, bawang, ron salam, sarem, lan gendhis. Ingkang ndamel sambal tumpang saya mantep lan gurih inggih menika dipun siram santen lan lisah gorèng panas.
- Tempe Kripik
Témpé kripik minangka klethikan kathah dipun panggihaken wonten ing wilayah-wilayah Jawè Wétan, contohipun kitha Malang. Langkung-langkung kitha menika nggadhahi kampung ingkah dipun piji dados séntra produksi témpé kripik ingkang dipun sadé kanggé olèh-olèh wisatawan ingkang tindak dhateng Malang. Kampung sèntra tèmpè kripik menika namanipun Kampung Sanan. Tèmpè kripik ing mriki nggadhahi raos ingkang maneka warni lan mirah-mirah.
- Témpé godo
Témpé godo menika panganan khas saking Gresik. Témpé godo menika mirip kaliyan témpé mendoan utawi témpé glepung sanèsipun, béntenipun témpé godo menika dipun cawisaken kaliyan sambel petis khas Jawa Wetan.
Témpé godo didamel srana nyelupaken témpé wonten ing adonan glepung kaliyan rempah-rempah lajeng dipun gorèng wonten lisah panas. Témpé gado saged dipun gado utawi dinggé lawuh sekul anget.
- Témpé Mendol
Témpé Mendol menika inggih salah satunggiling panganan khas Malang kejawi témpé kripik. Témpé mendol biyasanipun dados cemilan utawi lawuh sekul anget.
Témpé Mendol didamel saking témpé dipun deplok ngantos alus lajeng diparingi bumbu lan didamel lonjong sakepelan astha. Sasampunipun niku, témpé alus lonjong niki dikèndelaken 1 ngantos 2 jam, lajeng dipungorèng ngantos mateng. Témpé mendol nggadhahi raos gurih sedhep amargi rempah khasipun. Témpé mendol langkung eca menawi dipun tambahi lombok rawit.
- Bacem Témpé
Bacem témpé misuwur sanget wonten ing Jawa Tengah lan Yogyakarta. Tempe Bacem menika panganan ingkang paling diremeni masarakat.
Bacem témpé didamel saking témpé mawi bumbu kecap, brambang, bawang, laos, ron salam. Bacem témpé nggadhahi raos gurih lan sedhep. Bacem témpé eca menawi dipundhahar nalika tesih teles bibar dipunkukus utawi sampun garing bibar dipungorèng. Ingkang remen bebakaran, bacem témpé ugi eca didhahar bibar dipunbakar.
- Bothok Témpé
Bothok témpé menika asalipun saking Jawa Wetan lan kathah dipun panggihi wonten ing kitha Gresik, Pasuruan, Mojokerto, lan sapiturutipun.
Bothok témpé didamel saking témpé ingkang dipun uleg lajeng dicampur kelapa enèm, merica, sarem, lombok, lan ron salam lajeng dipun bungkus nganggé ron pisang lajeng dipunkukus.
Rujukan
[besut | besut sumber]- Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.